Celathu Basa Jawa



Manuk Gemak

Dec 19th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Saiki, manuk gemak disenengi wong akèh. Ora wong dhésa ora kutha, padha waé. Jalaran regané murah, banjur nggladrah. Golèk nèng pasar gampang, saben angkringan utawa papan kanggo wédangan uga cumepak. Manuk gemak lan endhogé nggladrah ing ngendi papan. Malah, ana kutha utawa papan kanggo pesta, sop waé ana endhog gemaké, semono uga bakso, saiki lumrah [...]



Srinthil Dudu Lonthé

Nov 19th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Tumrap wong kang cupet nalaré, Srinthil kang dadi rol ana filem Sang Penari, bisa dianggep lan dipadhakaké wong nakal, lènjèh lan sapanunggalané. Semono uga tumrap wong kan semuci suci, bisa-bisa bakal nganggep Srinthil wis nalisir saka ajaran agama. Kamangka, Srinthil dudu lèdhèk geleman, utawa wong kang ora bisa ditebas wadag lan atiné kanthi ijol bandha [...]



Donya Manuk Ocèh-ocèhan

Nov 7th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Yèn kira-kira limalas taun kepungkur, rebutan pager bisa dikira udrek-udrekan babagan radio panggil utawa radio celuk duwèké EasyCall utawa Starko. Béda uga karo rebutan pager sing awujud wesi, tembok bètèng utawa bethèk kang digawé saka pring. Dudu. Nanging iki babagan tandha pager, wujude #, sing déning wong saiki diarani hèstèk, saka tembung manca hashtag. Basa [...]



Ngundhuh Tanpa Nandur

Nov 4th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Lumrahé, sapa nandur yaiku kang bakal ngundhuh. Nanging, paribasan mangkono iku sajaké wis ora trep tumrapé wong modheren. Nyatané, akèh wong kang ora naté tetandur nanging bisa panèn ngungkuli sing tumandang, wiwit nyebar winih tumekané opèn-opèn kanthi wragad ora sithik. Ngingu lélé waé, ing jaman saiki, kaya déné nyepaki lawuh para maling. Wis sauntara aku [...]



Ngeblog Apa Ngetwit?

Oct 27th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Fesbukan oleh, ngetwit ya ora dadi perkara, waton isih padha gelem nganyari crita ana bloge dhewe-dhewe. Kanthi ngeblog, kita bisa nularake kawruh marang sapadha-padha titahe Gusti Allah. Bisa lumantar seratan, foto utawa gambar, swara utawa malah nganggo video. Aja nganti seneng ngetwit wae, banjur ngebloge lali. Wis akeh contone, sing mbiyen kondhang kawentar minangka tetungguling [...]