Kasunyatan



Pesugihan Jaman Buta

Feb 11th, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan

Pesugihan iku klebu ingon-ingon, nanging ora katon wujudé. Jaman durung ana crita wong mati kesetrum nèng ndhésa, tembung pesugihan kerep kanggo ngarani utawa ndakwa wong sugih, utawa sing bandha donyané sarwa luwih tinimbang tangga teparoné. Ana sing diarani ngingu buto ijo, thuyul utawa inthuk, lan sapanunggalané. Bisa uga, wong-wong pinter bakal ngarani iku dadi wujud [...]



Rai Gedhèk, Endhas Tank

Jan 22nd, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan

Lucu tenan omongané Among dina iki. Loko (wacanen: kumendhan) Koalisi Rakyat untuk Hak Atas Air (KRuHA) iku ngonèkaké Èdisius rai gedhèk, endhas tank. Tegesé, ngancing lawang utawa teteg! Gara-garané sepélé, aku ngécé Èdi yèn dhèwèké ngalap berkah saka aku: nyruput kopiku tanpa nembung banjur njupuk rokok karo cengèngèsan. Nanging, kuwi mau mung guyon, gojègan antarané [...]



Pasar Cilik

Jan 11th, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan

Tembung pasar cilik pancèn ora trep yèn disandhingaké karo minimarket. Pasar cilik, lumrahé ya mung pasar sing ora pepak isiné, tur anané mung ana dhésa sing adoh saka kutha, lan biyasané buka ing dina-dina pasaran. Sapepak-pepaké dagangan, ora akèh kaya pasar-pasar ing sacedhaké kutha, sebab sing padha butuhaké ya pancèn ora sepira akèh. Sanajan kaya [...]



Dhuwit Cring

Dec 24th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras

Dhuwit cring wis rada ora kajèn wis awit biyèn. Bocah-bocah cilik ing ndhésa waé padha kléwa-kléwa yèn saben budhal sekolah disangoni nganggo dhuwit cring. Karepé dhuwit dluwang, sing kamangka wis ora ana dhuwit dluwang ijo gambar munyuk. Atusan abang, saliyané wis ora ana, pancèn ya wis ora aji. Saumpama isih ana sing ngajèni, paling ya [...]



Pelem Sengir

Dec 2nd, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan

Wanci sore ing sawijining dina, aku pamit mulih sawisé mertamu sawetara ana ing dalemé kanca. Aku disangoni cangkokan wit pelem, sing jebulé naté dakpesen wektu aku dolan kira-kira rong sasi sadurungé. Aku lali saplengan, ora kèlingan yèn naté kepingin duwé wit pelem sengir dhéwé, sing wis mataun-taun kangèlan golèk wohé sing dadi senenganku rikala isih [...]