Blontank Poer » Crita saka Sala

Janaka Kalap
Diunèni kalah déning cecak, Janaka mencak-mencak. Ora sabar nunggu awan, ésuk-ésuk mlayu metu saka kraton, nyéngklak keréta kencanané banjur budhal menyang kantor pulisi. Njujug pos jaga, Janaka ora sabar banjur lapuran. “Pak Pulisi, tulung IwanJéwé dirangkèt, dilebokaké pakunjaran!”

Pulisiné mung plonga-plongo ngadhepi Janaka. Matané diucek-ucek. Pak Pulisi iku rumangsané mung ngimpi. Sewengi pikèt ijèn jaga nèng ngepos, bisa turu sedhéla sawisé krungu bedhug subuh. Adzané saka langgar kantor malah ora keprungu saking ngantuké.

“Sik, Mas… Sampéyan sinten? Kok wujudé kados priyayi Sriwedari, nanging kok énjing-énjing sampun dugi mBantul mriki??”

“Aku ki ratu. Janaka aranku! Omahku dudu Sriwedari! Énggal ditulis! Aku ora trima dipadhakké cecak. Mosok mau bengi aku maca blog, ana tulisan ngécé aku, jaré Janaka ora olèh dolan wengi, malah mung kongkon nyawang cecak yang-yangan. Aku ora trima!” ujaré Janaka.

“Okéé… Panjenengan ngaku ratu nggih mboten napa-napa. Tapi buktiné napa panjenengan diécé? Kula nggih kudu ngertos buktiné supados jangkep nulis lapuran panjenengan. Yèn sak-saké, kula didukani kumendhan,” jawab pulisiné.

“Buktiné ana ing Internèt. Wis tulisen! Wé..wé..wé… bit dot li slès iwancecak!”

“Panjenengan niku pripun ta? Bukti kok wéwé-wéwé, kados bojoné gendruwo mawoon! Kula mboten mudheng karep panjenengannn….” jawabé pulisi.

“Kowé ki piyé, ta?!? Gebleg! Ora ngerti Internèt ki kepriyé, ta? Saiki wis jaman globalisasi barang, kok ngannti ora mudheng!” Janaka sangsaya panas.

“Lha kula ming krucuk, jé… Yèn babagan Internèt, nggih mang wadul kumendhan kula, mrikaaa….”

“Apaaa?!? Kowé ki tugasé nglayani rakyat. Ora mung klumbrak-klumbruk, ora teges nyambut gawé!” jawabé Janaka.

“Dèn, panjenengan niku sanès manungsa. Sanajan mBantul, niki mlebet tlatah Indonésia, lho. Niki donyané manungsa, sanès donyané wayang.”

“Aku wis ngerti, ora usah kakèhan mulang! Sanajan aku wayang, nanging kedadèyané iku ana donyamu kéné, donyané manungsa. Aku ki wayang sing lagi piknik, dadi korban dièlèk-èlèk manungsa ing Internèt gara-gara Iwan kuwi!” Janaka isih mencak-mencak.

“Riyin, Dèn…. Sabar rumiyin…. Iwan niku asliné pundi?” pitakoné pulisi.

“Makamhaji! Wétan tilas Kraton Pajang…”

“Lho, yèn niku, menawi mboten klèntu mlebet tlatah Sala utawi sok malah Sukoharjo. Mang lapor wonten mrika…. Niki mBantul, bènten wilayah.”

Janaka sing mauné nesu banjur isin bareng wis ngerti klèruné. Ndhungkluk, karepé njaluk ngapura marang pulisiné, nanging gèngsi. Janaka tetep rumangsa raja, ratu kang kondhang.

“Ya wis, yèn ngono aku dak lapor menyang Polsek Sriwedari waé…” Janaka lunga ora pamit, énggal-énggal nyéngklak keréta kencanané. Kaya mabur, ora nganti jam-jaman Janaka wis tekan tlatah Sriwedari. Nanging durung sida markirké kerétané, saka kadohan krungu wong-wong padha alok Janaka wis mulih manèh.

Janaka bingung. Jebul nalika dhèwèké ngamuk-ngamuk ana kantor pulisi mBantul, konangan anaké Kapolrèsé. Anaké Kapolrès mau banjur bengok-bengok ana Twitter kang dirituit wong sajagad, nganti kabaré keprungu Kepala Gedung WO Sriwedari. Ésuk iku uga, Kepala Sriwedari wara-wara, alok menawa ana wong édan nyolong kostum wayang ana kana.

Janaka dirangkèt, banjur digawa lan diserahaké menyang petugas omah lali jiwa….

Related posts:

Ngalah Marang Kahanan

Layang Takwa

Markus

Iwan lan Cecak Yang-yangan
“Iwaaannn!! Hayo, ora pareng dolan waé. Wis wengi, wanciné bobok!” ujaré ibu kanthi énggal-énggal marani putrane sing wis arep uwal saka lawang butulan.

Kupingé Iwan dijèwèr, banjur dikanthi menyang mburi. Iwan didhawuhi wijik, ngresiki sikilé kanthi terus ditunggoni. Ibuné rumangsa éman yèn nganti putrané sing bagus kaya Janaka iku dolan wengi-wengi, kanginan lan kena udan, bisa njalari masuk angin.

Iwan banjur dikanthi nganti mlebu kamar. Ibu ngulungaké piyama. “Suk waé yèn wis padhang dolané. Saiki bobok waé. Wis wengi, ora apik kanginan,” mangkono pituture.

Ibuné Iwan banjur bali menyang butulan, banjur ngancing lawang.

Ana kamar, Iwan mung klesak-klesik nyawang pyan. Nam-naman saka pring wulung pernisan katon cèkli. Warnané soklat meling-meling ketiban sunaré lampu bohlam.

Saka peturon, Iwan nyawang cecak loro oyak-oyakan. Sing dioyak mèh waé keplèsèt jalaran pring wulung kang dipernis katon meling-meling njalari lunyu. Nanging dhasaré cecak iku kéwan sekti, ya ora bakal bisa tiba, kejaba pas apes.

Cecak sing rada lemu mandheg, kaya ngécé cecak sijiné kang luwih lemu ora bisa ngoyak. Buntuté padha kopat-kapit. Cecak sing luwih lemu mèlèt. Nyikat lemut kawin kang mabur liwat ngarepé. Kanthi mèlèt terus, cecak luwih lemu nyedhaki cecak rada lemu. Ilaté dicedhakaké menyang ilat cecak sijiné. Iwan banjur mèsam-mèsem dhewé.

Klesak-klesik ora bisa turu jalaran dipenggak dolan déning ibu, ketambahan nyawang cecak padha dolanan ilat, Iwan sangsaya anyel. Rumangsané cecak sakloron mau nembé ngécé dhèwèké kang kora kelakon whatsapp-an karo Dik Sasa. Iwan nggondhok, njaluk nomeré Dik Sasa marang Iqbal Rasarab ora diparingi. Takon Aam KrisEnthong ya mung jas bukak iket blangkon. Sami mawon. Ngakuné ora duwé, kamangka arep disepik Enthong dhéwé.

