Blontank Poer » Waton Ngablak
Malik Donga
Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.
Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. Golèk sandhang pangan rada angèl, jalaran pindhah menyang ndhésa. “Yèn nèng kutha ki, rumangsaku ngapa-apa kok gampang. Bareng pindhah ndhésa, jannn… golèk dhuwit satus èwu waé angèlé ora mekakat!” ujaré Ari.
Si Gunarto nyaut, “Cara ndonganmu mesthi klèru. Ndonga ki ya nganggo strategi, aja waton bisa nggawé tembung.”
Aku banjur mèlu-mèlu nyemplung, mlebu menyang pokoké rembug. “Iya iki, Gun, aku ya rada kangèlan golèk upa. Apa wong-wong ki wis wegah mènèhi gawéyan karo aku, ya?”
“Sik… Aja-aja, kowé ki kwalitèté yang mung padha karo Ari. Yèn daksawang-sawang, sajaké pancèn iya. Kowé arang ndedonga, ya?” pitakoné Gunarto.
“Pancèn ya ora patia kerep ndonga, Gun. Sing genah, dosaku akèh, mula Gusti Allah arang-arang maringi rejeki marang aku,” jawabku.
“Lha ya, kuwi. Saumpama kowé kerep ndonga, sok-sok caramu sing klèru, lho!” sumauré Igut.
“Kowé ki kaya ngerti-ngertiya waé ta, Gun. Sajak paling ngerti bab donga-donganan…” Ari ora trima, jalaran wis sregep anggone nyenyuwun lan memuji, atur panuwun awit wis diparingi rejeki déning Gusti. Sanajan saiki lagi kaya dipepet, ora liya mung dianggep nembé olèh pacoban, nganti sepira sabaré yèn ora diuja bandha marang Sing Kuwasa.
“Ngéné lho, Ri. Yèn kowé gelem ngilo githokmu dhéwé, kuduné ya ngerti sepira regedmu ana nagrepé Gusti Allah.  Wong kelakuwanmu waé ala, mosok dongamu njaluk tinampa,” ujaré Gunarto.
Ora trima Ari disesorahi, aku rada ora trima. “Lha iya amarga manungsa panggonané luput lan dosa kuwi ta, Gun, banjur ndonga lan nyuwun ngapura marang Gusti Allah sing wis maringi apa waé.”
“Ngéné, lho. Yèn dongamu ora tau mandi, coba walikén. Njaluka rekasa, mengko rak diparingi pénak! Lha yèn kowé padha mung njaluk kepénak kamangka kowé padha sakepénaké dhéwé, tangèh lamun dikabulaké kajatmu,” jawabé Gunarto.
“Dadi, perlu strategi. Carané ndonga diwalik waé…..” Gunarto nerusaké nasihat kenthiré.
Aku karo Ari mung ndomblong ngrungokaké naséhat ala kaya ngono kuwi. Mosok padha waniya, gojègan karo Gusti Allah. Tiwas nembung njaluk cilaka, banjur dituruti tenan, apa ora malah kojur?
“Wis Ri, ayo madhang waé. Nuruti Gunarto ora ana entèké, ora ana paédahé,” ujarku. Dakkanthi, aku lan Ari ngadohi Gunarto, golèk soto lan tèh ginasthel sing marakaké padhang mata lan waregé weteng.
Related posts:
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Luwih Apik Diakoni
Pasar Cilik
Rai Surya
Aku naté duwé kanca, jenengé Rai Surya. Embuh kena ngapa, bapaké wong kuwi, mènèhi tetenger anaké kanthi asma sing klebu suréalis. Kamangka, jeneng suréalis kuwi pantesé mung kanggo para déwa, dudu manungsa kaya si ndara kuwi. Coba gatèkna sing pratitis: Rai nuduhaké rupa, déné Surya iku srengéngé utawa pabrik sunar pepadhang.
Nanging, bisa waé si ndara, bapaké Rai Surya wis dadi korban pilsapat utawa tetembungan dakik-dakik sing lairé saka pikirané wong-wong sing kakèhan nguntal sekolahan. Lha yèn rainé waé cinandra kaya srengéngé, lha piyé olèhé wong liya bisa nyawang wujud asliné: wujudé waé bisa mblerengi?
Apa pancèn ora perlu disawang waé? Nanging, yèn ora disawang ya piyé, apa ora malah mesakaké dhèwèké? Sanajan anak ndara, sajaké Rai Surya klebu bocah sing wektu cilik kurang bungah utawa masa kecil kurang bahagia! Coba waé digatèkaké: bocah iku senengané golèk-golèk perkara, perluné supaya padha nggatèkaké.
Bab kepinteran, pancèn durung bisa ditimbang marang keluwihané wong-wong liyané. Sing paling bisa njalari kondhang, mung amarga Rai Surya seneng banget nonton sekèh pilem, saka pilem anak-anak tumekané pilem saru. Jaan durung duwé dhuwit, senengané saba warnèt utawa menyang sekolahan, bakuné mung butuh ngundhuh pilem lan lelagon saka internèt. Mula, Rai Surya ora naté lali, menyang endi waé sanguné flashdisk.
Malah, saka kranjingané marang pilem (gratisan), kanca-kanca sekolahé banjur mènèhi sebutan anyar, yaiku Rai Trijipi. Ya wis dhasar ndilalah, akèh kanca sekolahé sing asalé saka ndhésa, mula ora ngerti apa-apa. Nanging, yèn lumrahé wong isin diarani nganggo sebutan kaya ngono kuwi, kosok balèné Rai Surya malah nggembélo, rumangsa luwih jago.
Dhasar Rai Surya, sing mbokmenawa cilikané rada kurang diajari tata krama, jeneng paraban kuwi mau malah dipamèr-pamèraké marang sapa waé, utamané kenalan-kenalan anyaré. Sajaké, Rai Surya wis mantep tenan marang dalan uripé, dadi wong sing pinunjul ana ilmu babagan tata swara lan tata gambar.
Meneng-meneng, Rai Surya kursus intènsip cara privat menyang kutha gedhé. Dhèwèké ngilang sawetara, ngadohi kanca-kanca, ngakuné arep nunggoni sedulur sing lara nèng kutha liya, kamangka sing dituju mung Ngayogyakarta.
