Nembe wae tilpun gegem-ku kaing-kaing. Ana celukan (panggilan) kaping telu, nomere beda-beda. Tapi aku yakin yen iku nomer kantore NdoroWicak, kang dodolane ukara, tembung lan gambar alias layang kabar kang aran Koran Tempo. Saliyane layang kabar, ana kana uga dadi papane para ‘kuli mangsi’ (gek jaman saiki apa ya ana wong kulak mangsi akehe nganti pirang-pirang bagor?) ana kamar warta utawa newsroom, kang mbiyawaraake warta liwat Tempo Interaktif.
“Wonten dhawuh, Ndoro….,” mangkono anggonku nyapa.
“Mas Purwaka, ini Dimas. Saya dapat nomor Mas dari Mas Tyo. Saya mau ngobrol tentang blog bahasa Jawa,” Dimas njawab kanthi lanyah.
Aku rada isin. Sok tahu, ngira yen sing tilpun iku NdoroWicak, jebul Dimas Adityo. Anane mbedhek kaya mangkono jalaran aku nembe wae ngunggahake unen-unen ana ing plurk, babagan posting anyarku, kang ndilalah uga banjur ditanggapi dening NdoroWicak tukang nggrawut kang nakil buanget iku.
Ya wis, sabanjure aku akeh caturan ngalor-ngidul ora karuan. Wosing gati, Dimas takon marang aku, apa perlun lan paedahe gawe blog basa Jawa. Jawabku ya mung sakenane. Aku matur dene anane gawe blog basa Jawa karana prihatin, ing jaman samangke akeh para mudha taruna kang ora bisa nulis tembung Jawa kanthi bener lan pener.
Nulis wis (tegese: sudah) kang kudune wus wae kerep kliru tinulis wes (miturut guru lagu). Tembung wis pancen kinucap wes (kaya dene e ana ukara kere). Kang gawe rasaku rada sengkring adate layang cendhakana tilpun gegem utawa kang kawentar kanthi sebutan SMS.
Kang wis genah, nampa tilpun-e Dimas, aku tambah bungah. Jebul ana kang nggatekake utawa ngapresiasi. (Matur nuwun ingkang kathah saha saking salebet-lebetipun manah dumateng panjenenganipun Dimas ugi Paman Tyo utawi Kangjeng Trembelane ingkang sampun kersa midhangetaken ebah-ewahipun jagad Jawi).
Muga-muga, blog basa Jawa tambah ngrembaka. Saengga, basa lan kabudayan Jawa bisa jinaga dening kabudayan manca. Obah ora kudu owah. Bakune lumrah lan sansaya nggenah lan prenah. (Ora kaya NdodoWicak kang polahe ora genah karana ngugemi gegondhelan kang ora pener: obah mamah, mingset nggeget lan sapanunggalane. Eling, Ndoro…. eliiingggggggggg…. Urip iku mung sepisan)
Wah, aku tambah kondhang yen sida dibiyawaraake dening Koran Tempo. Etung-etung magang dari blogger seleb, nginthil NdoroWicak lan PamanTyo. Nuwun ya, Mas…
Related posts:






Mas Purwaka, Mas Purwoko, Mas Poerwaka, utowo Mas Poerwoko, sing bener sing endi kuwi? (Sing bener yo Mas mBois wae!)
Mas Purwoceng…arep diwawancarai koran sak engkrak kae nek mung sekedar nggo bahan berita sedino trus bar kuwi dadi buntel kacang godog yo podo wae, Kang luwih prayoga yaiku nguri2 boso jowo iki nang urip sabendinone, tulodho…sesok yen panjenengan diparingi putro sebisoo diajari nganggo boso Jowo, komplit tekan unggah-ungguhe… lha ponakanku ki wong bapak-ibune yo podo2 lairan Wates Kulon Progo Yogyakarta kok yo nang omah bosone boso Indonesia, rak yo sajak kemaki, kemlinthi tur njelehi to nek ngono kuwi…
welah.. kulo wau nggih ditilpun kaliyan tiyang Tempo.. ngalamat nyalon, eh nyalep, eh nyeleb iki..
*sisiran*
aku ki mung sakdermo ngewangi ingon-ingonku sing paling adoh omahe supoyo tansah tambah mbois lan crungus. huahahaha…
Kados pundi punika kok sajakipun lajeng sami remen ngece Mas Blontank, kamangka Mas Blontank punika piyantunipun sae, entengan biyantu punapa kemawon…