Ijo

Nyenengaké tenan critané Kang Romi Satria Wahono ana satengahé acara oprokan, éh Amprokan Blogger nèng mBekasi. Aku lan kanca-kanca tukang ngeb-blog saka pirang-pirang kutha sing padha kemruyuk, olèh piwulang lan ilmu akèh kang maédahi. Awaké lemu, seneng gawé guyu, nanging katon banget yèn sugih ilmu.

Sadurungé, dhèwèké crita yèn bingung kudu ngomong apa ana satengahé Amprokan Blogger. Panjaluké panitiya, Kang Romi kudu nggathukaké ijon-ijon marang donya blogging. Ijoné gudhangan genah énak, apa manèh yèn disambeli. Lha yèn sing dikarepaké babagan crita ijone Kutha mBekasi lumantar blog? Genah mumeté, ngremukaké polo!

mBekasi wis kebacut kondhang dadi kutha sing ruwet. Ambané pabrik sajak mung kacèk sithik karo sing dadi papan ngéyupé wong sing rong yuta akèhé. Lha yèn kaya mangkono, pira wit-witan kang bisa ditandur, sing bakalé bisa ngresiki hawa, kang reged jalaran peluk pabrik lan bleduk saka lurung akèhé ora karuwan.

Carané nggawé ijo royo-royo, sajaké ya bakal angèl temenan. Piyé bisa nandur wit pelem utawa blimbing kanggo éyup-éyup utawa bisa ngresiki hawa, yèn kanggo nandur kembang melati waé kudu ditandur ana po? Sing bisa dilakoni para blogger, ya mung kudu sregep ajak-ajak sedulur lan tangga teparo, sinambi bengok-bengok lumantar blog-é dhéwé-dhéwé.

Ah, mbuhlah. Kaya Kang Romi, aku waé yang bingung yèn kudu nulis babagan siji iki. Ora kana ora kéné padha waé, ora gampang njagakaké pemerintah tekun mbangun. Bupati utawa walikota sing apik bebudèné bakal ora paédah yèn para punggawa lan nayakané isih wagu-wagu. Bupati/walikota mung limang tahun utawa sepuluh tahun paling suwé. Dadi, sing perlu didandani, salah sawijiné ya para pegawé birokrasi iku.

Mas Romi isih mumet?

Related posts:

  1. Pasar Cilik
  2. Noordin M. Top Wis Mati!
  3. Matur Nuwun, Dik Roy
  4. Tombok Hèlm Jalaran nge-Blog
  5. Adhang-adhang
Tags: ,

8 Komentar
Beri Komentar »

  1. Saya judheg bareng dipiyak tenan underaning prekara. Sing wagu jebul ora mung andhahane bupati/walikota, nanging uga perangan bebrayan liyane sing kudune ngadeg jejeg lan gagah dadi cagak, jebul melu wagu dhoyong – merkengkong. Blak kotang kaya dene golonganing seniman, LSM, sarjana-sujana, lan sapanunggalane sangsaya suwe sangsaya akeh sing wagu. Mboyak gene, lah… tiwas judheg-puteg stres dhewe yen mikir njlimet…

  2. Podho karo aku Mas..
    Aku dadi moderator’e Mas Romi bingung blass..yo wes..ta’ teruske wae diskusine’..
    Ojo nesu’ yo Mas Poer :)

  3. Matur nuwun sanget penjenengan sampun rawuh wonten acara A|B 2010 hehehe kang kapan kopdar nang klitikan ?

  4. pakde blonthank, walo saya ora mudheng sama basa jawa, tapi saya suka tulisannya… ^^

  5. [...] Tulisan ini dibuat agar teman-teman beBlog yang kurang fasih bahasa Jawa bisa memahami tulisan mas Blontank yang ada disini. [...]

  6. Kangmas Blontank,

    Kepekso tak terjemahke nang Bahasa Indonengsia, soale akeh sing ora patek donk.

    Monggo dipun kedapi wonten mriki.
    http://bloggerbekasi.com/2010/03/08/hijau-tarjamah-ijo-dari-blontank-poer.html

    Salam

  7. wew? gag ngertiiiii pak… :( (
    anyway, makasih kedatangannya ya :)

  8. hikksss,….aku gak ngerti mas :(

Leave Comment

CommentLuv Enabled