Durung sawetara suwé, aku weruh gapura dhésa sing macak tulisan rada nganyelaké surasané. Ing gapura sing kiwa, ana tulisan Merdeka ing sangisoré gambar lintang cacah telu. Sing tengen, tulisané nyolok rasa: Kok Bingung?. Uga ana sangisoré lintang jèjèr telu. Ngemu karep apa, aku ora mudheng. Lintang, pancèn kudu ana ndhuwur panggonané.

Gapura Bingung
Begjané, tulisan kaya mangkono iku kapacak ana gapura ing jaman padhang. Saumpama Pak Harto isih kuwasa, Ketua RT Dhusun Kebonan, Dhésa Ngawèn, Klatèn, kuwi mesthi wis dhèdhèl dhuwèl. Sing nulis mlebu mbui, lan sing duwé ada-ada bisa dicidhuk lan dipidana sakabot-aboté. Cap Éka-Èki, èkstrém kanan utawa èkstrém kiri, NII utawa PKI mesthi ditèmplèkaké marang uripé salawasé. KTP-né uga bakal nganggo kode.
Nanging sanajan saiki wis klebu jaman padhang, padhangé ya mung isih ana tata lair utawa sarwa wantah. Aja manèh mung ngèlèk-èlèk utawa ngrasani kahanan, ngécé presidèné waé ora papa, waton ora ‘nyerang secara pribadi’. Anané gela kanggoné sing nulis tembung Merdeka Kok Bingung?, bisa uga disebabaké déning polahé pemimpin sing isih padha seneng congkrah lan gawé susah.
Mbokmenawa, warga dhésa kana pancèn wis kesuwèn ngampet kuciwa. Anyel jalaran barang-barang sarwa larang, angèl tetukon amarga rekasa golèk upa. Bisa uga, tulisan iku digawé déning kadang nom-noman sing rumangsa cukup dhuwur sekolahé, nanging kapinterané ora bisa dicakaké, amarga ora bisa nutugaké nyambut gawé. Kaya grafiti, corètan dinding ungkapan isi hati dan rasa!
Protès? Bisa waé disebut mangkono. Apa manèh yèn ngèlingi tulisan iku dianggit ana gapura dhésa, pas kanggo pèngetan dina kamardikan Éndonésa sing kaping-63, taun 2008. Protès kapacak kanthi terang-terangan, ora nganggo tèdhèng aling-aling. Tegesé, setaun bethethet ditujokaké marang pamaréntahé.
Saumpama setaun sing wis kelakon ora ana owah-owahan kang bisa dirasakaké déning warga dhésa iku, mbokmenawa tulisan kuwi bakal luwih suwé manèh kapacak. Utawa, yèn perlu malah ditambah tulisan-tulisan liyané, sing luwih nylekit lan bisa dadi gaman kanggo ngélingaké pemimpiné.
Ngetokaké uneg-uneg bisa awujud apa waé, kapan waé lan ana ngendi waé.
Nanging kapan ana owah-owahan kahanan? Wong yèn digatèkaké, ditlesih lan dipétani, polahé wong-wong sing rumangsa duwé panguwasa padha duwé patrap padha: mblendhingaké wadhuké dhéwé, kanca lan seduluré. Carané, bisa awujud dum-duman proyèk lan sapanunggalané, bakuné bisa kanggo ngundhakaké cèlèngané. Ora pemerintahé, polahé para wakil rakyaté uga ora ana bédané.

Lintang Telu Marakaké Bingung
Mbokmenawa, ing tlatah liya uga ana warna-warna cara lan wujudé, kaya sing durung suwé iki daktemoni ana Kampung Tegal Kuniran, Sala. Warga kana ngrasani kahanan gègèran sewelas taun kepungkur, yaiku obong-obongan lan jarah-jarahan kanthi gawé reca kang dijenengi Reca Jaman Édan. Akèh sedulur keturunan China pada dadi korbané. Ana sing tumeka ing pati, ana sing dadi mlarat ngempet, lan uga ora kurang sing dadi édan.
Muga-muga, jaman kang arep kelakon dadi tambah genah, pernah lan luwih éndah.
Lintang telu, muga-muga ora dadi sasmita anané ‘jéndral-jéndral pèngsiunan’ sing durung narima kamangka wis suwé urip mulya banjur padha pethakilan, sikut-sikutan, lan ndandani negara didadèkaké alesan…..
Related posts:






