Rerasan



Asu

Jun 8th, 2009 | By | Category: Rerasan

Aku duwé tangga rada wagu. Ingon-ingonané asu cacahé telu. Sing siji embuh apa arané, sing loro genah cetha wéla-wéla, jinisé Dalmatian. Lorèng-lorèngé cetha kaya sapi poang utawa sapi perah, gedhéné sagedéné pedhèt umur selapan. Nanging, bedané karo sapi perah, asu lorèng iku luwih kopèn. Wuluné resik, ora kaya sapi-sapi sing akèh diingu wong mBoyolali iku. [...]



Tombok Hèlm Jalaran nge-Blog

Apr 23rd, 2009 | By | Category: Rerasan

Aku kapétung begja nduwèni hèlm murahan. Sirah melar sauntara wektu, ngesuk hèlm nganti hèlmé benthèt. Coba hèlm larang, mbokmenawa aku malah tombok akèh banget. Kudu nggraji hèlm banjur priksa menyang ndhokteran jalaran sirah dadi ngelu keliwat-liwat. Coba, bocah labil endi sing ora bakal megar sirahé yèn olèh akèh pangalembana, apa manèh saka koran-koran pinunjul kaya [...]



Ngélingaké, Mbokmenawa Kelalèn

Mar 3rd, 2009 | By | Category: Rerasan

Cedhak marang panguwasa, bakalé menangan. Cepet moncer, gampang kondhang  Ing kéné, kang dak sebut panguwasa ora liya ya para priyayi kang nduwèni srana, kaya kang naté dijangka déning Kangjeng Gusti Pangèran Haryo Alvin Toffler, puluhan taun kepungkur. “Sasintena ingkang nguwaosi impormasi, bakalé urip menangan,” mangkono kurang-luwihé ngendikané. Coba panjenengan sadaya menggalih kanthi wening. Apa kaluwihané [...]



Pilih Teplok utawa Bolam?

Feb 10th, 2009 | By | Category: Rerasan

Kang Dodo sambat, curhat yen dheweke wus suwe ora weruh teplok. Iku dudu bab kandele tesmak sing kaya lodhong ampyang saengga njalari Kang Dodo ora weruh lampu teplok, ananging ngenani langkane pedagang lampu teplok kang mubeng-mubeng nganggo pikulan utawa grobag. Sanajan sarjana lulusan Sospol U eN eS, dak kira Mas Dodo wus kelalen pelajaran Pengantar [...]



Sala Kaincim dening Banjir

Feb 9th, 2009 | By | Category: Rerasan

Wus watara rong minggu, kutha Sala terus-terusan kaincim dening tumekaning banjir. Udan deres ora nate kendhat, awan tumekaning wengi. Banyu saka kali-kali kang mili saka Klaten lan Boyolali, terus ngebaki Bengawan Sala. Ana sadhengah papan luberan malah munggah ana ratan-ratan alus. Kayata ing Semanggi, Premulung, Sriwedari. Manahan lan Sumber uga kebagian banyu kang mili gedhe, [...]