LEREN nge-BLOG RUMIYIN
NYUWUN PANGAPUNTEN, KAWULA BADHE NGANGSU KAWRUH RUMIYIN,
NYUWUN PAMIT SAKING DONYA PANGE-BLOG-AN,
NGIRAS-NGIRUS NATA DIRI PRIBADI KAWULA
MUGI KAWULA ENGGAL SAGED nge-BLOG MALIH
SESAMBETAN MALIH KALIYAN PANJENENGAN SADAYA
KAWULA SUWUN, PANJENENGAN KERSA MARINGI
SESERAPAN, EGUH PRETIKEL DUMATENG KAWULA
SUPADOS LANGKUNG SAE ING TEMBENIPUN
NUWUN
(sampun kuciwa, wong kasunyatanipun kawula sanes punapa-punapa,
bebasan namung lare nglambrang ing Surakarta,
ingkang mboten wonten paedahipun)
Related posts:






Weh….ra nggenah iki, nembe wae akeh pandhemen, nembe wae diwertakake ing ariwarti lan kalawarti, lah kok malah nggeblas, mrei ngeblog….wooo…mase ki pancen menus tenan…..
Kegiatan offline mboten mandhek tho? Kapan wedangan?
di sini pamit, di sana pamit… waks.. met istirohat, pak..
nggih..nggih..
“Lho, badhé tindak pundi, punapa?”
[lelucon jayus basa Jawi]
—
Kok sajakipun panjenenganipun Gusti Pangeran Haryo Mbois bade mesu diri pati geni.
Whe lah, kangmase ki kepriwe to,
iki lagi ono pandemen anyar kok njenengane malah
jengkar seko blog.
Yo wis kang,
ojo suwe-suwe yo.
suwun.
“Lho, badhé tindak pundi, pripun?”
(melu-melu guyon bahasa jawa jayus)
monggo mas
Roaming, Pak Dhe
mugio kepanggih mali…