Saumpama mau ora konangan ibu, Iwan mesthi wis seneng-seneng. Sanajan ora bisa whatsapp-an karo Dik Sasa, paling ora bisa thenguk-thenguk nèng ngarep Sirkel-Kéi, nyawang mbak-mbak sing mlebu-metu tuku apa waé. Sapa ngerti, nèng ngarep Sirkel-Kéi ketemu kanca Arga utawa Ujé, sing biyasané nyimpen nomer-nomeré wong wadon. Para jomblowan loro iku, kepétung paling sregep nyatheti lan golèk nomer tilpun lan nomer PIN mbak-mbak saka ngendi waé.

Nganti ésuk, Iwan ora bisa turu. Getun ora bisa dolan bengi gara-gara kesandhung sikil méja nalika arep mbradhal. Swarané sikilé nggajul sikil méja wis njalari ibuné wungu, banjur menggak lungané. Nganti srengéngé trontong-trontong saka wétan, Iwan mung kelop-kelop. Pikirané piknik, nganti ora bisa coding.

Nalika krungu ibuné tindak nyedhaki kamaré, Iwan banjur njingkrung. Éthok-éthoké turu angler, nganti rada sauntara ibuné anggoné nggugah Iwan, ngélingaké supaya énggal wudhu banjur subuhan amarga langité wis wiwit padhang.

Iwan ngolèt, banjur menyat. Nalika arep metu saka kamar, dhèwèké nyawang pyan. Jebul, cecaké isih padha yang-yangan, karonsih, sajak ngancani sinambi ngécé Iwan.

“Ibu ki jan anèh-anèh waé. Anak wis gerang kok ora olèh dolan. Yèn nganti anaké ora payu, njur piyé…” Iwan muni-muni dhéwé, nanging mung dibatin.

Related posts:

Baya Mungsuhi Cecak

Cecak, Baya, Aligator…

Janaka Kalap

Sapa Salah Bakal Sèlèh
Sapa sing salah bakal sèlèh. Mangkono ujaré para pinisepuh, sing racaké penggalihé wis wening. Ngrungokaké ujaré Gubernur Bibit Waluyo sing ngabangaké kuping, kaya nalika nyebut Pak Jokowi iku walikota bodho, para sepuh mung mèsam-mèsem. Ngendikané nylekéthé: mbok sing waras kuwi ngalah waé. Waton dinengké waé, ora diglapé bakalé mingkem dhéwé.

Jaré para sepuh, yèn diladèni malah sangsaya ndadra, ndedawa perkara, lan wusanané dadi ngambra-ambra. Wong yèn mung nggugu karepé dhéwé kaya déné Gubernur Bibit iku mung njalari kesel lambéné, kamangka tumekané saiki durung ana sing diarani tukang pijet lambé (kajaba bojoné dhéwé-dhéwé).

Karep nékat ngedegaké mal ana Kutha Sala kanthi lambaran lemah utawa papan duwèké dhéwé (yaiku lemahé pamaréntah provinsi), pranyata kaya wis ora kena diowahi. Aji-ajiné awujud kancing lawang njalari kabèh rembug ora kodal kanggo ngeluk karepé gubernur kang wangkal. Pokoké…pokoké… Olèh ora olèh, dumèh lemah duwèké dhéwé, ya sakarepé arep dikapakaké.

Yèn krungu tembung mangkono, apa manèh saka wong sing kuduné nuladhani supaya pantes diajèni, aku banjur kèlingan omongané Soeharto, sing ora liya ya guruné Gubernur Bibit iku. Nalika ngresmèkaké Waduk Kedungombo, Soeharto ngonènaké warga Kedungombo kanthi tembung mbeguguk ngutha waton. Teteg, tatag, meneng ngadhepi aniaya sadrema nggayuh adiling tatanan.

Warga Kedungombo rumangsa ganti rugi saka negara ora murwat lan ora pantes, mula padha pingin njaluk haké. Negara lan pamaréntahé sawiyah-wiyah marang rakyaté, banjur padha ngolèt, nglawan nganggo sisa-sisa daya. Déné ana ing perkarané Gubernur Bibit, anggoné ngèyèl arep ngedegaké mal padha karo nyilakakaké warga Surakarta, utamané para bakul ing pasar Purwosari, Pasar Jongke lan sapanunggalané.

Gubernur Bibit ora mudheng menawa ana satengahing pasar iku ora mung ana bakul lan juragan. Nanging uga akèh kuli manol sing gawéyané angkut-angkut beras, klapa, téla pohung kaya panganané dhèwèké nalika isih cilik, nalika urip nèng ndésa, ing Polanharjo kana. Gubernur Bibit ora ngerti, yèn ana satengahé pasar akèh bakul ratengan, bakul sega jangan kang padha kulakan bayem, beras, lombok, kluwih lan sapanunggalané, sing ana ing antarané, mbokmenawa disetori bakul-bakul liya sing kulakané ana Polanharjo, asil taniné sedulur-seduluré dhèwèké.

Embuh kepriyé nalaré gubernuré kuwi. Saumpama serik marang moncèré Pak Jokowi, apa ya kudu mangkono carané nibakaké? Apa kuwatir yèn mbésuké, yèn Pak Jokowi nganti kersa nyalon gubernur banjur rumangsa kalah pamor wedi kalah? Saumpama underané perkara ana kono, généya Gubernur Bibit ora nandur kabecikan, kaya déné arané sing dipikolèhi saka wong atuwané?

Bibit becik bakal tuwuh tanduran kang uga apik. Yèn bibité èlèk, banjur piyé anggoné bisa ngasilaké tetanduran kang unggul saéngga mbésuké uga thukul who-wohan kang uga apik?

Nanging, sajaké gubernur iki kalebu jalma kang luput cinatur. Cetha celathuné gawé tatu lan pinggeté atiné wong Sala, ora ngrumangsani luput malah kepara ndadra, banjur ngonèkaké wong-wong kang nolak anané mal wong-wong kang bisa dikongkon kanthi opah utawa bayaran. Coba, kudu piyé wong-wong Sala ngadhepi kahanan ‘mungsuh’ sing cepéthé kaya kuwi? Terus ngladèni malah katon édané, nanging yèn ora ditanggepi ya bakal sakepénaké dhéwé. Dakkira, akèh para panyengkuyungé Gubernur Bibit sing malah dadi isin.

Kaya wingi umpamané, ana satengahé rapat bupati lan walikota ing Kutha Sala, Gubernur Bibit isih wani ngécé nganggo cara samudana. Tegesé kira-kira mangkéné: Sala iku mung ana limang kecamatan. Dianggep ora amba, mula gampang anggoné nata kutha. Tegesé, Pak Jokowi iku ora rekasa-rekasa banget anggoné dandan-dandan Kutha Sala. Apik, ta? Jenengé waé Bibit…. Mesthi béda yèn wis thukul, apa manèh tambah gedhé. Paling ora, cara mikiré ora kaya wingi-wingi.