lha yo bener kuwi tulisane,
pancene saiki wis jaman kamardikan nanging isih akeh sing njajah wae… dadine yo bingung ngono kuwi…
Pancen sing jenenge kasunyatan itu ora kudu wangun nek disawang, gurih nek disesep, mak klenyer nek diuntal. Iki wis jaman kamardikan, tumrape sampeyan. Durung mesthi mengkono tumrapku. Mengkono, kang?
bener. sarujuk. ayo ngisi kamardhikan kanthi temen lan tekun. nuwun
/blt/
Wis sak mesthine yen saiki kudu kritis. Jarene wis jaman kamardhikan lan malah ana istilah reformasi barang, dadi yen sak iki kaya ngono wae diedhel-edhel dening pamarintah, ateges wis cunthel anggone mikir…dadi bingung kaya mau….
mangga, kita berjuang liwat awake dhewe lan tangga teparo luwih dhisik. muga-muga kasil
/blt/
wah apik pak dhe.. jowo kabeh ki tulisan e
matur nuwun awit pangalembanane…
/blt/
saiki sing penting nglakoni urip iki kanti temen, ngibadah supoyo diparingi dalan sing padang, lurus. wis biasa tho uwong podo ngumbar janji kareben dipilih, nanging yen wis kepilih njur wis lali marang janjine… mulo uwong podo bingung, opo tho merdiko iku…!!!???
sarujuk, kangmas
/blt/
ayo sedulur-sedulur diwiwiti karo awakke dhewe dhisik…yen atine dhewe wis nganggep korupsi, kolusi lan nepotisme kuwi patrap kang ora becik lan ora bakal nindake patrap sing koyo mengkono kuwi mugo-mugo biso nulari kanca kiwo tengene dhewe luwih becik maneh biso nulari bapak-bapak sing lagi lenggah ana ing pamarentahan….mugi-mugi apa sing jenenge “Clean Government” iso dadi kasunyatan….Resik rakyate..resik pamarentahane…..maturnuwun
sumangga. kula ndherek panjenengan. pemanggih ingkang sae lan kula amini…
/blt/
he he he, mboten sah bingung mas, mba, bude, pade….menawi panjenengan sedoyo gadhah ketrampilan lan sregep nyambut damel sarto ulet…..meniko wonten ing kalimantan teksih kathah lahan garapan sing dereng dipun upoyo kanthi maksimal. monggo sami mbangun daerah ing sakjabineng pulau jawi…. taksih kathah sing mbetahaken tiyang2 ingkang sekti mandraguna lair batin…… ampun namung rewel mawon nggiiiih. (Setiadia-Kalbar)
matur nuwun, sampun dipun emutaken. salam kagem sedherek-sedherek wonten Kalbar
/blt/
ehm.. ehm…pancen pinter ,lucu, lan apik tenan uga ora bisa dipaido, ngendikane piyayi sepuh ndhisik yen bingung ndhodhog. gonge ditabuh, yen ora wani apa ora bisa ya, nggolek slamet ndhodhog sing gawe urip wae. Insya Allah ati lan pikiran tentrem.
maido niku nggih sae lho, mbakyu… bilih kersa, sumangga ndherek gabung Paguyuban Masyarakat Madani, ingkang pedamelanipun inggih madani sanesipun. hikhikhik…
/blt/
pancenne tulisan ana ing gapuro setahun lewat iku gawe wong podo bingung, bingunge kok yo wis setahun ora ono owah-owahan. Opo yo pancen koyo kuwi kahannan bathin enggo saikine …. ? Mestine piyantun wakile rakyat iku sing kudu anggatekno ……..
Semanten kewawon nggih sederek, samangke yen kokean ngomong ndah malah kedowo-dowo, marus kesuwun sederek sedoyo kemawon ….
hmmm….arep daktiliki maneh. muga-muga wis ana owah-owahan…
/blt/
nek konteks saiki yo pancen… bingung, wis merdeka kok diperingati terus-terusan, tur yo ming ngunu ae tok
sing penting, awake dhewe narima marang kahanan….. :p
/blt/
Kenapa bintange cacah telu, ora lima sisan? Terus kenapa wernane biru? Nek urusan semiotik ketoke takon Andrik wae, wekekekeke
cacah lima iku mung kanggo jenderal besar. tur, sing jenenge jenderal besar iku ya mung siji. liyane kanggo pantes-pantes thok…
/blt/
yaa ra sah bingung to mas, kabeh kuwi mung saka awak dhewe, ora susah njagake pemerintah nemen-nemen. yen pancen duwe kawruh dhuwur ya di cakke kawruhe. yen isih rumangsa dijajah kuwi sejatine sing njajah ya awake dhewe. merga awake dhewe isih kablenggu pangangen angen tanpa tumandang.
[...] batin komunalnya. Tulisannya mencolok pada kedua sisi gapura, yang jika dirangkai menjadi Merdeka Kok Bingung?. Foto kejadian itu saya unggah pada 1 Juni 2009. Tak sengaja, ternyata bertepatan dengan Kari [...]