Kasunyatan
Nov 17th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras
Sala dadi papané wong sing arep nyuwargakaké manuk wis kawentar awit mbiyèn. Sadurungé dadi taman sing éndah saploké Pak Jokowi dadi walikota, Balékambang wis dadi jujugané wong-wong saka njaban kutha. Nanging, saiki para priyayi sing ngawula manuk padha pindhah ana taman ing sajeroné Stadhion Manahan, saliyané Pasar Dhépok. Nanging, papan-papan kuwi mau mung ramé yèn [...]
Tags: Balekambang, budi tulup, Manahan, Pasar Depok, Pasar Manuk, RRI, sala, tukang tulup Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras |
16 comments
Oct 25th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan
Wengi-wengi, udan-udan numpak sédhan, karepé metu saka perumahan golèk lampu plenthong kanggo nggantèni lampu ing njero kolah sing nembe waé mati. Saka komplèks sing dakpanggoni, mlakuné lenyer amarga dalané pancèn alus, ora ana anggelan utawa pulisi turu. “Grok…!” Sepisan, pindho, nganti ganep kaping telu swara grak-grok keprungu saka ngisor linggihanku. Jebul, sédhan dagangan kanggo modhal [...]
Tags: anggelan, aspal, hot mix, palang wesi, polisi tidur, portal, pulisi turu, satpam Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan |
4 comments
Oct 20th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras
Sing ngati-ati urip nèng Sala. Lena sithik bisa kena godha sing pungkasané mung tuna lan gawé gela. Apa manèh yèn sira dhemen ndadèkaké kafé lan diskotik iku papan kanggo saba. Ora usah adoh-adoh, contoné kancaku sing yèn daksebut nganggo tembungé Koes Plus klebu nakil jalaran nakalé wis kliwat saka lumrahé liyan. Ing sawijining wengi, kancaku [...]
Tags: diskotik, hotel, kafe, Koes Plus, nakil, pub, Senthun, Yeyen Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Teras |
5 comments
Oct 16th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan
Malem Jemuwah klebu sangad sing apik kanggo para copèt. Wanci panèn, kocapé. Mula, para kondhèktur sing apikan kerep ngélingaké para penumpangé supaya luwih waspada. Racaké kanthi cara nyedhaki penumpang banjur klesak-klesik ngandhani anané copèt ana ing njero bis. Kondhèktur wis apal polahé para copèt sing racaké munggah bareng-bareng, antarané wong loro tumekané papat-lima, malah ana [...]
Tags: bis, copet, Gunung Kemukus, Kebo Kenanga, kondhektur, Pangeran Samodra, Pengging, Yasadipura Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan |
3 comments
Oct 12th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras
Sala pancèn béda tinimbang kutha-kutha liya. Wanci awan ramé banget, yèn ora klèru cacahé tikel telu saka cacah jiwa asliné. Benginé uga isih ramé. Papan kanggo jajan sumebar ana saindenging kutha, panganané manékawarna, sing raméné ora perlu dipaido. Mula ora mokal yèn Sala kondhang kanthi julukan kutha sing ora tau turu. Purwosari, Keprabon lan Nonongan [...]
Tags: Coyudan, Gladak, Heiho, jajanan, jugun ianfu, Keprabon, Kokok, Kottabarat, Maria Ozawa, Nonongan, sushi Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras |
11 comments