Pit Onthèl

Yèn luntura, wènteranée…ora kaya, yèn luntur tresnaanéé…..

Blangkonan nganggo kathok gojag-gajeg, Mas Paman pit-pitan keliling dhésa. Sambang dalan rékané. Kathoké ireng mblawus, wènterané wis luntur. Sadhelé kulit kandel, asli gawan Raleigh, pit onthèl kekareman suwargi éyang kakungé. Sajaké lagi galau, mangu-mangu, marakké semedhot sapa waé kang krungu ura-urané babagan luntur-lunturan iku.

Mas Paman milang-miling. Kiwa-tengen dalan tengah dhadhah, pari wis padha semburat kuning. Sedhéla manèh bakal tumeka wanciné kadang tani pada panèn. Wit ringin sing biyèn rembuyung ana satengahé sawah wis ora katon. Belik­ sing dadi sumberé banyu kanggo ngelepi sawah wis ilang, asat saploké para tani seneng nyedhot banyu nganggo dhisel.

Iki pit onthèl sing diséwakaké ana sajroning mBètèng Vrèdenburg, Ngayogyakarta

Sanajan pariné pada kuning, atiné Mas Paman tambah kriting. Dhèwèké bingung, kena ngapa dhésa lan kutha wis ora ana beda. Nèng kutha kaya Jakarta sing dilenggahi saiki, banyu kudu tuku. Sumur ora ana, semono uga nèng dhésa wis tambah langka. Sanyo laris, saben omahé wong ndhésa mesthi ana. Mula, nalika Mas Paman nyawang wong adus neng pinggi sumur, gebyur nganggo banyu sing ditimba, pikirané blayangan mrana-mréné.

Simbah-simbah sing lagi siram mung blebetan kemben, kanta kurang. Rambuté rémbyakan sanajan wis katon arang-arang. Éksotis, sajaké…..

Mbiyèn, Mas Paman paling dhemen ngajak sir-sirané pit-pitan, mboncèngké wanodya sing saiki dadi sisihané. Mas Paman sing ngonthèl, Mbak Paman sing lungguh ana dhalangan, karo krang-kring dolanan bèl sing temèmplèk ana stang. Rambuté glamitan, nganggoné sayak kembang-kembang. Mas Paman paling dhemen swasana kaya mangkono. Saben yang-yangan, mesthi mèlu-mèlu gayané Sitti Nurbaya iku. Ngonthèl nèng pinggir sawah…….

Naté, Mas Paman ngajak Mbak Paman pit-pitan tekan kutha. Karepé arep ngajak jajan borjo, bubur kacang ijo, jajanan sing kepétung kondhang nalika semana. Sing bisa ngalahaké mung warung saoto utawa saté wedhus. Apesé, saoto lan saté kepétung larang. Yèn dudu pegawé negri, biyasané blantik kéwan utawa punggawa dhésa sing ngiras ana kono. Dudu nom-noman kaya Mas Paman, sing bisane jajan mung yèn bisa tapa brata, wani luwé lan sregep pasa mutih supaya ana turahan sanguné kaanggo ndhekos.

Kaya ngéné iki sing arané plombir.... tandha sepédha onthèl wis dipajeki

Durung sida tekan warung borjo, dhèwèké kudu mandhek jalaran ana setopan plombir. Petugas sing nganggo sragam Kamra milang-miling, nggolèki tèmplèkan plombir, sing  biyasané  padha didèlèh ana dhalangan, papané ngisor sadhel. Sarèhné ora ana, Mas Paman kepeksa ngetokaké slepèn, kudu cucul dhuwit kanggo tuku plombir marang petugas sing nganakaké cegatan. Tanpa dhendha, nirpidana. Plombir banjur ditèmplèké déning petugas.