Lha kira-kira Gubernur Bibit bakal sèlèh apa ora, gumantung salahé…

Related posts:

Bibit Bebedan Babut

Kutha Sala lan Jokowi

Tukang Tulup

Rasanan Kesenian
Bungah rasané bisa ketemu, sapejagong karo Mas Dèddy Mizwar, priyayi mBetawi sing katoné seriyus, jebul senengé jegègèsan. Watara pitung jam suwéné, jagongan nglantur ngalor-ngidul, nanging akèh olèh-olèhané: ngèlmu tuwa. Jagad kesenian lan kabudayan, pijer digulang kanthi temen, mesthi migunani kanggo kamanungsan lan alam liyané.

Dikandhakaké, filem Alangkah Lucunya (Negeri  Ini) ora njedhul ujug-ujug. Crita kaanggit sangang tahun suwéné, sadurungé pungkasané diracik dadi tontonan sing diarani gambar sorot. Sinetron tipi Para Pencari Tuhan uga mangkono, ora naté bisa ganep sangalikur épisodhe, jalaran sing nganggit crita ora naté dipeksa kanggo kejar tayang.

Sing arané kadonyan, ora bakal ana entèké. Dioyak ora bakal bisa kecandhak, nanging dientèni kaya ngapa ya ora bakal marani. Rejeki iku gumantung marang Gusti Allah. Kaya mangkono ngendikané Mas Deddy. Gawé filem lan sintetron utawa FTV ora perlu grusa-grusu, nanging ya ora kena disepèlèkaké. Babagan payu lan orané filem kang ginawé, waton kajaté bener, setiyaré pener, mesthi bakal nuwuhaké lemper. Rejekiné mèmper.

FTV sing kerep disiyaraké ana SCTV, umpamané, awitané ora dilirik pamirsa lan sponsor. Nanging, suwéning suwé, nyatané thukul pamirsa utawa penonton, uga sponsor. Malah, 20 Wajah Indonesia dadi unggulan. Wataké crita uga becik kanggo sapa waé. Papan syuting, umpamané, kaya déné bisa dibiyawarakaké kanthi gratis babagan kabudayan lan sapanunggalané.

Sala, umpamané, saiki kapilih kanggo ngawiti program FTV 20 Wajah Indonesia taun 2011. Lakon Mahasmara kang nyaritakaké babagan Bau Lawéyan bakal bisa dipirsani bebarengan mbésuk tanggal 10 April. Papan-papan liyané uga énggal ginawé, makili tlatah kabudayan sanuswantara. Apik, luhur kekarepané. Apa manèh, akèh sutradara utawa dhalang anyar utawa nom-noman sing kapilih. Cacahé mung 20 irah-irahan (lakon utawa judul) kanggo setaun, disiyaraké rong minggu sepisan.

Mula, nalika sowan Walikota Surakarta Jokowi kanthi niyat uluk salam, kulanuwun, malah dijawab bakal disengkuyung, Mas Dèddy sakanca katon bungahé. Mas Dèddy ngendikakaké yèn isih akèh pemerintah daérah liya sing malah nggawé angèlé idin syuting, kamangka daérah mau olèh bathi akèh awujud promosi gratis, tanpa kélangan wragad sakndhil gowèng.

Akèh sing padha ora mangertèni, yèn awitané ora gampang anggoné Mas Dèddy njlèntrèhaké lan ngajak sing duwé SCTV kanggo nyiyaraké FTV mangkono iku. Saiki, taun 2011 wis ngancik taun kaping pindhoné program FTV 20 Wajah Indonesia. Sing biyèné semu dipaido, saiki malah digrojogi dana sing ora sithik: lipet loroné béya kanggo produksi tinimbang taun kepungkur. Kabaré, syuting Mahasmara mèh nyandhak setengah milyar rupiah biyayané!

Dhuwit ora sithik yèn dibandhingaké béya gawé sinetron stripping, sing paribasan  mung adol tangis, bungah lan uripé wong nèng awang-awang kaé.  FTV, utamané 20 Wajah Indonesia, ujaré Mas Dèddy kudu bisa paring pepadhang, patuladhan kanggo wong sanuswantara. Seni kudu diolah lan dimangertèni kanthi samesthiné. Mula, gawe crita skenario uga ora kena sembrana, kudu ngemu karep sing luhur.

Aku dhéwé nyeksèni, yèn Mas Dèddy pancèn dudu priyayi baèn-baèn. Sawisé dolan dhahar sega liwet Bu Wongso Lemu ing Keprabon, dumadakan dakajak nonton kanca-kanca Swastika latihan kroncong ing sanggaré sing mapan nèng Mangkubumèn. Awit jam sepuluh bengi nganti jam siji, Mas Dèddy dikancani Mbak Hènidar Amroe, katon seneng lan tekun nyimak. Dakkira mung arep meruhi sedhéla, jebul kersa nunggu rawuhé Mbah Yuti, seniman sebul flute sing yuswané wis kliwat sepuh.

Jagongan ngalor-ngidul, Mas Dèddy banjur rerasan, yèn kuduné para pengusaha gelem mèlu nyeponsori gladhèn utawa olah seni, supaya seni bisa diuri-uri lan terus migunani. Wis wanciné kesenian ora mung nggandhul  lan njagakaké pemerintah. Masyarakat ya kudu mèlu, apa manèh sing aran perusahaan.

Apik… (nanging kapan bisa kawujudaké?)

Related posts:

Asalé Tembung LONTHÉ

Ijo

Biyèn Kakus Saiki Toilèt

Kutha Sala lan Jokowi
Dina iki, jangkep 265 taun umuré Kutha Sala. Wong sakutha padha ngadani pèngetan tanggap warsa. Pemerintahé mèngeti kanthi upacara nganggo adat Jawa. Sing kakung beskapan, sing putri ngagem busana Jawi sapengadeg: jarikan, kebayak lan rikmané disanggul sasak.

Upacara pèngetan tanggap warsa kanthi busana Jawa, 17 Pebruari 2008.

Dina iki uga, bakal dianakaké kirab Boyong Kedhaton, rékané napak tilas, éthok-éthok mènèhi gambaran pindhah-boyongané kulawarga kraton, saka Kartasura menyang Dhésa Sala ing tlatah Surakarta. Sadurungé, kraton trah Mataram Islam pancèn dumunung ana Kartasura, nanging kudu énggal dipindhahaké ana papan sing aman sawisé grombolan Sunan Kuning bisa ngraman lan kasil mbobol bètèng Kartasura.

Ngancik 265 taun umuré, wis ora kaya biyèn, Kutha Sala pancèn krasa sansaya katon tumata lan krasa tentrem. Wit-witané ngrembuyung ana sakiwa-tengené dalan-dalan ing tengah kutha. Paribasan wong saiki kangèlan maido marang éndahé kutha, utamané saploké Pak Joko Widodo utawa Jokowi jumeneng nata, mréntah kutha kang aran walikutha.