Ééé…dhasar nasibé Rai Surya lagi begja, lagi arep rampung anggoné kursus, nèng Jakarta ana berita gedhé, yaiku ana bintang pilem kesandhung perkara. Adegan pacaran nganggo wuda sing direkam nganggo tèlpun gegem nyebar menyang ngendi-endi, banjur si bintang pilem mau kisinan dhéwé. Ora ngerti mula bukané kenapa rekaman pribadi mau bisa nyebar tekan ngendi-endi, mula wong mau kekejer pingin énggal nutupi wadi.
Meneng-meneng, Rai Surya kirim layang menyang pabrik gosip sing arané rumah produksi infotainmen. Surya ngaku bisa nlisik asal-usulé pilem saka gambar sing wis nyebar. Cukup nganggo lèptop sing wis pinter banget, Rai Surya janji bisa miyak underané perkara.
Cekaké, Rai Surya kasil tenan njlèntrèhaké perkarané. Ing antaranaé, jalaran tèlpun gegem sing kanggo nyimpen gambar mau wis nganggo bluetooth, lan ndilalah fasilitas bluetooth mau aktip terus karana sing duwé ya ora patia mudheng gunané. Jan-jané mung ilmu cethèk, nanging nyatané ana paédahé. Rai Surya kondang jalaran mlebu tipi.
Kanca-kancané sekolah padha kagèt weruh Rai Surya mlebu tipi. Padha nggumun, jebulé paraban Rai Trijipi malah mberkahi. Satengahé padha nggrenengi, Rai Surya teka. Durung entèk kagèté lan lagi padha pingin ngadeg arep nyalami kanggo atur keslametan, Rai Surya wis andum kertu nama.
Ana dluwang putih ukuran rada cilik mau tinulis seratan sing ngagètaké: Roy Trie GP, Ahli Multimedia. Komplit ana nomer tèlpun lan alamat e-mail-é. Rai Surya, pancen mblerengi, angèl disawang tur rekasa dimangertèni….. (apa manèh karepé)
Related posts:
Bang Yès, Oh No!
Matur Nuwun, Dik Roy
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Bapak ngetengi anak utawa simbok matèni bay iwis kerep metu ing tipi. Nggregetaké sapa waé lan gawé anyelé wong mayuta-yuta sa-Éndhonésa. Kamangka, saben dina wong wis digawé anyel déning kabar lumantar koran, lan dhagelan asu-asunan lumantar tipi. Kayata, wong DPR ènthèng muni bangsat kaya déné aba sate, uga sakepenaké muni-muni ana sidhang sing ngusut dhuwit bank garongan.
Nyuwun pangapura marang para pamaos tulisan iki, anané pingin misuh wis ora kena kaampet tenan. Wong-wong sing jaréné wakil rakyat kaé wis ketegelen marang rakyat sing lila mulyakaké para artis parté pulitik kaé nganti tumeka ing Senayan. Coba, tulung tuduhna manungsa endi sing wis temen-temen mikir bangsané lan pantes diajèni, daksowanané bèn bisa ngambung sikilé…
Kabèh mung padha kaya wong entul-entulan rega nèng pasar, kamangka kuduné njejegaké sing miring supaya bisa lempeng manèh. Nyatané, lagi disemoni babagan koalisi waé, wong parté padha kewedèn, banjur ngganti wakilé ana ing Pansus. Sing RADA (tegesé durung) wani nakoni para seksi bail out Bank Century disingkiraké, diganti sing plegak-pleguk. Lha yèn pingin nglawak mbok diélokaké Thukul utawa Srimulat, malah dadi luwih cetha, tur prawira.
Coba, apa wong-wong kaé padha mikir kaya ngapa bosoké Départemen Hukum lan HAM? Kamangka wis cetha wéla-wéla, wong sing julukané durjana waé bisa nuku sipir lan ndhuwurané, nganti nèng njero krangkèng swasanané kaya ana omahé dhéwé-dhéwé. Kabèh wong ora picak,bisa nyawang kasunyatan mangkono lumantar tipi lan layang kabar.
Sing nganyelaké manèh, pejabaté malah muni yèn sing kaya mangkono kuwi klebu lumrah, lan isih bisa ditampa. Lha mbok dipikir, kaya ngapa larane wong-wong sing dikunjara jalaran mung nyolong pitiké tanggané, nasibé kesurang-surang kamangka tumindaké mbiyèn mung saperlu butuh bisa nempur lan ngèman nyawa tinimbang mati kaliren.
Uteké pada didokok ana ngendi yèn ngono kuwi? Lha mbok padha éling, anggoné bisa padha urip mulya kuwi ancik-ancik sapa? Wong pira sing uripé dadi brangasan jalaran kangèlan ngupaya upa amarga polahé para punggawa negara wis nyuda jatahé bangsané dhéwé. Yèn karo Landa waé padha ngawula, diutangi pira-pira ditampa mung butuh bisa mèlu ngrayah, kamangka para rèntenir kuwi teka macak tetulung kamangka menthung kanthi rènten, luwih saka pétungan ngrolasi.
Uga wis gamblang, anané wong mènèk tower butuh nglalu, bocah cilik kendhat ana ndhuwur paturoné, lan sapanunggalané, racaké nganggo alesan kangèlan ragad sekolah, ora duwé dhuwit kanggo mertamba sekèh lelara, lan sapanunggalané. Malah, ana ibu nganti tegel matèni anaké, ngakuné keri kupingé amarga bocah nangis waé. Bisa uga, pancèn karana suwé nglakoni rekasa uripé, banjur cekak pikiré, banjur ènthèng milara utawa merjaya anak-anaké.
Mbok wong-wong DPR, nayaka praja, lan penggedhé iku mulat marang asal-usulé dhéwé-dhéwé, supaya ora kethul rasané. Coba padha dipikir kanthi wening, kena ngapa wong tuwa tega ngeloni anaké dhéwé, utawa kaya wong sing arané Babe sing senengé nyiak bokong-bokong abégé lan mothèng-motheng jasaté! Lara jiwa tangèh teka tanpa marga. Kabèh ana jalarané.
