Crita saka Sala



Anyel Marang Pulisi

Sep 24th, 2009 | By | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Jurnalisme, Kasus, Teras

Kemis Kliwon, 24 September watara tabuh 2 awan, kanca-kanca wartawan ribut. Padha misuh-misuh dhéwé, gemremeng, anyel marang tumindaké pulisi Dalmas sing rata-rata isin nom-nom, kaya durung suwé anggoné rampung pendhidhikan. Ujaré kanca-kanca kang anyel mau, para pulisi nom kuwi nggetak-nggetak wartawan sing lagi padha motrèt lan nyoting. Embuh apa wegah kétok rupané utawa embuh apa [...]



Noordin M. Top Wis Mati!

Sep 20th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Rerasan

Malem Setu, satengahé liyer-liyer, aku ditèlpon Djaduk Feriyanto. Durung sida ngomong, aku wis olèh pitakonan rada ngedrèll babagan matiné Noordin M Top. “Kuthamu kuwi anèh tenan! PKI asalé saka kana, saiki kelebon téroris Noordin. Jan, anèh tenan!!!” mangkono ujaré pentholan grup musik Kua Ètnika iku. Lha apa sambung rapeté karo aku, kok ndadak alok tur [...]



Asalé Tembung LONTHÉ

Sep 13th, 2009 | By | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita saka Sala, Teras

Aja klèru ing pandakwa, irah-irahan tulisanku iki ora ana gegayutané karo pisuhan. Nanging, aku mung pingin crita, yèn udakara nem wulan kepungkur, aku ngobrol karo kanca, sarjana Sastra Jawa. Dhèwèké kandha, yèn wektu semana durung nemokaké saka ngendi mula bukané tembung ‘lonthé’ iku. Kanca-kancané kanca sarjana mau, saben ditakoni malah padha éndha. “Wis ora usah [...]



Oly Mati Sawisé Digilir

Aug 26th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras

Mesakaké Oly, umur durung sepira tuwa wis kudu mati. Cilakané, matiné jalaran digilir déning lanangan, nenem cacahé. Ora kurang nelangsané, matiné Oly malah ana téras omahé dhéwé, wengi-wengi wanciné wong-wong sakomplèks perumahan pada turu angler. Awaké dhèdhèl dhuwèl, geger lan guluné abang-abang. Ana tilas grawutan utawa cokotan tur racaké katutan getih. Sarosa-rosané tenagané Oly, dhèwèké [...]



Cilaka Karana Sayak

Aug 23rd, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Teras

Wengi iki dadi wengi kang wigati kanggoné Tino. Babagan bandha, dhèwèké ora bakal kabotan yèn mung nyandhangi, makani lan nyukupi kabèh kebutuhané ponakané saka ndhésa sing nembé kuliyah ing Sala. Telung puluh taun dadi pemborong bangunan sing bisa diarani kasil, dhèwèké prasasat ora ana kurangé. Montor wis lima, omah lan lemah uga pating tlècèk. Nanging, [...]