Sanajan nganggo busana warna béda, pegawé siji iki klebu priyayi pinunjul. Muda tur trengginas. (17 Pèbruari 2010)

Pancen kutha kudu katon resik lan éndah, supaya para priyayi sing tindak Sala bisa luwih betah. Mula, regedan kudu disingkiri, sing marakaké reged ya kudu disingkiraké. Sanajan mung bakul oprokan paribasané, nanging uga ora kena disepèlèkaké. Saumpama isih ana sing nganggep wong cilik kuwi paribasan mung regedan, sajaké bakal béda karep marang Pak Jokowi.

Miturut Pak Jokowi, wong cilik kudu dimulyakaké, diwènèhi papan kanggo golèk pangan. Kosok balèné, supaya adil, kabèh kudu gelem lan diajak nata kutha bebarengan. Wong cilik lan wong gedhé padha waé, butuh golèk pangan kanggo urip. Sing gedhé kudu bisa ngayomi sing cilik, lan sapanunggalané.

Ora ateges ngilangaké bekti lan pakaryané para walikutha sing jumeneng nata sadurungé Pak Joko Widodo, nanging kudu diakoni yèn saiki pancèn béda tenan. Wargané guyub lan rumangsa kudu gumrégah bebarengan nata kutha, jalaran padha naté ngalami urip mung dadi rakyat sing dipréntah, dudu wong sing sejatiné bisa meksa lan njaluk hak-é marang pemerintah.

Marang Pak Jokowi, sajaké rakyat malah isin nuntut hak jalaran padha ngrumangsani yèn walikutha sing siji iki luwih cekatan lan akèh athikan. Ngélingaké rakyat marang hak kanthi cara nuduhaké hak-hak lan kuwajibané rakyat. Contoné: para pedagang klithikan dicukupi haké kanggo golèk sandhang-pangan, nanging uga diélingaké kuwajibané supaya njaga tentremé kutha, mbayar pajek marang negara, lan sapanunggalané.

Tumrapé pada pedagang ing pasar-pasar tradhisional, Pak Jokowi ngelingaké kuwajibané supaya njaga pasar tetep resik, dagangan sarwa apik lan ngladèni wong tuku kanthi becik supaya mbésuké padha seneng balik, blanja manèh menyang pasar. Ijin kanggo mal lan pasar swalayan diwènèhaké supaya kutha munggah kelas lan pamoré, supaya ana modhal utawa investasi sing teka. Supaya pedagang cilik ora ditinggal wong blanja menyang pasar swalayan, banjur diiming-imingi kupon hadhiah saben gelem blanja menyang pasar tradhisional.

Crita-crita babagan investasi, aku naté wawancara ana sajroné mobil dhinesé Pak Jokowi. Wektu iku, setaun kepungkur, aku ngaturaké pitakonan. Mangkéné jangkepé lan cara ngokoné (asline basa alus campur basa Melayu):

Supaya Sala tambah maju, kuthané moncèr nanging rakyaté ora pating klèlèr jalaran bisa gampang anggoné padha golèk pangan, mesthiné mbutuhaké investasi sing ora sethithik. Kira-kira perlu pirang taun?

Jawabé Pak Jokowi rada dawa. Bakuné, yèn ana sing duwé modhal gedhé banjur ngedegaké rumah sakit internasional ana cedhak Mojosongo, umpamané, bakal gawé majuné wong-wong sing mapan ing sakiwa-tengené. Wis mesthiné, papan sing ramé bakal nuwuhaké gampangé golèk sandhang-pangan. Contoné, buka warung mangan lan sapanunggalané. Tukang bécak, sopir taksi lan liya-liyané uga bakal kecipratan rejekiné.

Pinggir Kali Anyar, Pedaringan sisih kidul digawé taman supaya bisa dadi papan reja lan bisa kanggo ngisis, dn sing sisih lor digawé tanggul semèn supaya bayuné ora nggogos. Sawangané ya dadi tambah padhang.

Saliyané kuwi, ana uga kawicaksanan sing katoné sepelé, nanging bakal gedhé banget pikolèhé. Kali Anyar lor Terminal Tirtonadi diresiki, banjur digawèkaké taman. Semono uga kali cedhak Kandang Sapi tumekané Pedaringan, dikeruk, diapikaké lan diwènèhi taman. Ngendikané Pak Jokowi:

Yèn kaliné resik, warga dadi gelem njaga supaya ora katon reged. Mula, kudu disadharaké, diajak malik omahé supaya madhep kali. Yèn kali disingkur, dungkuri, mesthi waé padha sakepénaké nguncalaké regedan menyang kali jalaran kali dianggep papan sing cocok kanggo ngèlèkaké regedan. Padha ora nggatèkaké yèn regedan lan uwuh njalari mampeté kali, tundhané bisa nyilakani, bisa ngendhek banyu banjur dadi banjir.

Aku mbacutaké pitakonan.

Kinten-kinten betah modhal pinten supados Sala tambah maju, lan pinten kinten-kinten bakal wonten investasi ingkang tinandur déning investor?

Pak Walikota Jokowi ngaturaké piagam penghargaan marang priyayi sing kaanggep wis majokaké donya olah raga ing Sala ing satengahé upacara pèngetan tanggap warsa Kutha Sala, Rebo, 17 Pebruari 2010.

Wektu kuwi, Pak Jokowi sumaur yèn kanggo mbangun kutha Sala dadi éndah kaya sing diimpèkaké panjenengané, kira-kira perlu wektu sepuluh taun. Sasuwéné kuwi, pemerintah kudu udu kira-kira Rp 650 milyat (ateges Rp 65 milyat saben taun). Nanging saka modhal semono kuwi bakal bisa nekakaké investasi nganti sangang trilyun rupiah akèhé.

Gandhèng butuh sepuluh taun kanggo mujudaké angen-angené, mula mèmper yèn saiki Pak Jokowi ancang-ancang njago manèh. Muga-muga, priyayi sing andhap asor nanging napas uripé padha karo wong cilik iku olèh palilah saka Gusti Sing Murbèng Dumadi. Muga-muga dadi, lan bisa slamet salawasé. Kaya sing wis padha dimangertèni, nyatané Pak Jokowi adoh saka gosip korupsi.

Wilujeng tanggap warsa Kuta Sala. Wilujeng nyalon malih, Pak Jokowi. Mugi-mugi saged mujudaken kersa panjenengan: nata kutha sesarengan warga kanthi sesanti Berseri Tanpa Korupsi.

Related posts:

Sala Butuh Underpass

Sapa Salah Bakal Sèlèh

Noordin M. Top Wis Mati!

Malik Donga
Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.

Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. Golèk sandhang pangan rada angèl, jalaran pindhah menyang ndhésa. “Yèn nèng kutha ki, rumangsaku ngapa-apa kok gampang. Bareng pindhah ndhésa, jannn… golèk dhuwit satus èwu waé angèlé ora mekakat!” ujaré Ari.

