Rerasan
Nov 9th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Rerasan, Teras
Gègèran utawa ontran-ontran baya angop ngécé cecak sajaké bakal rada suwé. Kanggoku, apa sing diramèkaké déning koran, tipi, radio lan internèt saiki nembé pemanasan. Korupsi proyèk radhio ana Départemèn Kehutanan durung ana amput-amputé yèn dibandhingaké marang potènsi korupsi Bank Century. Malah, miturut pamawasku, saya ramé perkara rekaman tilpuné Anggodo (iki dudu seduluré Anila, lho. jaman [...]
Tags: Aligator, Bank Century, baya, cecak, dinosaurus, KPK, pulisi Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Rerasan, Teras |
4 comments
Sep 20th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Rerasan
Malem Setu, satengahé liyer-liyer, aku ditèlpon Djaduk Feriyanto. Durung sida ngomong, aku wis olèh pitakonan rada ngedrèll babagan matiné Noordin M Top. “Kuthamu kuwi anèh tenan! PKI asalé saka kana, saiki kelebon téroris Noordin. Jan, anèh tenan!!!” mangkono ujaré pentholan grup musik Kua Ètnika iku. Lha apa sambung rapeté karo aku, kok ndadak alok tur [...]
Tags: agama, Aidit, Bank Century, Djaduk, laweyan, Noordin M Top, pedhang, sala, SDI, SI, teroris, tintrim Posted in Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Kasunyatan, Rerasan |
4 comments
Sep 16th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Rerasan, Teras
Kakang-kakang lan mbakyu-mbakyu, Aku bisa ngrasakaké sepira larané atimu wektu ana sedulur mBornéo alok banter, ngonèk-onèkaké awakmu, lan ngundhat-undhat kabecikanmu. Sapa sing ora pingget atiné, adoh-adoh mabur saka mBetawi, nglurug nggawa bala niyat sedhekah ngilmu, nanging tundhané mung dijiwiti?!? Aku wis nyemak apa sing dadi uneg-unegé pada sedulur ing tlatah sabrang. Ora perlu gumun, aku [...]
Tags: Bengawan, betawi, blogger, Borneo, mBetawi, mBorneo, pesta, pestablogger, sala Posted in Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Rerasan, Teras |
18 comments
Jul 15th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Rerasan
Ora suwé manèh, Kutha Sala bakal ramé yèn gedhung Solo Paragon wis rampung pembangunané. Saliyané kondotèl (dudu cekakan saka tembung kondom hotèl, lho), yaiku apartemèn sing bisa disewa kaya déné kamar hotèl, ana komplèks iku bakal ngadeg uga plasa superméwah kanggo ukurané wong Sala. Méwahé, kira-kira kaya Plaza Indonesia ing Jakarta. Bédané, sing ana Jakarta [...]
Tags: mall, plasa. underpass, sala Posted in Rerasan |
5 comments
Jun 11th, 2009 |
By Blontank Poer |
Category: Rerasan
Luwih sepuluh taun kepungkur, aku tau dionèk-onèkaké déning seniwati saka mBetawi. Jalarané sepélé, aku nuduhaké panggonan kang ora mathuk karo karepé. Jujur waé, wektu semana aku ora wani piya-piyé, apa manèh aku gumun marang karya-karyané. Apik lan pantes disawang, tur kerep bisa gawé kèliné rasa kanggoné sing ndelok. Nyuwun dimaklumi, jenengé waé nge-fans… Apa manèh, [...]
Tags: Kedungombo, KUHP, seniwati, UU ITE, wagu Posted in Rerasan |
4 comments