Celathu Basa Jawa



Janaka Kalap

Feb 4th, 2012 | By | Category: Crita Basa Jawa, Crita saka Sala

Diunèni kalah déning cecak, Janaka mencak-mencak. Ora sabar nunggu awan, ésuk-ésuk mlayu metu saka kraton, nyéngklak keréta kencanané banjur budhal menyang kantor pulisi. Njujug pos jaga, Janaka ora sabar banjur lapuran. “Pak Pulisi, tulung IwanJéwé dirangkèt, dilebokaké pakunjaran!” Pulisiné mung plonga-plongo ngadhepi Janaka. Matané diucek-ucek. Pak Pulisi iku rumangsané mung ngimpi. Sewengi pikèt ijèn jaga [...]



Iwan lan Cecak Yang-yangan

Feb 4th, 2012 | By | Category: Crita saka Sala, Gayeng Kiyi

“Iwaaannn!! Hayo, ora pareng dolan waé. Wis wengi, wanciné bobok!” ujaré ibu kanthi énggal-énggal marani putrane sing wis arep uwal saka lawang butulan. Kupingé Iwan dijèwèr, banjur dikanthi menyang mburi. Iwan didhawuhi wijik, ngresiki sikilé kanthi terus ditunggoni. Ibuné rumangsa éman yèn nganti putrané sing bagus kaya Janaka iku dolan wengi-wengi, kanginan lan kena udan, [...]



Nom-noman Kurang Trapsila

Jan 15th, 2012 | By | Category: Celathu Basa Jawa

* Cerita senada versi bahasa Indonesia Ngat Pon, 20 Sapar 1945, sarimbit, aku lan geganthilaning atiku lunga jagong menyang Ngayogyakarta. Pahargyan anggoné kancaku amangun balé somah, kang kalaksanan ing Balé Pamungkas, Kridhasana. Jan-jané apik, isih nganggo adat Jawa. Nanging reroncèn acarane krasa suwung jalaran kabèh mau dileksanakaké déning wedding organizer kang ora nJawani. Babar blas [...]



Peteng Kuthané, Padhang Atiné

Dec 23rd, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Nembé wengi iki, Jemuwah 23 Dhésèmber 2011 utawa Setu Legi, 28 Sura 1945, lurung gedhé Jl. Slamet Riyadi lan Jl Adi Sutjipto peteng dhedhet. Pabrik Setrum Negara (PLN) mutung, matèni lampu-lampu ing lurung utamané kutha Sala. Ujaré tetunggulé PLN, Pamaréntah Kutha Surakarta nunggak bayaran pajek listrik pepadhang dalan umum, watara wolung milyat rupiah gunggunge. Incimané [...]



Manuk Gemak

Dec 19th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Saiki, manuk gemak disenengi wong akèh. Ora wong dhésa ora kutha, padha waé. Jalaran regané murah, banjur nggladrah. Golèk nèng pasar gampang, saben angkringan utawa papan kanggo wédangan uga cumepak. Manuk gemak lan endhogé nggladrah ing ngendi papan. Malah, ana kutha utawa papan kanggo pesta, sop waé ana endhog gemaké, semono uga bakso, saiki lumrah [...]