Kabèh perkara sing ora lumrah iku yekti dadi sasmita kanggo kowé kabèh, klebu wong-wong kaya aku, sing kwalitèté genah luwih apik tinimbang kowé. Sasmita cetha, sing ora kolang-kalingan apa-apa, ketutup pedhut waé ya ora.
Lha yèn wis padha ora gelem mikir rakyaté, aku ya seneng-seneng  waé nirokaké uniné Ruhut kaé: kowé kabèh ya bangsat! Jujur, aku iklas ngonèkaké bangsat marang kowé kabèh. Dakkira, aku ora dosa… (Gusti Allah luwih pirsa)
Related posts:
Sasmita Saka Lurung
Sasmita Udan Awu
Malik Donga
Bang Yès, Oh No!
Trep karo sebutané, Bang Yès pancèn yès tenan. Disawang saka kadohan kaya Landa, mbareng cedhak Jawa mlaha. Lair ana laladan Jawa ndhésa, nanging gedhéné rada kesuwèn ana kutha. Klèru milih kanca srawung, mula kedadèyané banjur kemlanda-landa, rambut diklimis-klimisaké kaya déné Mister Smith, mulané kondhang boros pomade.
Yèn caturan, pinginé nganggo basa Jawa. Sanajan krasa rada nggregel aliyas ngiklik, nanging kanca-kancané ora ana sing nggrundhel. Dianggep lumrah, wong pancèn wis mlebu alamé urip modhèren. Mula jalaran kerep ngucap yès kanggo ngatonaké rasa seneng utawa cocok anggoné rembugan apa waé, si Bandhel Yekti diparabi Bang Yès.
Rumangsa wis kasil bisa nelukaké kutha, Bang Yès sing pancèn pinter sekolahé awit SD banjur ada-ada njago Bupati Kurusétra. Sanajan asalé saka ndhésa, dhèwèké ora gigrig babar blas. Ndilalah, wong-wong kutha sing padha njago pancèn kondhang pekok. Ana sing pinter waé, wongé duwé cacat sing klebu angèl dingapura karana kondhang dadi kècu jagal manungsa. Kanggo ngrebut bandhané wong liya, ora wigah-wigih merjaya.
Kocap kacarita, Bang Yès kepilih dadi bupati kanthi swara aklamasi. Tegesé, kabèh manthuk-manthuk sarujuk, apa manèh pancèn wis ora ana tandhingé. Gandaré pantes madeg praja, tembungé rada alus lan bisa tinampa. Lakuné sarwa tinata, malah kepara katon kaya bandara anak raja-raja Jawa.
Setaun rong taun, Bang Yès disenengi wong satlatah Kurusétra. Titis mbedhili durjana, ora naté léna marang godha bandha donya. Rakyaté padha bungah banjur numusi anané banjir pangalembana. Apa uniné Bang Yès, kabèh sarujuk lan manthuk-manthuk.
Nanging bilainé, Bang Yès banjur mabuk, ora kuwat nampa pangalembana. Rumangsa disenengi lan dianggep kaya pahlawan sing wis bisa nylametaké negara saka godhané bégal kècu lan sapanunggalané, Bang Yès lali nata prajané. Siji-loro kancané seneng ngunthet jatah blanjané aspal kanggo dandan-dandan dalan. Kulawargané semono uga, banjur mèlu payu dodol cap jempol.
Saben ngonangi ana andhahan sing mokal-mokal maling, bojoné Bang Yès mèlu njèwèr wong sing wis tumindak culika. Ngira-ira Kanjeng Gusti Putri ora béda karo para bandara-bandara sing sadurungé, para andhahan sing konangan mau banjur asok glondhong pengareng-areng. Ana sing kirim dhuwit awujud cèk, ana uga sing ngimig-imingi barlèyan. Ééé…kok ndilalah kepeneran, ketrima déning Gusti Putri!
Ya wis, wusanané Kabupatèn Kurusétra banjur cepet reja. Wit-witan ana tengah kutha padha ditegori, lemah-lemah nganggur banjur ditanduri omah-omah beton. Akèh toko lan hotèl banjur binangun nganti saben wengi katon lampu mencorong saka gedhong sing magrong-magrong.
Saking raketé kekancan, tembéné kaya paribasan tumbu olèh tutup. Sing nyolong dhemen setor, sing nampa pisungsung banjur mèlu mbambung sarèhné ngerti enaké mangan bandha colongan saka proyèk-proyèk. Rasané, kulawargané Bang Yès wis mèlu gluprut kebak pulut jalaran mèlu mangan irisan nangka, mula banjur ora wani alok, ora bisa piya-piyé.
Bang Yès sing luwih manut marang Kanjeng Gusti Putri ya kepeksa dadi dèkèngé kulawarga. Kepeksa kudu njaga praja, sanajan saya suwé carané sansaya ora prawira. Kabèh kanca sing naté mèlu nyengkuyung anggoné madeg bupati padha diciprati. Ana sing olèh papan, ana sing diwènèhi gawéyan, lan ora kurang uga sing gawéyané saben dina mung ongkang-ongkang nanging uga kebagèyan nyep-nyep.
Nanging cilakané wong mangun kekancan mung nganggo lambaran sarwa kadonyan, Bang Yès lali yèn dhèwèké wis kebablasen anggoné nyalahgunakaké panguwasa. Sepisan ana proyèk gedhé, karepé dipangan dhéwé supaya awèt kanggo sangu pensiyun mbesuké. Sedulurané ora langgeng, malah padha ngiwi-iwi miyak wadi.
Dhasar wong ndhésa sing cilikané jebul ingah-ingih lan gembèng, kagèt ngadhepi perkara gedhé kanthi kahanan tininggal déning kanca. Pinginé nututi perkara nganggo cara napuk bandha, nanging saiki wis padha nglalèkaké. Apa manèh, ana dalan kanggo njlomprongaké Bang Yès.
Sejatiné, itung-itugané mung sepelé: yèn ditambahi nyang-nyangané bakal padha nglanggengaké kekancané. Nanging dhasar wis dadi jalaran cilakané Bang Yès. Dhèwèké ora gelem nyuda bandha sing wis kasil diklumpukaké jalaran ngerti enaké, malah kepara bengok-bengok nggetak kanca-kanca sing diadhepi kaya satruné.
