Crita saka Sala



Kutha Sala lan Jokowi

Feb 17th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Keliling Surakarta

Dina iki, jangkep 265 taun umuré Kutha Sala. Wong sakutha padha ngadani pèngetan tanggap warsa. Pemerintahé mèngeti kanthi upacara nganggo adat Jawa. Sing kakung beskapan, sing putri ngagem busana Jawi sapengadeg: jarikan, kebayak lan rikmané disanggul sasak.

Dina iki uga, bakal dianakaké kirab Boyong Kedhaton, rékané napak tilas, éthok-éthok mènèhi gambaran pindhah-boyongané kulawarga kraton, saka [...]



Malik Donga

Feb 1st, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Waton Ngablak

Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.
Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. [...]



Ngalah Marang Kahanan

Jan 2nd, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala

Ngepasi malem tahun baru, nalika wong-wong pating dlidir ana dalan gedhé, aku malah kesusu mulih, pingin énggal tekan omah. Mudhun saka montor nunutan sing wis nggawa aku sakanca layat Gus Dur, aku banjur nganyang bécak ana ndhek-ndhekan bis Kertèn. Mathuk bayarané, aku banjur nyéngklak.
Ana ndalan, aku rasanan karo tukang bécak, sing banjur ngenalaké asmané, yaiku [...]



Sasi Sura

Dec 17th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala

Tumrapé wong abangan, sasi Sura dianggep dadi wulan kang wingit. Mula padha ngati-ati, banjur ngakèhi lelaku. Racake, kanthi pasa mutih pirang-pirang dina, utawa pasa ngebleng, ora mangan sedina-sewengi, yèn perlu kanthi apati geni, semèdi ana njero senthong utawa kamar pribadi.
Tumrap wong-wong sing duwé barang piyandel, embuh kuwi awujud keris, cundrik, tumbak lan sapanunggalané, sasi Sura [...]



Tukang Tulup

Nov 17th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras

Sala dadi papané wong sing arep nyuwargakaké manuk wis kawentar awit mbiyèn. Sadurungé dadi taman sing éndah saploké Pak Jokowi dadi walikota, Balékambang wis dadi jujugané wong-wong saka njaban kutha. Nanging, saiki para priyayi sing ngawula manuk padha pindhah ana taman ing sajeroné Stadhion Manahan, saliyané Pasar Dhépok.
Nanging, papan-papan kuwi mau mung ramé yèn meneri [...]