Hmm… Mas Paman bingung. Piyè carané bisa mbacutaké krentegé njajakaké wanodya sir-sirané. Dhuwit sing kuduné cukup kanggo mborjo lan mimik cao wong loro, wis kepeksa kethithil kanggo ‘mipik’ plombir. Piya-piyé, yèn ora gelem masang plombir, dhèwèké ora olèh mbacutaké lakuné. Pit cik-cik mèrek Raleigh kudu ditinggal. Yèn nganti disita, mbésuké luwih boros wektu, tenaga lan tetep kudu metu béya kanggo mbayar dhendha.

Yèn dipikir-pikir, Mas Paman ya rada getun. Saumpama mauné gelem numpak pit jèngki biru mèrek Phoenix, ora bakal cilaka kélangan dhuwit kanggo tuku  plombir. Pit jèngkiné luwih komplit, wis mbayar IPEDA, iuran pendapatan daerah, lumantar plombir sing temèmplèk ana dhalangan ngarep, sisih mburiné lampu bérko.

“Lik Antyooo…. Kapan olèhé kondur?”

Mas Paman nolèh mangiwa. Dhewèké nggatèkaké wong lanang, sing mbengoki saka kadohan, banjur mlayu nyedhak ana ndhuwur galengan. Rada suwé anggoné namataké praènan bocah nom-noman sing nyeluk jenengé. Tetep ora kèlingan.

“Pangling ya, Lik? Aku Wicak…. Wicaksana, putrané Pak Carik,” ujaré pawongan iku.

Mas Paman kèlingan Pak Carik, nanging wis lali putra-putrané. Wis telung puluh taun suwéné Mas Paman pindhah kutha, banjur mbara menyang Jakarta nganti kasil kaya saiki. Rumangsané, wong-wong dhésa kono wis ora ana sing kenal marang dhèwèké. Jebul, isih ana sing alok, bengok-bengok nyebut jenengé.

Sawisé jagongan ngalor-ngidul, ngéyup ana ngisor wit trembesi ing pinggir dalan satengahé bulak amba, Mas Paman banjur saya nggrantes. Kèlingan, jebul lelagon sing mau kanggo ura-ura karo pit-pitan, ngélingaké larané Hananto Putra sing isih kèlingan terus marang Sawitri, putra ragilé Pak Carik, sing ora bisa diajak keplok mbangun balé somah.

“Lik… Lik Antyoo…..! Mangga, katuran pinarak. Mesthi Bapak bungah yèn ketemu Lik Antyo,” ujaré Wicaksana.

Mas Paman kagèt. Anggoné ngalamun dibadharaké Wicaksono, sing jebul suwé ngecuprus ora dirèwès. “O, nggih… Ayo, kowé mboncèng aku waé. Aku ya kangen karo Lik Carik.”

Gambar plombir kapundhut saka kéné

Related posts:

  1. Virus In Dhèh Dhong
  2. Nemu Sulak Nèng Internèt
  3. Politisi Los Malethos
  4. Sala Butuh Underpass
  5. Cegatan Déning Pulisi
Tags: , , ,

5 Komentar
Beri Komentar »

  1. Rumiyin plombir kadamel saking gambar templek ingkang kedah dipun rendhem, tipis sanget, lanjeng manawi sampun tememplek mboten saget dipun klèthèk kajawi dipun kerok. Lajeng in jamanipun gambar tèmplèk dluwang lan plastik, wonten cara ingkang gampil ananging kirang “nyeni” :)

    saèstu makaten, Man. ananging jaman semanten, plombir panci minangka cara kagem pemerintah narik pajek kagem dandos-dandos margi…
    /blt/

  2. Mas Paman, rasah kakean ngalamun, ayo nggombal maneh wae… :D

  3. Kulo ngomentari lirik lagune Pak Gesang kemawon pak.
    sekeco sanget nek lagi dipegat pacare :)

  4. Mas, ini bahasanya jawa alus ya???
    Saya google translate ga keluar nih…hihihi..
    Emang cerita tentang apa yaw?
    Amanda´s last blog ..How to Use Google Fonts with WordPress My ComLuv Profile

  5. Meskipun saya org jawa, tapi ada kosakata yg tak saya mengerti dari postingan mas blontankpoer. :D

Leave Comment

CommentLuv Enabled