Para durjana nyanyi, njogat-njogèt lan padha surak horé. Saben dina padha nglumpuk, jagongan nggrenengi kelakuwané Bang Yès sing nglalèkaké bot-répoté para kanca lan mitrané. Embuh nganti kapan, Bang Yès bisa langgeng kuwasané. Para kanca lan andhahané rumangsa kisinan dhéwé-dhéwé, jalaran rakyat wis padha mangertèni wadiné. Mula, saiki padha golèk slamet dhéwé-dhéwé.
Si A lan Si B padha muni yès saben ketemu siji lan sijiné, déné Bang Yès mung nggrundhel lan anyel. Mangkel. Wis kahanané lagi keseser kaya ngono, putuné sing biysané bisa nentremaké pikiré jalaran lagi lucu-lucuné amarga bisa ngadeg lan ngocèh, gendhingané saja ngécé.
Oh yès… oh no….! oh yès… oh no….. !
Jebul, anaké Bang Yès ya klebu ora teges. Kerep kelalèn, muter pilem saru saben arep mapan turu, mula anaké sing krungu banjur tiru-tiru. Cilakané, Bang Yès sing dadi simbahé rumangsa kesindhir ocèhané putuné dhéwé, kamanga durung ngerti piya-piyé.
Related posts:
Durjana Macak Ndara
Malik Donga
Rai Surya
Durjana Macak Ndara
Aja tolah-tolèh, sing yakin waé marang batiné dhéwé-dhéwé. Anggepen, bangsané dhéwé nembé nampa pacoban jalaran wis seprana-sepréné padha ora karep ndandani negara. Senengané padha nganggep diriné wong cilik, sing ora perlu mèlu cawé-cawé mbangun negara. Begja, Gusti Allah isih kersa nyelèkaké mata kita lumantar patrap para durjana sing memba-memba bandara lan satriya.
Anané baya mencak-mencak marang cecak lan durjana umuk bisa nuku prajané jagabaya nganti bisa ngatur lakuné perkara, mesthiné wis cukup kanggo mbesèt rainé para tetungguling negara. Nanging nyatané, tetep waé isih padha durung krasa. Gusti Pangèran banjur ngutus satriya mbangsat ana sajroning rembug tuwa.
Dhasaré matané wis padha picek, kuping budheg lan atiné peteng ndhedhet, sasmita sing wis cetha wéla-wéla kaya mangkono yang tetep durung bisa kawaca. Wusanané, Gusti Allah kepareng ngutus manèh kanggo nyelèkaké mata! Kanjeng Gusti Putri Artalita sing wis cetha durjana lan kajeblosaké ana mbuwèn, jebul énak-kepénak urip mulya ing sajroning pakunjaran. Bèngèsan ora naté kelépyan, resik-resik rai waé ngundang wong ahli.
Émané, presidhèné kok ya mung dikandhakaké wis mireng lan prihatin. Sabanjuré, sing katon mung mentri kang (mmiturut panemuku) éthok-éthok résponsip banjur tumindak cèkat-cèket nglorot Lurah Krangkèng Pondok Bambu. Sing marakaké kemekelen, anané  Kanjeng Gusti Putri Artalita dimulyakaké ana sajroning pakunjaran jalaran mesakaké yèn nganti cilaka amarga dikruyuk wong-wong sing wis luwih dhisik nampa ukuman.
Lha wis samesthiné para sipir, ya prajurit krangkèng iku, duwé kuwajiban njaga aja nganti ana perkara jambak-jambakan utawa gegelutan ana sajroning pakunjaran. Lha wong-wong kuwi diblanja negara supaya njaga katentreman. Tur manèh, anané wong-wong kuwi padha dikunjara pancèn minangka tebusané awit tumindak ala, culika lan durjana marang wong liya utawa negara.
Sing biyasané urip bébas dadi ora bébas, sing kulinané mangan énak dipeksa mangan saanané, ing pangajab supaya padha kapok, banjur mbésuké wis ora bakal mbalèni tumindaké sing gawé ruginé liyan. Lha yèn wong sing jaré diukum nanging isih bisa ngrasakaké pénaké kaya wektu-wektu sadurungé, terus apa paédahé negara mbangun pakunjaran, mblanja sipir, nganakaké sidhang, pepriksan lan sapanunggalané kuwi?!?
Mesthiné, rakyat wis ora perlu manèh rumangsa dadi wong cilik. Adeg-adeg kudu luwih jejeg, paling ora wiwit padha gelem mokong, ora usah mbayar pajek! Yèn tekan titi mangsané coblosan, becik padha ongkang-ongkang ana èmpèr omahé dhéwé-dhéwé (yèn isih duwé). Ora ana paédahé yèn dhuwit pajek mung kanggo mblanja para kècu sing disragami. Ora ana dosané yèn ngéman dhuwit pajek kanggo blanja rabuk utawa tuku beras tinimbang ketiwasan ngepénakaké wakilé, jebul bisané mung bisa ngucap bangsat!
Coba, miturut sampéyan, piyé cara lan laku sing paling trep kanggo ngélingaké para penggedhé, sing bisané tekan ndhuwur ya mung jalaran ancik-ancik lan apus krama marang wong-wong cilik? Ngobong kutha wis genah ora becik, milara panguwasa ya ora kena, tur manèh dilarang agama.
Coba diéling-éling, apa uniné wong-wong sing ngaku makili awaké dhéwé nalika ngemis swara sadurungé coblosan? Sapa sing wareg lan pirang yuta wong sing keluwèn, sing kangèlan nyekolahaké anak-turuné, lan kélangan seduluré jalaran lara kangèlan golèk tamba?
Paribasan ora mangan nangkané, nanging mèlu gluprut awaké kebak pulut. Utangé negara padha kanggo bancakan, déné rakyaté mèlu urunan kanggo mbayar cicilané.
Sasmitané wis cetha wéla-wéla. Para durjana dhemen pupuran kanggo nutupi wanda lan tumindaké, nanging mung padha nggrundhel tanpa tumindak saperlu kanggo dandan-dandan. Wis wanciné para durjana disingkur bareng-bareng, ora dirungokaké kandhané, ora diglapé tumindaké.
