Nyegat Bis Jurusan Papua

Mbokmenawa, panjenengan kabèh durung ganep dadi Wong Sala utawa bisa diarani ngerti Sala, yèn durung tau ngerti wong jèntrèk- jèntrèk ngadhang bis jurusan Papua. Ora akèh-akèh banget, nanging penggemar bis kuwi popog waé cacahé. Diréwangi melèk nganti ésuk, wong-wong mau padha terus ngadhang, wedi yèn nganti ketinggalan. Yèn durung liwat, banjur padha mulih dhéwé-dhéwé lan dibalèni manèh ing dina-dina saterusé.

Dalan Abdulrachman Salèh pancèn ora sepira kondhang. Wong-wong Sala luwih seneng nyebut jeneng asliné, yaiku kampung Setabelan. Setabelan mangétan tumuju proliman mBanjarsari uga kawentar tumeka njaban kutha, ora liya uga jalaran akèhé wong-wong sing padha nyegat utawa ngadhang bis jurusan Papua. Mèh kabèh sing ngadhang iku para wanita. Racaké diwasa, sithik nemoni bocah sing isih cilik-cilik.

Embuh apa sing ndadèkaké kepincut lunga menyang Papua, nganti padha telatèn adhang-adhang. Kamangka, wong-wong Papua asli sing pancèn akèh sekolah ana ngaYogyakarta lan Salatiga, malah luwih seneng numpak kapal saka Tanjung Emas utawa Tanjung Perak. Sapérangan liyané malah wis padha milih numpak montor mabur.

Pancèn ana beneré, yèn ing Papua kana ana gunung emas sing ora mung nyugihaké keluargané PT Freeport nganti pitung turunan. Tentara lan pulisi Éndonésa sing melu njaga gunung uga kumanan sugihé, apa manèh jendral-jendralé. Aja manèh para penggedhé, tukang kosèk kali sing kanggo ngguwak lendhut gunungé Freeport waé isih bisa éntuk grèsèkan mas-masan sing aji limangatus ewu saben dina.

Nanging, wong-wong sing padha nyegat bis jurusan Papua mau ora pingin nyambut gawé ana Freeport. Saliyané akèh sing ora ngerti Freeport kuwi jinisé apa, wong-wong iku umumé ora duwé ijasah sekolah sing dhuwur. Umur uga wis padha ketuwan, tangèh bisa ditampa nyambut gawé ana kana.

Saben ditakoni arep ngapa menyang Papua, wong-wong mau ora ana sing gelem semaur. Racaké padha gèdhèg, banjur ngajak caturan liyané utawa gegojègan. Njaluk rokok wis dadi pakulinan sing lumrah. Kanggo nggampangaké srawung, jaréné.

Siji-loro sing gelem ngaku, jaré pinginé lunga menyang Papua iku mung saperlu luru bandha. Golèk dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga: tuku beras lan bumbon, uga nyekolahaké anak-anaké sing ragadé sansaya suwé sansaya larang. Ana sapérangan kepeksa nyambut gawé jalaran bojoné wis mati, ana sing alesan lanangé mlebu pakunjaran, nanging ya ora cèwèt sing blak-kotang pancèn seneng nyambut gawé sing jaréné pénak, nyenengaké lan ngasilaké.

Sing genah, ketlatènané wong-wong sing padha nunggu bis iku sing gawé gumuné wong akèh. Dina ganti dina, sasèn malah mataun-taun, tetep waé cacahé wong sing padha njgagakaké tekané bis mau.  Tur manèh, kabèh padha durung ngerti, nganggo AC lan orané bis iku. Banjur bakal pirang dina tekané Papua, uga ora digagas. Kamangka, numpak montor mabur waé bisa sedina sewengi suwéné, jalaran kudu lèrèn ngisi bahan bakar lan ngunggah-ngudhunaké penumpang ing pirang-pirang kutha sing diliwati. Lha yèn ngebis?!?

