Babagan Krama lan Ngoko

Tumrape wong neneka utawa warga perangan njaban Jawa, basa krama isih kaanggep dadi basane para priyagung, mligine saperangan alit bangsa Jawa kang ana sajroning karaton. Basa ngoko kang katone kasar, dikira mligi darbeke para kawula alit.

Mula wus ora gawe kaget, saben aku matur nganggo basa krama marang priyayi kang luwih sepuh utawa kang pantes diajeni, siji-loro kanca padha alok, menawa aku wus dadi korbane feodalisme Jawa. Apa maneh para kanca kang keblasuk dening wacan utawa karasukan kilenisme utawa korban Westernisasi.

Mula, kanggoku uga wus dudu barang aneh yen ana sasar-susur, keliru ing panampi lan sapanunggalane sabab wong mangkono mau nyatane uga luwih seneng lan kulina kemlanda-landa. Dudu bab nyandhang, ananging luwih ana patrap, polah lan trekahe.

Wong mangkono mau, mesthine bakal kaget menawa pinuju ana ing Sala sauntara wektu, nemoni kahanan kang beda. Apa maneh yen wong-wong kuwi nembe piknik utawa mlebu karaton, banjur keprungu basane para gusti lan pangeran kang ngemu pisuhan.

Kosok balene, ing ndalan, utamane ing papan-papan wedangan, keprungu wong kang ngendikane alus, basane mlipit. Kamangka, yen nitik saka nyandhang panganggone kang sakepenake dhewe kanthi pasuryan abang mbranang lan ngendikan rada pelo, bisa dikira-kira yen wong mau kalebu wong mursal, ndugal. Bisa uga malah gali utawa preman kang nembe ngrasaake kepenake mendem ciu literan.

Perlu dimangerteni panjenengan sadaya, para gali utawa ‘wong bengi’ kang mangkono iku, biasane luwih duwe suba-sita lan unggah-ungguh kang jangkep marang liyan (waton mendeme ora kliwat dhuwur). Ana tetembungan, gali kang omongane kasar, seneng daksiya, biasane kalebu gali ndhek-ndhekan, ceng ceng po utawa embyeh-embyeh. Muna-muni kasar mung kanggo nutupi jirihe, supaya wong liya wus gigrig dhisik nyawang wujud lan pocapane.

Ewa dene para gusti lan pangeran, seneng ngendikan kasar amarga kulina nyawang lan nganggep wong liya iku mung kawula, mula kudu nyembah lan atur pakurmatan kang dhuwure ngungkuli dununge manggar.

Mula, ora gampang mbiji wong Jawa. Yen ngelmu srawunge durung cukup, bakal kablusuk-blusuk dhewe. Kahanan wus akeh kang owah, mula kita samya kurang tuladha.
 

Related posts:

  1. Crita Babagan Babu
  2. Sandhal, Babut lan Kiai
  3. Basa lan Rasa
  4. Nama Kinarya Japa
  5. Noordin M. Top Wis Mati!

5 Komentar
Beri Komentar »

  1. Dadi wong Jowo ternyata angel yo

  2. huahahahaa….suwiii ra krungu ceng ceng po :lol:

    aduh, gara2 ini kok dadi kelingan pas neng cepu. cepu lho, cepuuu. ditekoni karo bapak2 karyawan pabrik, “kondur, mbak?”
    lha tak jawab, “injih.”
    sesoke ketemu, digeguyu. aku yo bingung to, opo sing salah. jebule, kondur tidak sama dengan wangsul.
    dadi sing bener, aku musthi jawab, “injih, kulo wangsul, pak.”
    :(
    huah…

    trus nek nang omah, ket biyen mesthi ditegur nek didangu bapak/ibu/wong tuwo trus njawabe “inggih” sing bener “injih”

    halah….

    another opinion of bahasa jawa :
    http://restlessangel.wordpress.com/2007/10/21/bahasa-jawa-bahasa-yang-paling-gak-demokratis/

  3. neng omah, ket biyen, aku karo adi-adiku lan kakang-kakangku sarto mbakyuku yen omongan podho nganggo krama inggil. Termasuk yen padu! Hehehehehe, asyik, yo?! Tapi ono ponakanku lanang, umur 8 taun, yen karo aku ngoko. Padahal ibu-bopone karo aku krama inggil. Hehehehehe, kurangajar, yo?!

  4. Iki tegese padha wae yen mbukak alane wong Jawa.
    Kasunyatane, pancen wong kang praupane apik durung mesthi apik atine, kosok walike, kabeh wong kang ala rupane ora mesthi elek atine uga.

    Panjenengan pancen ngene, pakde. *ngacungake jempol*

  5. MASALAH BASA IKU RAK MANUT PAPAN PANGGONAN LAN KESEMPATAN. NEK CATURAN KARO KANCA SAK UMURAN YO ISO WAE NGOKO UTOWO NGANGGO BASA KROMO. KARO SING LUWIH SEPUH NGANGGO KROMO INGGIL. ANGGER AJA MBASAKNO KROMO INGGIL KANGGO AWAKE DEWE.

Leave Comment

CommentLuv Enabled