Cukup sepisan waé, ya taun iki, padha bebarengan mokong ora mbayar pajek. Yèn nganti pemerintahé utang negara liya, ya diterusaké anggoné mokong supaya ora mèlu mbayar cicilané. Yèn isih durung kapok, dititèni waé suk ora usah mèlu coblosan. Sebab, wis samesthiné wong-wong ndhuwuran sing tau ancik-ancik rakyaté kudu dipeksa supaya gelem ndhungkluk nyawang rekasané wong cilik.
Yèn isih padha pingin dadi ndara, kana dikongkon gawé kraton dhéwé-dhéwé, ora usah cawé-cawé marang negara Éndhonésa. Becik gawé tatanan anyar kanthi ngorbanaké wong sethithik tinimbang wong sing sethihik mau mung ancik-ancik, menthingkrik lan mèlèt-mèlèt kaya kirik.
(Ileré marakaké najis, yen ngregeti awak lan sandhangan dadi reget, ora becik kanggo matur marang Gusti Allah!)
Related posts:
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Bang Yès, Oh No!
Ajur Nyingkur Gus Dur
Matematika Pilkada
Taun iki bakal akèh pilihan bupati lan walikota. Ora mung sa-Jawa Tengah, nanging mèh rata saÉndhonésa. Bakal akèh dhuwit disebar, bakal akèh wong kapusan. Kaya netepi kodraté urip ing jaman édan, akèh wong pinter bakal ngédan, ngapusi wong akèh sing cilakané ya pancèn dhemen diapusi.
Sampéyan kabèh mesthi ora percaya yèn dakcritani, menawa wong nyalon bupati, walikota utawa gubernur kuwi bisa kanggo golek dhuwit. Dadi, anggoné nyalon iku mung laku sandiwara, apus-apus cara alus. Politik tingkat tinggi miturut tetembungané wong-wong jaman kiyi.
Isih akèh lho, wong sing duwé patrap kaya mangkono. Duwé jabatan, embuh ana pamaréntahan utawa perusahaané negara lan swasta, atawa duwé usaha rada lumayan, wis bisa kanggo pancatan. Paling ora wis bisa kanggo modhal, saora-orané wis dadi wong. Perkara wong liya nganggep dhèwèké apa ora, wis ora penting.
Bakuné, wong-wong sing duwé patrap wagu kaya mangkono mesthi teteg, mula wani main sandiwara kanthi laku mata picek kuping budheg. Lha mbok uripé kerep culika lan kondhang duraka, tetep waé wani pamèr rupa. Rumangsané, kabèh èlèké mau bisa diresiki kanthi umuk kabecikan, pamèr bandha.
Carané gampang, ngundang juru warta nalika ada-ada andum beras lan gula-tèh marang wong mlarat. Ngulungaké bantuwan kanthi mèsem mung yèn pas dipoto wartawan. Sabanjuré, mléngos manèh wektu salaman utawa ninggalaké papan sing lagi kanggo padha rebutan pangan. Modhalé sithik. Andum sembako rega selawé èwu kanggo wong sepulu èwu wis cukup kanggo malik drajat, malih dadi wong becik.
Ning kocapo, pengusaha jaman saiki sing akèh-akèhé urip mulya ana donya kanthi cara KKN, nyogok kana mbeseli kéné supaya olèh proyèk, ya ora mari-mari anggoné nyebar rejeki. Waton ana calon sing sajak moncèr, dianggep duwé massa akèh banjur dianggep perlu dicedhaki lan disumbang. Yèn ana pirang-pirang calon sing katon kuwat dhukungané, kabèh ya bakal dibagèhi ‘rejeki’. Kudu pinter, kudu ider.
Lha, kahanan mangkono iku sing disenengi wong-wong julik. Sumbangan ditampa, sabagèyan didhelikaké, turahané diuwur-uwuraké, diècèr-ècèr awujud sembako lan mbayar tim suksès. Yèn yakin menang ya diterusaké, yèn rumangsa bakal kalah, swara pendhukungé bisa didol, diijolaké marang mungsuhé.
Kira-kira, étungané kaya mangkéné. Saumpama aku pengusaha gedhé utawa pensiyunan penggedhé, aku bisa wara-wara arep nyalon. Ngundang wartawan, masang reklamé saakèh-akèhé, lan sapanunggalané. Sawisé kuwi, aku nyebar sisik melik. Yèn rakyat nampa becik, aku banjur ngira-ira lan ngetung kekuwatan dhukungan. Bèn tambah manteb, aku bisa gawé ada-ada warna-warna: andum sembako, pengobatan gratis, lan sapanunggalané.
Umpama nganggo conto nyalon nèng Kutha Sala, kira-kira sing dakbutuhaké ing antarané kaya ing ngisor iki:
Andum Sembako – Gula, tèh, beras, lan sapanunggalané rega Rp 25 èwu kanggo wong 20 èwu, didum ana 20 papan/kampung, butuh dana kira-kira Rp 500 juta. Kanggo séwa téndha/kursi lan panitia Rp 5 juta x 20 papan = Rp 100 juta.
Réklamé - Gawé 5.000 spanduk rega Rp 100 éwu klebu ongkos pasang mung butuh Rp 500 juta, yèn disebar wis cukup kanggo ngregeti kutha. Apa manèh ora perlu pajek.
Ongkos gawé lan pasang banner gedhé-gedhé ora nganti Rp 100 èwu. Cukup masang 2.000 wis dadi kondhang, kamangka mung cucul biyaya Rp 100 juta.
Nyithak poster sing gedhéné saambané tanggalan cacah 1 juta, paling-paling mung modhal Rp 150 juta.
Réklame ana layang kabar uga penting. Yèn ora pasang iklan, bisa-bisa ora diberitakaké kanthi becik kaya sing dikarepaké. Mula, bèn ora muspra anggoné sandiwara, racaké padha pinter-pinter andum rejeki. Umpama ana lima layang kabar, dipilih waé sing gedhé-gedhé utawa sing dianggep penting. Umpama milih telu, diratani kanthi kontrak iklan Rp 50 jutanan, mung perlu Rp 150 juta, ta?
Iklan radio lan tipi, anggep waé anané 10 radio dipasangi kabèh, lan dibagèhi Rp 10 juta, lan iklan tipi dicepaki Rp 20 juta, totalané ya mung Rp 120 juta.