Si Gunarto nyaut, “Cara ndonganmu mesthi klèru. Ndonga ki ya nganggo strategi, aja waton bisa nggawé tembung.”

Aku banjur mèlu-mèlu nyemplung, mlebu menyang pokoké rembug. “Iya iki, Gun, aku ya rada kangèlan golèk upa. Apa wong-wong ki wis wegah mènèhi gawéyan karo aku, ya?”

“Sik… Aja-aja, kowé ki kwalitèté yang mung padha karo Ari. Yèn daksawang-sawang, sajaké pancèn iya. Kowé arang ndedonga, ya?” pitakoné Gunarto.

“Pancèn ya ora patia kerep ndonga, Gun. Sing genah, dosaku akèh, mula Gusti Allah arang-arang maringi rejeki marang aku,” jawabku.

“Lha ya, kuwi. Saumpama kowé kerep ndonga, sok-sok caramu sing klèru, lho!” sumauré Igut.

“Kowé ki kaya ngerti-ngertiya waé ta, Gun. Sajak paling ngerti bab donga-donganan…” Ari ora trima, jalaran wis sregep anggone nyenyuwun lan memuji, atur panuwun awit wis diparingi rejeki déning Gusti. Sanajan saiki lagi kaya dipepet, ora liya mung dianggep nembé olèh pacoban, nganti sepira sabaré yèn ora diuja bandha marang Sing Kuwasa.

“Ngéné lho, Ri. Yèn kowé gelem ngilo githokmu dhéwé, kuduné ya ngerti sepira regedmu ana nagrepé Gusti Allah.  Wong kelakuwanmu waé ala, mosok dongamu njaluk tinampa,” ujaré Gunarto.

Ora trima Ari disesorahi, aku rada ora trima. “Lha iya amarga manungsa panggonané luput lan dosa kuwi ta, Gun, banjur ndonga lan nyuwun ngapura marang Gusti Allah sing wis maringi apa waé.”

“Ngéné, lho. Yèn dongamu ora tau mandi, coba walikén. Njaluka rekasa, mengko rak diparingi pénak! Lha yèn kowé padha mung njaluk kepénak kamangka kowé padha sakepénaké dhéwé, tangèh lamun dikabulaké kajatmu,” jawabé Gunarto.

“Dadi, perlu strategi. Carané ndonga diwalik waé…..” Gunarto nerusaké nasihat kenthiré.

Aku karo Ari mung ndomblong ngrungokaké naséhat ala kaya ngono kuwi. Mosok padha waniya, gojègan karo Gusti Allah. Tiwas nembung njaluk cilaka, banjur dituruti tenan, apa ora malah kojur?

“Wis Ri, ayo madhang waé. Nuruti Gunarto ora ana entèké, ora ana paédahé,” ujarku. Dakkanthi, aku lan Ari ngadohi Gunarto, golèk soto lan tèh ginasthel sing marakaké padhang mata lan waregé weteng.

Related posts:

Sasmita Babé Nyiyak Abégé

Luwih Apik Diakoni

Pasar Cilik

Ngalah Marang Kahanan
Ngepasi malem tahun baru, nalika wong-wong pating dlidir ana dalan gedhé, aku malah kesusu mulih, pingin énggal tekan omah. Mudhun saka montor nunutan sing wis nggawa aku sakanca layat Gus Dur, aku banjur nganyang bécak ana ndhek-ndhekan bis Kertèn. Mathuk bayarané, aku banjur nyéngklak.

Ana ndalan, aku rasanan karo tukang bécak, sing banjur ngenalaké asmané, yaiku Pak Jani. Omahé cedhak setasiyun Gawok, ngakuné mancal bécaké wiwit soré tumeka ésuk. Dhèwèké wis wegah mbécak wanci awan. Jaréné, wong kaya dhèwèké wis dadi korban rejané jaman.

“Kula kedah ngalah dumateng kawontenan. Tiwas rekasa sedina nyengklung, penumpang mèh mboten wonten. Aluwung kula nggé ngaso, malah saged ngawat-awati laré-laré,” ujaré Pak Jani, nyrocos kaya èmbèr borot.

“Saèstu, Mas. Sanajan rekasa, kula ngéman laré-laré kula. Napa malih èstri sedanten, sing mbajeng pun SMA, sing ragil taksih SMP. Jaman kados sakniki, nèk mboten pinter ngawat-awati malah nyilakani.”

Aku meneng sawetara. Trenyuh. Apa manèh, aku ngerti dhéwé, Sala pancèn klebu kutha mbebayani tumrapé bocah-bocah jembagar, ora lanang ora wadon. Kurang sangu bisa mlebu wuwu, kédanan dhuwit bisa diuntal dhemit. Yèn wong tuwa ora pinter anggoné nggulawenthah anak lan njaga rukuné kulawarga, wis, aku wani bedhèkan, yèn perlu nganggo botohan: bakal bubrah pangangen-angené, kelaut sakabèhé!

Aja manèh mung ombèn gendulan, mbako Acèh, obat pélo lan puyer koplo waé gampang golèkané. Gampangé golèk sarung manuk, hotèl telung jaman, lan papan kanggo lairan sesidheman, kaya-kaya wis dadi mèrek kutha gedhé, sing jaré maju samubarangé. Mula, bocah-bocah saiki kendel mbolos sekolah kanthi alesan sing manéka warna nganti guru mung bisa percaya.

Tukang bécak, sopir taksi klebu wong-wong sing paling pantes dadi seksi, mliginé kahanan jagad wengi. Wong-wong lanang sing seneng ngiwa lan karem plesiran menyang Sala, apa manèh saka njaban kutha, biyasané padha sambat marang kanca-kancané Pak Jani, utawa para sopir taksi kanggo tamba klesikan.

Mula, aku ya mung bisa manthuk-manthuk ngrungokaké critané Pak Jani. Apa manèh, kabèh anaké klebu pinter sekolahé, apik-apik bijiné, mula kudu dirumah supaya slamet tekan dhiwasané.

“Pak, kénging punapa kok panjenengan langkung remen narik ing wanci dalu? Menawi siyang niku lak nggih langkung kathah penumpang, ta?” pitakonku marang Pak Jani.

“Oalah, Mas. Jaman pun sansaya reja, Gusti Allah nggih sampun kagungan cara kanggé andum rejeki. Ajenga kathah penumpang wanci siyang, yèn mboten ngalah marang kahanan malah mung damel mriyang,” jawabé Pak Jani.

“Lha kok saged? Punapa kalah kaliyan angkuta, wong nyatané angkuta lan bisa ing Sala niku nggih mboten komplit jurusané?”

“Mboten niku, Mas… Angkuta nggih arang-arang wektun mlampahé….”

“Ojèk nggih mboten wonten, mula mboten saged diarani ngrayah rejekiné tukang bécak,” kandhaku.

