Aja klèru ing pandakwa, irah-irahan tulisanku iki ora ana gegayutané karo pisuhan. Nanging, aku mung pingin crita, yèn udakara nem wulan kepungkur, aku ngobrol karo kanca, sarjana Sastra Jawa. Dhèwèké kandha, yèn wektu semana durung nemokaké saka ngendi mula bukané tembung ‘lonthé’ iku.
Kanca-kancané kanca sarjana mau, saben ditakoni malah padha éndha. “Wis ora usah caturan bab kuwi. Anggep waé iku pancèn tembung kang tegesé ngenani panggautan séwan awak,” mangkono jawabé.
Kancaku ora trima. Dhèwèké pingin nerusaké rembugan, babagan asal-usulé tembung iku mau. Gandhèng kancané ngèyèl lan éndha waé, dhèwèké banjur ngucap, “Yèn ora ngerti ya ora usah éndha!”
Aku bisa mangertèni lan mbeneraké omongané kancaku dhéwé. Sanajan mung iseng tinimbang nganggur, nggolèki asalé tembung mau bisa kanggo ‘senam polo’ alias olah raga otak, bèn ora énggal zoak! Ora ana salahé mèlu mikiraké, asal-usulé tembung mau.
Lonthé. Ya, lonthé pancèn tembung anèh. Padha déné anèhé tembung liyané, kayata bajingan. Nèng Sala, tembung bajingan lumrahé kanggo pisuhan. Embuh iku misuhi wong liya amarga digawé gela, utawa kanggo ngluari sumpegé ati lan sapanunggalané. Sanajan mangkono, kabèh wis padha ngerti (malah naté nglakoni?), yèn tembung lonthé uga kerep kanggo pisuhan.
Nanging, miturut kancaku kang Sarjana Sastra Jawa mau, KUAT DUGAAN, tembung lonthé kapundhut saka salah sawijiné aran anak kéwan. Kaya déne gudèl iku aran anak kebo, utawa kuthuk kanggo ngarani anak pitik, lsp. Sopo sing dadi ‘biyungé’ LONTHÉ, aku lan kancaku isih terus nggolèki nganti sepréné.
Kancaku yakin (mbolokin!), simboké lonthé iku mesthi jenisé wédok (betina) lan poliandri (lanangané akèh). Ayo, sapa sing pirsa, sapa sejatiné biyungé lonthé?
Cathetan: tulisan ing dhuwur wis ana owah-owahané, kanggo mbedakaké wektu daktulis jaman semana ing Facebook, 13 Mèi kepungkur lan ana kéné.
Jawabané bisa disimak ana Asalé Tembung LONTHÉ (2)
Related posts:






LONTE? lah moco tulisan kbeh ki suwi,memahami rodok angel. Diriku sbg jidat juga stju menawi LONTE ki bongso kewan wadon sing duwe lonthong akeh! Ora ono bedhane karo poro lacur
ketoke asale seko arane minyak anget… nek nggo cah cilik iku minyak telon… lah nek kanggo sing wis akil balik yo diwalik
wuuuuu…tiwas nyimak serius, jebulane postingan curhat tho….
rung nemu jawabane, wuuuu…
kan jd penasaran… :lo:
eh typo, maksut e
pakdhe, menawi sampun kepanggih jawabane, kulo diparingi ngertos nggih?
*eh diberitahu, kramane opo yo?*
[...] dalam menulis, mengeja dan memilih kata. Ia juga menyumbangkan pencerahan berupa asal-usul kata lonthé. Sama dengan Nursodik, yuniornya di UNS yang bernama Ichwan Prasetya juga menyampaikan banyak [...]
@ALL: sing wis tau maca ing Facebook-ku mesthi ngerti. Jawaban bakal dakposting sesuk-sesuk wae. Sing penting, kaya mangkene iki sing diarani ilmu, mula ayo padha disinau. aja mung kleru panampa… Saklebatan, ranase kaya rusuh, ngomong ora becik…. Kamangka, tembung iku ana lan cetha asal-usule…………… horeee!!!
tambang bingung, ya? sumangga, padha sinau wae…
Oalah.. Mekaten toh? Menawi kulo padosi neng pepak mboten wonten
anu dhe… dados ingkang marai rusuh niku sinten nggih?
wah, nyumanggakaken, Den Ayu. kula mboten mangertos niku… cobi tanglet suket jejogedan…… (maksude: rumput yang bergoyang. xixixixixxx…)
/blt/
Bajingan kuwi arane supir grobag.
Lha nek Lonthe kuwi arane permen karet…
hahahhahahaaaa
sangertiku, sopir grobag iku arané wajingan. dudu bajingan…..
/blt/
Lonthe kok ora nganggo Lon****
poso-poso ngene yo disensor kang
hahahahaha…
cuh..
komenku ilang..
komeng sing endi, Kang?
/blt/
Itu LON*E yang ditulis, apakah sama pengertian nya dengan LON*e yang ku tw ?!
Wah kalo sama, aku jadi bingung….
“adem adem” aja de
wis ta, yèn arané lonthé, ya aja disebut nganggo tembung liyané. ora usah isin, sungkan lan ndhelikaké aksara. iki rembugan ilmiyah, mambu-mambu babagan ilmu.
tembung lonthé ora usah dianggep saru. béda karo yèn wis ditindakaké. yèn mangkono iku, nembé bisa sinebut tumindak saru, ora perlu ditiru (nanging ya aja padha disingkiri, sing tegesé diadohi). kenapa diarani lonthé, iku mujudaké tumindak kang ora becik, kan dijupuk saka sipaté si lonthé, yaiku anaké…… (apa hayo?!?)
coba, kita diskusi ana kéné. kira-kira, apa panemuné sampéyan?
/blt/
lonthe = son of a bitch?
bitch = female horse?
boleehh… sedang diinventarisir. jawabane aku wis ana kok, Kang Zam… btw, matur nuwun, blog-mu mlebu agregatormu. kinurmatan banget rasane……
/blt/
Lonthe…siang malam kurindu seperti FB…artinya LONtong saTHE, sing adol sedulur sing saka lor Suroboyo…
enak to?
/blt/
Dak kira menehi jawaban! EEEEEEEEEE…lha kok malah menehi cangkriman!
sabar ta, Yos… candhakane nembe dakcepakake, ki…
/blt/
[...] dari Mas Blonty van Mbois yang menggulirkan pertanyaan ini dan memberikan jawabannya di blognya dalam bahasa Jawa. Saya mencoba menerjemahkannya ke dalam [...]
[...] Bacutan saka tulisan Asalé Tembung LONTHÉ [...]
miturut kula dumadosipun tembung lonthe saking tembung kelon ye???