Tim Suksès - Ongkos tim suksès, anggep waé mung wong 500, yèn dirata-rata butuh Rp 5 juta saben wong siji, kira-kira kecandhak angka Rp 2,5 milyat.
Survei – Wah, malah kelalèn, durung nglebokaké anggaran survéi. Iki klebu penting kanggo mangertèni sepira tingkat keterpilihan utawa èlèktabilitas calon. Yèn kangèlan nglakoni dhéwé, saiki wis akèh lembaga sing gawéyané survéi. Biayané ora larang, Rp 100 juta wis cukup kanggo mangertèni ampuh-orané calon. Wong-wong lembaga mau wis bakal survéi, nakoni akèh warga sing dadi sampel. Pokoké, sip.
Malah, ana lembaga survéi sing mung ngregani Rp 2 milyat kanggo total komunikasi: survéi, pengadaan alat peraga/matèri kampanye lan sapanunggalané.  Iki modhèl borongan, sing klebu ‘murah’, ngirit lan nggampangaké lakuné calon.
Dadi, kabèh Rp 4.220.000.000! Bèn rada longgar, kudu dilebokaké étung-étungan cara manajemen modhèrén, mula kudu ditambah 10 persèn. Dadi, kira-kira bakal butuh bandha Rp 4.642.000.000. Ya, dianggep waé perlu modhal Rp 6 milyat kanggo urusan liya-liyané, wong biyasané uga perlu pésta suka-suka lan nyéwa gali, sebab bisa kanggo wedèn-wedèn lan njaga spanduk bèn ora dithèthèl mungsuh.
Ditambah manèh, perlu uga (maah kepara penting) kanggo mbayar tokoh-tokoh masyarakat sing kemaruk bandha donya supaya bisa ngandeli rembug lan bisa umuk dhukungan. Wong-wong sing bisa dituku, biyasané oknum-oknum tokoh agama, tokoh partai, organisasi masyarakat, lan sapanunggalané.
Saka ngendi olèhé dhuwit balèn? Waton bisa gawé percayané liyan, jenengé dadi kembang lambé ana satengahé masyarakat, wis mesthi dijamin akèh pengusaha sing bakal nyedhaki. Potènsiné werna-werna. Pengadaan buku sekolah SD/MI, umpamané, anggarané luwih saka Rp 10 milyat setauné. Sepuluh persèn diénggokaké ora krasa, wong étungané penerbit mung separoné. Kamangka, saperiodhe iku limang taun!
Biaya pembangunan gedhung sekolah, kantor pemerintah, perawatan dalan lan sapanunggalané bisa atusan juta setauné. Kamangka isih akèh manèh anggaran sing kudu diblanjakaké kayata biaya perawatan kendharaan operasional, pengadaan alat-alat kesehatan kanggo rumah sakit an puskesmas…. Wis, pokoké atusan milyat setauné, lan trilyunan rupiah saperiodhen jabatané!
Dadi, kanggoné pengusaha, bisa kolusi iku pancèn bakal nyugihaké. Yèn nganti bisa malak proyèk, nutup Rp 10 milyat ya isih kuwat, ora ana ruginé. Déné kanggoné sing akal-akalan nyalon, tetep bisa bathi yèn pinter ngétungé.
Percaya kena, ora ya ora dadi ngapa, wong iki dudu agama. Aku tau krungu, ana wong nyalon (rasah disebut nyalon apa, pokoké babagan pilkada) sing kalah nanging malah dadi tambah sugih. Ana sing olèh turahan ‘sumbangan’ pirang-pirang milyat, malah ana uga sing jaréné luwih saka Rp 10 milyat. Éling lho, ya, iki mung gosip, durung mesthi bener….. Aku mung crita lan ajar othak-athik angka.
Piyé, sampéyan pingin nyalon apa ora? Yèn isih drajat rakyat, becik ngati-ati lan waspada sadurungé milih pemimpin. Wong sing kakèhan umuk lan ngatonaké nepsu kuwasané, biyasané wis ngerti étung-étungan kaya mangkéné.
Becik dibédakaké karo priyayi sing tulus, seneng ngemong, lembah manah gelem ngrungokaké liyan tanpa nyawang sandhangané lan ora aèng-aèng. Sing kaya mangkéné, mesthiné luwih bisa dijagakaké mbésuké.
Related posts:
Serial Matematika Pilkada
Sala Butuh Underpass
Pasar Cilik
Ajur Nyingkur Gus Dur
Durung garing lemah kuburan pepundhèné, anak lan ponakan wis padha regejegan dhéwé. Kabèh padha ndhaku olèh wasiyaté, dumèh ora ana seksiné. Jan, ora ilok disawang, apa manèh yèn digatèkaké wong sa-Éndhonésa akèhé. Kaya dudu wong Islam, kaya padha ora nJawa, adoh saka rasa-pangrasa.
Cak Imin dakklèrokaké jalaran ndadak alok olèh wasiyaté Gus Dur kanggo nggedhèkaké PKB. Saumpama bener, ya tetep ora pantes diucapaké, apa manèh nalika jisiné sing paring ‘wasiyat’ durung kapetak, kasarèkaké ana papan sing samesthiné. Rasané kaya nggégé, kaya wong wis kentèkan sabaré.
Mbak Yènny semono uga. Ndadak mèlu-mèlu crita yèn olèh wasiyat saka ramané, uga supaya nguri-uri PKB. Loro-loroné, Mbak Yenny lan Cak Imin padha ngatonaké rumangsa duwé kuwasa bisa nggerakaké nalar lan rasané wong liya, yaiku wong-wong sing sasuwéné iki gelem urun biting mèlu nyoblos utawa sing suthik nyoblos gambar PKB.
Saiki, kabèh ngaku setya lan tresna marang Gus Dur. Kamangka, wektu Gus Dur isih sugeng malah padha tumindak aniaya. Sing siji ngongkrèh-ongkrèh kawibawané Déwan Syura, sing sijiné nggawa mlebu wong njaba sing tundhané malah mung gawé gendra. Kabèh tuna, mbésuké bakal padha nemu cilaka.