“Ojèk nggih pancèn mboten wonten, Mas. Nanging sakniki tiyang-tiyang ingkang nitih bis saking Jogja utawi Semarang sampun sami nggunakaké ès èm ès. Mula mudhun jleg saking bis pun dipethuk kulawargané.”

Sabanjure, aku mung bisa meneng. Tambah anteng, gulu krasa garing, kamangka mauné wis nganggo lèrèn ngombé ana warung wédangané Kumis sing mèpèt tembok Faroka.

Related posts:

Anyel Marang Pulisi

Waspada Marang Copèt

Janaka Kalap

Sasi Sura
Tumrapé wong abangan, sasi Sura dianggep dadi wulan kang wingit. Mula padha ngati-ati, banjur ngakèhi lelaku. Racake, kanthi pasa mutih pirang-pirang dina, utawa pasa ngebleng, ora mangan sedina-sewengi, yèn perlu kanthi apati geni, semèdi ana njero senthong utawa kamar pribadi.

Tumrap wong-wong sing duwé barang piyandel, embuh kuwi awujud keris, cundrik, tumbak lan sapanunggalané, sasi Sura klebu wanci kang becik kanggo njamasi utawa sesuci. Keris lan sapanunggalané dikramasi utawa diadusi nganggo banyu kembang lan dikutugi dupa madu. Ing pangajab, supaya sing dipercaya manggon ana sa barang pusaka mau ora éndha, tetep tansah gelem kekancan, ora bakal ganggu gawé utawa gawé saru siku marang sing duwé.

Aku dhéwé, tau nglakoni pasa mutih saben ngancik wulan Sura, udakara 20 taun kepungkur. Paling suwé, kuwatku mung telung dina, kuwi waé mung sepisan saka limang taun nyoba. Dudu mèlu-mèlu laku klenik, niyatku jaman semana mung pingin nyoba, nètèr ‘kadigdayan’ saka godha donya awujud pangan énak.

Blaka suta, karo rada pingin umuk. Rikala semana, aku klebu kulina mangan ayam gorèng Bu Martinah utawa mBok Berèk, lan cokotan cara Walanda kaya déné roti blèk-blèkan cap Mondé lan (sing rada murahan) biskuit Khong Guan. Rasané genah énak, apa manèh tumrap ilat agraris kaya ilatku, sing uripé ngadhep sawah saben dina ana ndhésa.

Ora perlu telung dina suwéné, bisa mutih sedina waé, yaiku mung mangan ing wanci saur lan buka kanthi sega putih tanpa uyah lan banyu putih segelas, aku bisa ngrasakaké paédah utawa hikmahé. Paribasané, rampung pasa mutih sedina waé, telèk léncung bakal bisa metu rasa énaké, kaya rempela ati kira-kirané.

Rikala mutih, kaya lumrahé wong sing keluwèn, rasané gampang semruweng, hawané mung pingin nesu. Pingin nglalèkaké rasa luwé kanthi cara turu, ora bakal bisa. Sakuwat-kuwaté turu, paling mung bisa angler sedhéla. Dadi, nyoba apus-apus weteng kanthi cara mangkono iku ya ora paédah, tanpa guna.

Aja pisan-pisan ngarani aku percaya klenik utawa tumindak syirik. Agamaku pancèn Islam, nanging babagan pasa mutih mau ora ana gayutané karo laku Kejawèn kaya sing disengiti déning wong-wong sing senengané ngrusak lan ngobrak-abrik wong tumpengan utawa gawé kendhurèn. Kaya déné pasa mutih, tumpengan dakanggep ora dosa, ora klèru waton niyaté ora nolèh saka Gusti Allah  Kang Sawiji.

Kanthi pasa mutih, umpamané, aku bisa ngrasakaké rekasané wong keluwèn. Kamangka, wong keluwèn iku padatan gampang nesu, lan yèn nganti sing keluwèn iku éwon utawa mayuta-yuta cacahé, tundhané ya gampang diububi, dipanas-panasi. Contoné wis akèh, sing paling cetha iku ya taun 1998 mbiyèn.

Wong-wong keluwèn sing atusan éwon disurung-surung déning provokator supaya njarah, ngrayah duwèké liyan. Ndilalahé, wektu semana sing dipakakaké sedulur-sedulur kita sing buyut-buyuté saka Tiongkok. Wong-wong sing keluwèn mau gampang kebrongot, banjur brangasan jalaran ana conto siji-loro keturunané wong Tiongkok sing nakal, dhemen maling dhuwité rakyat lan kolusi karo para panguwasa (pribumi).

Pungkasané kabèh digebyah uyah. Sedulur-sedulur Cina sing ora duwé dosa, ora ngerti upa bengkongé perkara melu dadi korbané wong keluwèn sing ngamuk, sanajan ngamuké amarga diububi déning wong-wong sing seneng gawé dredah lan seneng congkrah. Cilaka lan ruginé banjur ditanggung sapa waé, wong sanuswantara paribasané.

Mula, para sedulur, sanajan keluwèn aja nganti kelalèn tanggung jawabé urip bebrayan. Aja mèlu-mèlu sipaté Ruhut Sitompul kang gampang Nyinak-Cinakaké wong liya. Kepriyé waé, wong-wong keturunan Cina ing kené wis dadi warga lan sedulur dhéwé, ora perlu congkrah. Sing salah ya salah, bisa kedadèn marang sapa waé, ora preduli Cina, Jawa, Arab, Batak lan sapanunggalané.

Ngancik wulan Sura iki, becik padha mulat apa sing wis ditindakaké ing wingi-wingi. Yèn ana sajroning kraton-kraton dianakaké jamasan pusaka lan laku sesuci, ing njabané régol para warga Jawa uga nindakaké laku mesu budi, nyapih hawa nepsu kanthi cara pasa ngebleng, mutih, lan sapanunggalané.

Ana uga sing lelaku kanthi ngubengi bètèng kraton kanthi meneng tanpa guneman, iku ngemu surasa laku introspèksi utawa mawas diri, ngéling-éling apa sing wis naté ditindakaké. Yèn akèh alané tumindak, becik disampurnakaké ing taun-taun sing bakal dilakoni, déné yèn wingi wis rada becik, mbésuké diundhaki apiké.

Sura iku taun anyaré wong Jawa, sing dianggit déning Aji Saka lan sabanjuré digunakaké déning Sultan Agung Hanyakrakusuma dadi tauné wong Jawa. asliné pancèn saka pananggalan hijriyah utawa tauné wong Islam, nanging di-Jawa-aké déning panguwasa Mataram Islam, supaya Islam katon Jawané, lan Jawa krasa Islamé.

Akèh pralambang lan sasmita ana sajroning pèngetan Malem Siji Sura. Aja pisan-pisan klèru ngonèkaké klenik sadurungé bisa ngoncèki kabèh sasmita ing ana.

Related posts:

Sadran

Mulih Kanggo Sungkem

Nyuwun Ngapura, Ya…..

