Dina iki, jangkep 265 taun umuré Kutha Sala. Wong sakutha padha ngadani pèngetan tanggap warsa. Pemerintahé mèngeti kanthi upacara nganggo adat Jawa. Sing kakung beskapan, sing putri ngagem busana Jawi sapengadeg: jarikan, kebayak lan rikmané disanggul sasak.
Dina iki uga, bakal dianakaké kirab Boyong Kedhaton, rékané napak tilas, éthok-éthok mènèhi gambaran pindhah-boyongané kulawarga kraton, saka Kartasura menyang Dhésa Sala ing tlatah Surakarta. Sadurungé, kraton trah Mataram Islam pancèn dumunung ana Kartasura, nanging kudu énggal dipindhahaké ana papan sing aman sawisé grombolan Sunan Kuning bisa ngraman lan kasil mbobol bètèng Kartasura.
Ngancik 265 taun umuré, wis ora kaya biyèn, Kutha Sala pancèn krasa sansaya katon tumata lan krasa tentrem. Wit-witané ngrembuyung ana sakiwa-tengené dalan-dalan ing tengah kutha. Paribasan wong saiki kangèlan maido marang éndahé kutha, utamané saploké Pak Joko Widodo utawa Jokowi jumeneng nata, mréntah kutha kang aran walikutha.

Sanajan nganggo busana warna béda, pegawé siji iki klebu priyayi pinunjul. Muda tur trengginas. (17 Pèbruari 2010)
Pancen kutha kudu katon resik lan éndah, supaya para priyayi sing tindak Sala bisa luwih betah. Mula, regedan kudu disingkiri, sing marakaké reged ya kudu disingkiraké. Sanajan mung bakul oprokan paribasané, nanging uga ora kena disepèlèkaké. Saumpama isih ana sing nganggep wong cilik kuwi paribasan mung regedan, sajaké bakal béda karep marang Pak Jokowi.
Miturut Pak Jokowi, wong cilik kudu dimulyakaké, diwènèhi papan kanggo golèk pangan. Kosok balèné, supaya adil, kabèh kudu gelem lan diajak nata kutha bebarengan. Wong cilik lan wong gedhé padha waé, butuh golèk pangan kanggo urip. Sing gedhé kudu bisa ngayomi sing cilik, lan sapanunggalané.
Ora ateges ngilangaké bekti lan pakaryané para walikutha sing jumeneng nata sadurungé Pak Joko Widodo, nanging kudu diakoni yèn saiki pancèn béda tenan. Wargané guyub lan rumangsa kudu gumrégah bebarengan nata kutha, jalaran padha naté ngalami urip mung dadi rakyat sing dipréntah, dudu wong sing sejatiné bisa meksa lan njaluk hak-é marang pemerintah.
Marang Pak Jokowi, sajaké rakyat malah isin nuntut hak jalaran padha ngrumangsani yèn walikutha sing siji iki luwih cekatan lan akèh athikan. Ngélingaké rakyat marang hak kanthi cara nuduhaké hak-hak lan kuwajibané rakyat. Contoné: para pedagang klithikan dicukupi haké kanggo golèk sandhang-pangan, nanging uga diélingaké kuwajibané supaya njaga tentremé kutha, mbayar pajek marang negara, lan sapanunggalané.
Tumrapé pada pedagang ing pasar-pasar tradhisional, Pak Jokowi ngelingaké kuwajibané supaya njaga pasar tetep resik, dagangan sarwa apik lan ngladèni wong tuku kanthi becik supaya mbésuké padha seneng balik, blanja manèh menyang pasar. Ijin kanggo mal lan pasar swalayan diwènèhaké supaya kutha munggah kelas lan pamoré, supaya ana modhal utawa investasi sing teka. Supaya pedagang cilik ora ditinggal wong blanja menyang pasar swalayan, banjur diiming-imingi kupon hadhiah saben gelem blanja menyang pasar tradhisional.
Crita-crita babagan investasi, aku naté wawancara ana sajroné mobil dhinesé Pak Jokowi. Wektu iku, setaun kepungkur, aku ngaturaké pitakonan. Mangkéné jangkepé lan cara ngokoné (asline basa alus campur basa Melayu):
Supaya Sala tambah maju, kuthané moncèr nanging rakyaté ora pating klèlèr jalaran bisa gampang anggoné padha golèk pangan, mesthiné mbutuhaké investasi sing ora sethithik. Kira-kira perlu pirang taun?
Jawabé Pak Jokowi rada dawa. Bakuné, yèn ana sing duwé modhal gedhé banjur ngedegaké rumah sakit internasional ana cedhak Mojosongo, umpamané, bakal gawé majuné wong-wong sing mapan ing sakiwa-tengené. Wis mesthiné, papan sing ramé bakal nuwuhaké gampangé golèk sandhang-pangan. Contoné, buka warung mangan lan sapanunggalané. Tukang bécak, sopir taksi lan liya-liyané uga bakal kecipratan rejekiné.

