Sapa Kiyi



Kepacé Korban Bom Afghanistan

Aug 14th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Sapa Kiyi, Teras

Nyedhaki kenthong subuh, aku ngurupaké Fèsbuk. Mak jegagik! Aku weruh Kang Andi Riccardi onlèn. Aku rada nyicil ayem, sebab kanca sing wis kaya sedulur iku nembé waé cilaka, nampa pacoban saka Pangèran. Panser Stryker sing ditumpaki bareng-bareng karo tentara NATO ngidak bom, banjur njeblug. Wektu iku, Selasa (11/8) awan, dhèwèké mèlu patroli. Iring-iringan nganggo panser [...]



Warsito Merdhéka

Jul 27th, 2009 | By | Category: Sapa Kiyi, Teras

Dianggep édan, Warsito ora tau nesu. Sansaya akèh sing ngonèkaké édan dhèwèké, wong lanang sing saiki umuré 50 taunan iku malah sansaya kementhus. “Aku pancèn édan. Arep ngapa, kowé?” Mangkono biyasané Warsito nanggepi celathuné wong akèh. Embuh kuwi mahasiswa, embuh iku seniman. Umuké uga ora tanggung-tanggung: ndudud dhompèt banjur mamèraké potoné dhèwèké jèjèr Mbak Tutut. [...]



Suparto Brata: Blogger Sepuh Crita Nyembrèt Kutang

Jun 22nd, 2009 | By | Category: Sapa Kiyi

Sepuluh dina kepungkur, aku olèh kanugrahan saka Pangèran Ta’ala. Nyowani Pak Harsoyo alias Pak Arjo jalaran wis suwé ora ketemu, rasané aku kaya njegur ana sajroning Umbul Mantèn ing Janti, Polanharjo. Banyuné bening, tansah anyep lan seger kanggo ciblon. Ndilalah kersaning Allah, mungkasi jagongan wong loro iku, Pak Arjo nuduhaké buku ngenani Jawa lan basa [...]



Pak Murti Pingin Tuku Beteng

Feb 26th, 2009 | By | Category: Sapa Kiyi

Nembé waé aku krungu kabar, yèn Pak Murtidjono mulai ngamèn karo kanca-kanca seniman Sala. Iki ngamèn kang ora baèn-baèn. Pak Murti iku priyayi pinunjul: tau dadi kepala Té-Bé-èS awit ngadegé papané seniman iku Jawa Tengah tumeka pensiuné. Saiki kasuwun kanca-kanca seniman, mandhégani Déwan Kesenian Surakarta. Kok isih kersa ngamèn? Ya mangkono iku bedané Pak Murti [...]