Tukang Tulup
Sala dadi papané wong sing arep nyuwargakaké manuk wis kawentar awit mbiyèn. Sadurungé dadi taman sing éndah saploké Pak Jokowi dadi walikota, Balékambang wis dadi jujugané wong-wong saka njaban kutha. Nanging, saiki para priyayi sing ngawula manuk padha pindhah ana taman ing sajeroné Stadhion Manahan, saliyané Pasar Dhépok.

Nanging, papan-papan kuwi mau mung ramé yèn meneri dina prèiné wong nyambut gawé, embuh kuwi Setu lan Minggu utawa saben tanggal abang. Awit ésuk tekané soré, manuk-manuk pating crènthèl, dikèrèk munggah ana wit-witan saka wesi tanpa pang tanpa godhong. Swarané pating cruwit, sing duwé manuk manthuk-manthuk karo singsat-singsot sajak ngudang manuké.

Malah, saking raméné Pasar Manuk, siji-loro sok ana sing ucul, banjur mabur golèk kamardhikan. Racaké, manuk-manuk sing ucul mau kedadèyan rikala ana pawongan sing milang-miling pingin ndarbèni, nanging kurang ngati-ati. Yèn wis ngono kuwi, biyasané para bakul banjur njaluk sraya marang tukang tulup, sing cacahé ora pati akèh.

Salah sijiné tukang tulup sing wis kondhang titisé, jenengé Mas Budi. Saking prigel lan titisé, priyayi setengah tuwa sing omahé ana Manahan kuwi banjur keceluk kanthi paraban Budi Tulup. Miturut critané wong akèh, Mas Budi titis banget. Dhèwèké nggunakaké pakan tulup utawa peluru sing wujudé manéka warna, gumantung jinisé manuk sing arep ditulup. Sebab, ana manuk sing takat utawa bandel, uga ana jinis manuk sing ècèk-ècèk utawa ora kuwat lara.

Miturut Mas Budi wektu daktemoni mbiyèn, nulup manuk kudu ngati-ati. Cukup digawé semaput, banjur yèn wis tiba terus ditampani nganggo jala utawa jaring supaya tibané ora nganti ngenani lemah. Larang murahé gumantung jinisé manuk. Saya larang rega manuké, saya larang béyané. Mula, mbiyèn Mas Budi kerep diundang menyang njaban kutha saperlu nylametaké manuk opèn-opènan sing ucul saka kurungané.

Béda Budi Tulup, séjé Budi Ngiwa. Sing arané Budi Ngiwa iki duwé kaprigelan nulup jalaran duwé rasa tresna sing keliwat-liwat marang manuké. Ora ngrèwès dina prèi utawa dina kerja, senengané nyelakaké wektu kanggo nyuwargakaké manuké. Budi Ngiwa-Budi Ngiwa ora mung saka Sala, nanging ora kurang sing asalé saka njaban kutha.

Wong-wong sing arané padha, yaiku Budi Ngiwa, racaké wis padha ngerti, ana ngendi waé papan-papan sing dodol utawa nyéwakaké kurungan manuk: Turisari, Kertèn, Pasar Nongko, Sambèng, papan-papan séwan amatiran, utawa pasar sing raméné ora jamak. Kayata, ing Gilingan utawa sakiwa-tengené RRI. Bakuné, kari nari kanthongané.

Kira-kira limalas taun kepungkur, ana papan séwan kurungan manuk sing kondhang kaonang-onang. Jenengé Satu Nol Tiga. Yèn jaman-jaman saiki, sing rada kondhang Lima Dua. Para tukang tulup sing jejuluk Budi Ngiwa utawa bebudèn mangiwa racaké nudhing sing dicocoki banjur digawa lunga utawa njaluk dikirim menyang papan sing wis ditemtokaké.

Kaya ngapa raméné Pasar Kurungan Manuk? Miturut critané wong-wong pandhemen kaé, sing aran pasar kurungan iku pranyata ngembyah ing saindenging kutha. Malah, ana uga sing kaslimuraké nganggo aran panti, kamangka bakuné yang mung nyéwakaké kurungan manuk kanggo para tukang tulup. Mula, banjur ana tembung sasmita kanggo ngarani panti-panti mau, yaiku Enggal Tegang.

Sapa kira-kira wong sing diarani Budi Ngiwa mau? Akèh jinisé. Ana wong pangkat lan priyayi brèwu sing senengané milih hotèl-hotèl larang kanggo olah kaprigelan lan titis-titisan anggoné nulup. Wong-wong kaya ngéné iki, racaké teka saka njaban kutha: Jakarta, Semarang, Ngayogyakarta lan liya-liyané.

Umumé uga ora gelem klayaban dhéwé menyang pasar kurungan manuk, nanging mung tèlpan-tèlpun thok. Wis ana juru utawa tukang ngekir sing mesthèkaké yèn jinis kurungan sing dikersakaké bakal trep, cocok karo sing digolèki.

Kanggoné wong biyasa-biyasa sing sanguné cumpèn lan nrima, biyasané ya padha nulup ngenggon. Bisa ana panti utawa menyang mburi RRI.

Sing paling cilaka iku yèn tukang tulupé ora gaul utawa ora ngerti lor-kidul. Wong-wong ngéné iki biyasané mung pasrah marang tukang bécak utawa sopir taksi. Cilakané, yèn wongé sajak minggrang-minggring utawa konangan cethèk pamawasé, biyasané banjur dadi sasaran empuk para tukang bécak sing ngiras pantes dadi naip.

Wong-wong ngéné iki banjur digolèkaké wong sak-saké, banjur dipacaki sakapik-apiké nanging diakokaké warna-warna: bisa wong kuliyahan, èS Pé Gé, utawa wong nyambut gawé kantoran. Bakuné bisa ngepruk nganggo rega larang.

Ayo, sing padha ngati-ati yèn dolan menyang Sala. Aja padha sembarangan blanja tinimbang cilaka. Luwih becik aja nganti dakarani kanthi jeneng Budi Ngiwa…

Related posts:

Tukang Becak Apikan

Manuk Gemak

Noordin M. Top Wis Mati!

Nakil Nganggo Perasaan…
Sing ngati-ati urip nèng Sala. Lena sithik bisa kena godha sing pungkasané mung tuna lan gawé gela. Apa manèh yèn sira dhemen ndadèkaké kafé lan diskotik iku papan kanggo saba. Ora usah adoh-adoh, contoné kancaku sing yèn daksebut nganggo tembungé Koes Plus klebu nakil jalaran nakalé wis kliwat saka lumrahé liyan.

Ing sawijining wengi, kancaku sing aran Senthun nembé gegojègan karo kanca-kancané. Milih papan ana pojok kafé sing ora patiya larang nanging kepénak kanggo mat-matan, dhèwèké sakanca padha cekikikan. Limun Landa pancèn wis akèh katenggak, gendul-gendulé pating gléthak ana ndhuwur meja.