Pinggir Kali Anyar, Pedaringan sisih kidul digawé taman supaya bisa dadi papan reja lan bisa kanggo ngisis, dn sing sisih lor digawé tanggul semèn supaya bayuné ora nggogos. Sawangané ya dadi tambah padhang.
Saliyané kuwi, ana uga kawicaksanan sing katoné sepelé, nanging bakal gedhé banget pikolèhé. Kali Anyar lor Terminal Tirtonadi diresiki, banjur digawèkaké taman. Semono uga kali cedhak Kandang Sapi tumekané Pedaringan, dikeruk, diapikaké lan diwènèhi taman. Ngendikané Pak Jokowi:
Yèn kaliné resik, warga dadi gelem njaga supaya ora katon reged. Mula, kudu disadharaké, diajak malik omahé supaya madhep kali. Yèn kali disingkur, dungkuri, mesthi waé padha sakepénaké nguncalaké regedan menyang kali jalaran kali dianggep papan sing cocok kanggo ngèlèkaké regedan. Padha ora nggatèkaké yèn regedan lan uwuh njalari mampeté kali, tundhané bisa nyilakani, bisa ngendhek banyu banjur dadi banjir.
Aku mbacutaké pitakonan.
Kinten-kinten betah modhal pinten supados Sala tambah maju, lan pinten kinten-kinten bakal wonten investasi ingkang tinandur déning investor?

Pak Walikota Jokowi ngaturaké piagam penghargaan marang priyayi sing kaanggep wis majokaké donya olah raga ing Sala ing satengahé upacara pèngetan tanggap warsa Kutha Sala, Rebo, 17 Pebruari 2010.
Wektu kuwi, Pak Jokowi sumaur yèn kanggo mbangun kutha Sala dadi éndah kaya sing diimpèkaké panjenengané, kira-kira perlu wektu sepuluh taun. Sasuwéné kuwi, pemerintah kudu udu kira-kira Rp 650 milyat (ateges Rp 65 milyat saben taun). Nanging saka modhal semono kuwi bakal bisa nekakaké investasi nganti sangang trilyun rupiah akèhé.
Gandhèng butuh sepuluh taun kanggo mujudaké angen-angené, mula mèmper yèn saiki Pak Jokowi ancang-ancang njago manèh. Muga-muga, priyayi sing andhap asor nanging napas uripé padha karo wong cilik iku olèh palilah saka Gusti Sing Murbèng Dumadi. Muga-muga dadi, lan bisa slamet salawasé. Kaya sing wis padha dimangertèni, nyatané Pak Jokowi adoh saka gosip korupsi.
Wilujeng tanggap warsa Kuta Sala. Wilujeng nyalon malih, Pak Jokowi. Mugi-mugi saged mujudaken kersa panjenengan: nata kutha sesarengan warga kanthi sesanti Berseri Tanpa Korupsi.
Related posts:







wah selamat ulang tahun….
*adus siap2 nonton kirab.*
translate dong om
)
Semoga tren positif berlanjut. Jika ada seorang pemimpin yang all out untuk rakyat, para pejabat di bawahnya seharusnya malu kalau sampai tidak becus bekerja, apalagi menyimpang.
Amiinn…
/blt/
Cekake dudu sanak dudu kadang, nanging tetep sarujuk yen Pak Jokowi bakal maju maneh njago Pilkada 2010.
wakakakakakkkk….. aku njempoli sikapmu wae, Bu… jenengmu kok semi ngono, ta? semipotasium, maksudku :p
/blt/
Sampun sae. Tumrap kula, malah kepara sae sanget, mliginipun tumrap anggenipun milih “angle”, saha andharanipun ingkang runtut kanthi rumpaka basa ingkang “komunikatif”. Namung badhe nyuwun pirsa para dwija ingkang langkung pana, trepipun tembung punika “Tanggap Warsa” punapa “Ambal Warsa”? Makaten, matur nuwun.
kadosipun kok prayogi ambal warsa, nggih? kula ndherek ingkang kaprah. kesupen welingipun mbah nartosabdho….
/blt/
????????????????????web ????? ??????????????????
????????????????
??????????????????????????????????????????
?????????????????????????????????????????
instal font lan keyboard
http://sites.google.com/site/hanacarakan/font/Carakan-Anyar-Rev-01a.ttf
http://sites.google.com/site/hanacarakan/font/dukunov_rev-01a.rar