Coba sésuk disawang bareng-bareng, sapa sing padha mbéla Cak Imin, Mbak Yènny lan Gus Dur. Dakkira, isih luwih akèh sing padha sarujuk marang panemu lan adeg-adegé Gus Dur, sing mung nggunakaké politik kanggo dandan-dandan negara lan bangsa, ora mung kanggo rebut kuwasa lan bandha.
Saumpama gègèran dhuwit bail out Bank Century kaanggep bakal nyilakakaké Pak SBY, aku yakin Pak SBY bakal golèk cara piyé supayané dhèwèké ora dadi sulaya. Lumrahé bakal ngétung manèh, endi sing kena diajak bener-bener dadi bala lan endi sing ora bisa dijagakaké dadi kanca.
Lha yèn wingi PKB olèh kursi mentri, mesthiné wis diétung kanthi teliti. Bisa uga, PKB ‘sing resmi’ dihadhiahi kursi ora mung jalaran gelem diajak kekancan, nanging bisa mbuktèkaké yèn wani ngraman marang Gus Dur sing dianggep mbebayani. Yèn bener mangkono, sarèhné Gus Dur wis ora ana, bisa-bisa kursi mentri dijaluk bali yèn nganti mbesuké perlu ana kocok ulang.
Saumpama kedadèn kocok ulang apa ya bakal ana kursi mentri sing diwènèhaké Mbak Yènny? Dakkira ya durung mesthi. Jaréné jaré, akèh pengurus PKB ing dhaérah sing uga ora seneng marang Mbak Yènny. Kabèh mung suyud marang Gus Dur, mula padha mbédakaké antarané Mbak Yènny sing jejeré ‘mung’ putriné Gus Dur, lan Cak Imin sing ‘mung’ ponakané.
Yèn nganti kaya ngono kedadèyané, banjur kudu padha kepriyé? Tumrapku, ora ana bédané antarané wong sakloron mau. Yèn isih padha pingin olèh kamulyan sejati saka titihan kang wis digawé déning Gus Dur sing aran PKB, wis samesthiné kudu padha nyambut gawé, nuduhaké marang para kawula sing sasuwéné iki mung suyud lan ngabekti marang dhawuh beciké para kiai, kalebu Gus Dur.
Carané ora iya mung kudu padha tegel ngresiki dhiri lan kanca sakiwa-tengené. Sing padha seneng urip numpak partai kanggo golèk bandha ya kudu énggal-énggal ditundhung lunga. Kabèh kudu jujur, mulat sarirané dhéwé-dhéwé. Kabèh kudu bisa njejegaké perkara, mbéla wong sing isih cilaka, lan sapanunggalané.
Njejegaké perkara, umpamané, bisa kawiwitan kanthi gelem nlesih menyang ngendi waé parané dhuwit grojogan kanggo Bank Century. Kudu wani ngonèkaké salah marang sing kliru, lan mbélani bebener yèn pancèn wis pener. Semono uga, kudu padha bisa merjuwangaké wong ora duwé, kanthi cara ora ngrekasakaké wong nyekolahaké anak lan wong ngudi kasarasan. Negara wajib gawé rakyaté tentrem lan ayem, wong partai wajib nyurung presidhèn sakandhahané mujudaké cita-citané pahlawan sing wis padha labuh pati kanggo ngrebut kamardhikan.
Ora perlu wedi kélangan kursi mentri. Yèn perlu, kabèh diajak metu, mundur saka DPR yèn pemerintahé pancèn angèl diajak rembugan, ora gelem disurung kanggo ndandani kahanan. Dakkira, kuwi mau kabèh ajarané para leluhur, kang gentur diperjuwangakné déning Gus Dur.
Yèn isih padha wedi rekasa, ora usah ngaku murid lan santriné Gus Dur. Ora ana bédané santri, rakyat, anak lan sedulur! Kabèh sedulur, kabèh kudu padha akur. Mangkono ajarané Gus Dur. Aja pisan-pisan wani nyingkur, timbang uripmu ajur…
Related posts:
Politisi Los Malethos
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Cegatan Déning Pulisi
Pilih Fésbuk, Aja FPI
Adhik kelas kuliah ninggali celathu (komentar) awujud pitakonan. Surasané: kang, me-remove teman dari FB ada menunya ga? trus etis ga ya..? gmn kl diposisi yang di-remove..?
Celathu iku mau mujudaké tanggepan marang rerasan kang sadurungé dakaturaké ana Fesbuk-ku. Sepisan, aku rasanan ngiras-ngirus pingin umuk yen (wektu semana) aku wis duwé kanca 1.010 cacahé. Setengah gojègan, aku njawab, yèn seneng marang angka iku. Kombinasi apik. Banjur kaping pindhoné crita yèn kepeksa ora nampa panyuwunan kekancané pawongan loro cacahé, sing ndilalah rumangsa durung kenal, jalaran ora ana potoné.
Kasebut ‘durung kenal’ sebab aku ora bisa nyocokaké marang data kang sinimpen ana harddisk paringané Gusti Allah kang manggon ana sirahku. Blak kotang waé, aku duwé kanca lumayan akèh jalaran ya pancèn kesuwèn urip ana ing ndalan. Embuh dalan padhang utawa peteng, kabèh wis tau daklakoni, daksrawungi.
Jenengé waé ngangsu ngèlmuné urip, ora kena mbeda-mbedakaké. Paribasan, kècu bisa dadi guru, gali bisa dadi kaca pengilon kaya déné kiai. Rakyat utawa pejabat, kabèh dakanggep padha. Kekancan, seduluran, ora kena linambaran déning drajad lan pangkat. Yèn kumpulé wong apik terus, bakal kangèlan mbédakaké ala lan becik. Waton ora mèlu ambyur ana jagad uripé wong-wong ‘ora becik’ mau, kita ora bakal mèlu teles-kebes. Yèn mung kecipratan sithik, kanggoku ora dadi ngapa. Lumrah.
Kaya déné ing alam nyata, ora mungguh yèn aku nglalèkaké kanca. Agamaku ora marengaké pedhoting kekancan utawa silaturahmi. Abot tenan dosané kanggo wong-wong kang medhot paseduluran. Purik waé diwatesi paling suwé mung telung dina, apa manèh yèn nganti ngilangaké kekadangan.
