Waton Ngablak



Malik Donga

Feb 1st, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Waton Ngablak

Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.
Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. [...]



Rai Surya

Jan 26th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras, Waton Ngablak

Aku naté duwé kanca, jenengé Rai Surya. Embuh kena ngapa, bapaké wong kuwi, mènèhi tetenger anaké kanthi asma sing klebu suréalis. Kamangka, jeneng suréalis kuwi pantesé mung kanggo para déwa, dudu manungsa kaya si ndara kuwi. Coba gatèkna sing pratitis: Rai nuduhaké rupa, déné Surya iku srengéngé utawa pabrik sunar pepadhang.
Nanging, bisa waé si ndara, [...]



Sasmita Babé Nyiyak Abégé

Jan 21st, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras, Waton Ngablak

Bapak ngetengi anak utawa simbok matèni bay iwis kerep metu ing tipi. Nggregetaké sapa waé lan gawé anyelé wong mayuta-yuta sa-Éndhonésa. Kamangka, saben dina wong wis digawé anyel déning kabar lumantar koran, lan dhagelan asu-asunan lumantar tipi. Kayata, wong DPR ènthèng muni bangsat kaya déné aba sate, uga sakepenaké muni-muni ana sidhang sing ngusut dhuwit [...]



Bang Yès, Oh No!

Jan 18th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras, Waton Ngablak

Trep karo sebutané, Bang Yès pancèn yès tenan. Disawang saka kadohan kaya Landa, mbareng cedhak Jawa mlaha. Lair ana laladan Jawa ndhésa, nanging gedhéné rada kesuwèn ana kutha. Klèru milih kanca srawung, mula kedadèyané banjur kemlanda-landa, rambut diklimis-klimisaké kaya déné Mister Smith, mulané kondhang boros pomade.
Yèn caturan, pinginé nganggo basa Jawa. Sanajan krasa rada nggregel [...]



Durjana Macak Ndara

Jan 13th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras, Waton Ngablak

Aja tolah-tolèh, sing yakin waé marang batiné dhéwé-dhéwé. Anggepen, bangsané dhéwé nembé nampa pacoban jalaran wis seprana-sepréné padha ora karep ndandani negara. Senengané padha nganggep diriné wong cilik, sing ora perlu mèlu cawé-cawé mbangun negara. Begja, Gusti Allah isih kersa nyelèkaké mata kita lumantar patrap para durjana sing memba-memba bandara lan satriya.
Anané baya mencak-mencak marang [...]