Dioyak rasa pingin ngerti, aku nyoba takon marang salah sawijiné wong wedok sing lagi lungguhan ana warung wedangan. Kudu diwanèk-wanèkaké tinimbang ora ngerti, mulané aku kudu krungu dhéwé saka critané wong-wong sing ana kana.

“Napa wonten bis jurusan Papua to, Bu?” pitakonku marang wong wadon sing umuré dakkira wis nyedhaki sèket.

“Bu! Wong kulit isih kenceng, rupané kaya ngéné kok diundang Bu. Mbok ngundangé mbak…. Mbak Éndang,” wangsulané kanthi kenès. Bullll……….! Peluk metu saka irung lan tutuké.

“Nyuwung pangapunten, Mbak… Pancèn wonten to, bis ingkang badhé mlampah dumugi Papua? Gèk kutah pundi Papuanipun?” ujarku.

“Mbiyak, Mas,” jawabé. Sansaya kemayu.

“Kok Mbiyak, to… Aja-aja Jayapura utawi Timika. Kutha Mbiyak niku mboten wonten,” aku ngèyèl. “Punapa ingkang dimaksud punika Biak, Bé.. I… A.. Ka..”

“Mbiyak, sanès Biak!” jawabé Bu, éh, Mbak Éndang.

Aku bingung. Sangertiku, ora ana kutha sing arané Mbiyak, nanging yèn Biak genah ana. Aku tambah ngerti yèn kutha iku ana sebabé nembé waé krungu, yèn salah sawijiné korban jigloké montor mabur Hèrculès ing Magetan wingi Panglimané Pangkalan Udara Sèktor Biak, almarhum Pak Harsono, priyayi Karangnongko, Klatèn.

“Mbiyak, Mas….Mbiyaaaakkkkkkkkkkkkk… Pripun, pingin mbiyak pripun. Mangga, mang mbiyak sayak kula! Mboten larang, kok,” ujaré Mbak Éndang.

Wooo…. Jebul tenan kandhané Pak Antok Yosoroto. Dhèwèké tau crita sing dakanggep guyon, wong-wong wédok sing nyegat bis jurusan Papua mau jebul duwé tujuan kutha sing padha: Mbiyak!

Mbiyak sayak jangkepé, kutha Mbiyak sasmitané. Bis ora teka ora dadi ngapa, sing penting ana siji-loro lanangan sing teka, ngancani kepet-kepet sinambi ngadhang tekané bis, bèn ora cengklungen, ora marakaké bosen. Sukur-sukur, ana sing ngajak mbukak kamar, bisa turon ora kétang mung sakjam-rong jam. Bisa éntuk sangu, kanggo tambahan jajan suk yèn wis sida munggah bis banjur mlaku menyang Papua.

Mulané, wong-wong wédok sing padha antri nyegat bis mau nyandhangé rata-rata mèh padha. Klambiné anti-sumuk, siji-loro malah mung nganggo kaos gondhil. Ana sing nganggo sayak, ana uga sing nganggo kathok dawa. Ambuné wangi-wangi sanajan lenga wanginé pasaran, ududé klepas-klepus ora nganggo lèrèn.

Related posts:

  1. Pasar Cilik
  2. Malik Donga
  3. Tukang Tulup
  4. Bang Yès, Oh No!
  5. Rai Surya
Tags: , , , , ,

4 Komentar
Beri Komentar »

  1. hahaha, kapusan aku. takpikir ana tenan bis jurusan solo – papua :D

  2. podo karo seng duwur

    istilahnya: idem
    /blt/

  3. wah wah, elok tenan kang tulisanmu iki, tak-share nang twitter yo.

    silakan saja, Mumu… seperti kata Gembul, aku memang waskita soal beginian. hehehe…..
    /blt/

  4. [...] This post was mentioned on Twitter by Mumu Aloha and Blontank Poer, Blontank Poer. Blontank Poer said: melacur pun perlu intensitas, konsistensi dan keyakinan. ini potret pelacuran di Solo http://bit.ly/aOuMbV (tapi maaf, berbahasa Jawa) [...]

Leave Comment

CommentLuv Enabled