Satengahé guyon lakak-lakak mau, Senthun pandeng-pandengan karo wong wédok sing lagi teka, banjur lungguh ing table liya, ora adoh saka lungguhané. Wong iku sajaké wis kencanan, nyatané tekané mrono karo kanca wédok uga, marani wong lanang setengah tuwa sing wis lungguh ijèn sawetara.

Wong wédok sijiné lungguh jèjèr karo wong lanang mau, sing katon gemati marang dhèwèké. Ora let suwé, wong loro mau padha séngak-séngok, sajak pamèr katresnan marang liyané, ana satengahé swasana kafé sing ramé nanging lampuné remeng-remeng. Sajak mèri karo kancané, cah wédok mau terus mandeng, nggatèkaké sapolah-polahé Senthun. Saben adu pandengan karo Senthun, wong wédok iku banjur mèsem.

Sajak rumangsa digatèkaké wong wédok saka kadohan kanthi èseman sajak tulus, Senthun sansaya ndadra. Dhèwèké golèk-golèk alesan, embuh kanthi cara nyanyi bengok-bengok utawa ngadeg jogèdan dhéwé, nuruti swarané penyanyi kafé kuwi. Sanajan wis rada mabuk, nanging mripaté Senthun isih awas yèn mung kanggo mangertèni polahé wong wédok mau kanthi nglirik sakedhèpan.

Senthun bungah atiné. Wengi kuwi dhèwèké rumangsa bakal olèh mangsa, bisa dolan-dolan mubeng kutha karo kenya.

Senthun banjur mlaku menyang toilèt. Niyaté éthok-éthok nguyuh, kamangka mung arep raup karo njajal kasektèné dadi Arjuna. Dhasar kulitané rada kuning, bagus, tur ya pancèn alus yèn pitutur, senthun rumangsa bisa njiret atiné wong wédok mau. Saben saraupan, Senthun banjur ngilo, mandeng rainé dhéwé. Isih bagus, rumangsané matané uga durung kétok abang.

Ora let suwé, bocah wédok mau njedhul banjur sapa aruh. “Yèyèn,” ujaré wong wédok mau karo ngulungaké tangané.

“Senthun…..,” jawabé.

“Sajak ramé temen méjamu, apa nembé ana sing ulang taun?” pitakoné Yèyèn.

“Ora kok, mung lagi cocok waé gojègané,” sumauré Senthun, sing banjur njaluk idin pamit bali menyang mejané, ngumpul manèh karo kanca-kancané. Yèyèn sajak owel, nanging ora kuwawa menggak lungané Senthun.

Senthun mbatin, wong wédok sing lagi ditinggal mau jebul pancèn ayu. Salawasé saba menyang kafé kuwi, Senthun durung tau pethukan babar pisan. Ana kafé-kafé utawa diskotik lan pub liyané, dhèwèké uga rumangsa durung tau ketemu. Atiné sansaya mbulat-mbulat, rumangsa wis kasil njiret atiné kanthi luwih kenceng.

Dhasar cah nakil, feeling-é pancèn titis. Nganti bubaran kafé, wong wédok mau ijèn nèng parkiran. Kancan wédoké sing teka bareng karo dhèwèké wis ndhisiki lunga karo wong lanang sing disusul mau.

Senthun pamit misah marang kanca-kancané, omong pingin nerusaké laku karo wong wédok sing lagi ngadeg ijèn ana parkiran. Dhèwèké nyedhaki Yèyèn, banjur nakokaké kancané. “Wis lunga dhisik, kok,” jawabé.

“Lha saiki kowé arep mulih menyang endi? Ayo dakteraké, timbang ijèn ana kéné. Timbang numpak taksi,” ujaré Senthun.

“Aku arep mulih menyang Solo Baru. Yèn ora kabotan ngeteraké, aku matur nuwun banget,” jawabé Yèyèn.

“Mangan sik waé, ya…. Aku rada keluwèn.”

Yèyèn manthuk. Senthun luwih mathuk, olèh kanca tamba ngantuk.

Sinambi mangan soto nèng Gladak, Senthun mbujuk Yèyèn supaya gelem diajak dolan-dolan ing bengi kuwi. Rada alot rembugé, jalaran wong wédok kuwi njaluk énggal-énggal mulih. Yèyèn ngaku gelem ngancani mangan jalaran dadi carané males kabecikané si Senthun sing janji ngeteraké mulihé.

Pungkasané, saking lunyuné Senthun anggoné ngrayu, wong wédok iku banjur gelem. Malah, wektu diajak nginep hotèl ya ora kabotan. Penjaluké Yèyèn mung siji, kudu digugah sadurungé jam pitu jalaran ngaku kudu budhal nyambut gawé, jam sanga mlebuné. Ditakoni ana ngendi anggoné megawé, Yèyèn mung semaur kanthi ghèdhèg. Senthun uga ora butuh jawaban samesthiné, wong niyaté ya mung kanggo abang-abang lambé.

Cekaké, bareng wis olèh kamar hotèl, Senthun terus mancing-mancing, ngrayu ngajak olah kadiwasan. Pisan-pindho rada kangèlan, nanging suwé-suwé Senthun rumangsa nemu kamulyan. Sawisé bisa gelem diambungi, Yèyèn meneng waé wektu Senthun nglukari kaosé Yèyèn, lan sapituruté. Kocap kacarita, bengi kuwi Senthun pesta, sing tundhané pada keturon lan karipan tanginé.

Ndhisiki adus lan dandan ayu, Yèyèn nyekel sikilé Senthun saperlu nggugah pamit énggal-énggal mulih. Melèk gragapan, Senthun nyawang jam. Dhèwèké njaluk ngapura wis njalari telaté Yèyèn anggoné budhal nyambut gawé.

“Mas, aku njupuk dhuwit saka dompètmu kanggo sangu numpak taksi, ya. Kowé ora usah ngeteraké aku,” ujaré Yèyèn karo nuduhaké dhuwit atusan èwu cacah telu.

Senthun mung bisa manthuk. Sanajan rumangsa nggondhok, dhèwèké tetep ngatonaké polatan sumèh.

Sapungkuré Yèyèn, Senthun dheleg-dheleg. Dhèwèké rumangsa kapusan, sebab wektu padha olah kadiwasan wengi kuwi, tandang gawéné Yèyèn sajak ora baèn-baèn lan pinter sandiwara saéngga ora ngétokaké yèn pakaryan satenané ya mung ngono kuwi, mblithuk wong lanang, apa manèh sing thokmis, bathuké klimis.

“Wong édan! Tiwas diréwangi golèk hotèl rada larang lan nganggo perasaan, jebul njaluk bayaran…..”

Senthun mung bisa ndremimil karo sikatan. Orang nganggo adus, dhèwèké énggal-énggal ninggalaké hotèl banjur mulih. Sadurungé tekan omah, Senthun mampir Puskesmas golèk layang katrangan lara, supaya sésuk ora didukani atasané.

Related posts:

Oly Mati Sawisé Digilir

Cilaka Karana Sayak

Luwih Apik Diakoni