Ana Fésbuk, dakkira ora béda. Apa perluné nyorèk jenengé kanca saka friends list yèn wis pirsa bakal numusaké pingget atiné para kanca? Sanajan durung tau keprungu ana ‘kopdar’ Jama’ah Fésbuqiyah, nanging aku percaya apa kang sinebut bebrayan agung wis kadadèyan awit pirang-pirang sasi (malah taunan) kepungkur. Donya tan winates.
Aku naté kélangan lacak putrané pakdhé. Kabèh telponé mati, émail sing dakngerteni ora aktip, ééé.. kok ndilalah kersaning Allah, malah ketemu ana ing donya Fésbuk. Ngalkamdulillaaahh…. Aku uga naté ditawani pawongan asilé kenalan saka Fésbuk. Aku disuwun katuran ana dalemé yèn sawayah-wayah keblasuk ana mBetawi. Kamangka, dhèwèké mung ‘kadang katut’, nge-add aku jalaran dhèwèké ‘mung’ kancané kancaku.
(Coba panjenengan penggalih, penyakité priyayi Jakarta sing paling parah iku ora ana liya kajaba cubriya marang liyan, utamané kang durung dimangertèni utawa durung naté tetepungan).
Kanggoku, ora perlu ngilangi utawa ng-remove jeneng-jeneng kang wis tememplèk ing Fésbuk kita. Padha waé medhot kekadangan, malah nuwuhaké dosa.
Mbiyèn, wektu uripku kaya dluwang kang kabur kanginan ana Sala, akèh ditulung déning kanca. Éling, kanca dudu sedulur! Bisa nggolèk upa uga saka kanca, dudu sedulur. (Ora kok ngènthèngaké sedulur, nanging sing diarani pitulungan, nalaré pikolèh saka sakiwa-tengené awaké dhéwé, sing cedhak saben dinané).
Mula, njaga sesrawungan iku wajib. Fésbuk iku uga srana ukhuwah wathoniyah, lan anané uga awit pikantuk palilahé Gusti Kang Maha Wikan, Maha Pinter. Umpama isih nemoni kanca kang WATON ukhuwah, coba diajak owah. Fèsbuk dudu bidngah (ilaté wong Jawa ngucap bid’ah). Ghoib,
WATON ukhuwah mono, kanggoku, mung pantes dilakoni para manungsa kang isih seneng mbéda-mbédakaké agama, bangsa, partai politik, lan sapanunggalané. Sarwa kulit, mung tata lairé. Umumé rumangsa luwih unggul tinimbang liyané, rumangsa paling bener tumindaké. Kaya FPI sing dakanggep pancèn wis ‘madhep-mantep’ seneng congkrah lan golèk perkara. Wis, aja diowah-owah timbang jiwané awaké dhéwé melu owah. Héhéhé…
Astané Gusti Allah mesthi bakal obah sawayah-wayah, nyablèk bokong lan gundhulé FPI-mania. Klebu ing kéné, yaiku para bocah kang ganggu gawé sedulur-sedulur kang arep nggelar Muludan ana tlatah Johor Baru, Jakarta, sasi Maret kepungkur.
Kita kabèh kudu maklum, yèn wong FPI ora duwé Fesbuk. Siji, amarga komputer lan tilpun gegem ora bisa kanggo dalan nyuwargakaké dhèwèké, lan kaping pindhoné, yèn nganti kenal Fésbuk njalari remuk awaké. Remuk, sebab nyuda jatah wektu olah ragané, yaiku playon nggruduk wong liya sinambi ngobat-abitaké pedhang lan penthungan.
Yèn aku, bakalé tetep melu ndonga lan ngamalaké kabecikan liwat Jama’ah Ahlith-Thoriqoh al-Fésbuqiyah waé, sanajan ana sapérangan liyané nganggep bid’ah marang donya kaya mangkéné.  nanging uga nyata paédahé.
Ya bèn. Pokoké ngono waé….
(Uga, aja seneng congkrah kaya politisi saiki sing lagi padha èkèr-èkèran dhuwit Bank Century sing marakaké Menteri Sri Mulyani Indrawati puyeng)
Tulisan ini wis kapacak ana kéné, Setu Kliwon, 28 Maret 2009 tabuh 3:55
Related posts:
Pilih Teplok utawa Bolam?
Rai Surya
Dhuwit Cring
Kéwan Begja, Asu Sekti
Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé.
Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan mung siji. Mula, ing sawijining dina, asu mau ditawakaké marang jagal sing ngiras pantes buka warung saté jamu lan sèngsu, tongsèng asu. Cekaké rembug, rega wis putus, kedadèyan kanthi perjanjèn sing nuku nyekel dhéwé. Sebab, sanajan asu ingon-ingon, nanging girasé ora mekakat, ora gampang dicekel.
Saking angèl olèhé nyekel, déning sing nuku (sebut waé asmané Karso Gawon), asu kuwi banjur digebug endhasé. Asu kaing-kaing, banjur mlayu mbrabat. Dijarké waé karo disawang, mbokmenawa bakal mati ing keboné tangga. Luput! Jebul asu kuwi ngilang. Rong dina asu ora ketok, Karso wis rumangsa genah tombok.
Mbahé kancaku banjur ngabari Karso sawektu weruh glibeté asu ing kebon mburi omah. Cèkat-cèket, Karso marani si asu kanthi nyangking lading mingis-mingis. Rasané wis getem-getem pingin énggal matèni asu kuwi. Ndingkik saka gandhoké Mbahé kancaku, Karso weruh yèn asu mau isih énak-énak ndhéprok ana ngisor tritisan.
Balung diuncalaké ana sacedhaké asu. Bareng wis rada keslimur, Karso Gawon nyedhaki asu kanthi tangan tengen nyekeli lading kang didhelikaké ana mburi geger. Durung bisa nyandhak kewané, asu wis nyoba éndha, pingin ngadoh. Ora sranta, lading gedhé sing mingis-mingis mau disabetake. Cress!!! Asu banjur mlayu, kaing-kaing kaya sambat yèn gulune godrès getih. Kaping pindhoné, Karso Gawon ketiwasan.
Ééé… kok ya ndilalah kersaning Allah, asu iku pancèn durung cedhak marang pepesthi. Limang dina sawisé dibabat lading, asu mau mulih kanthi kahanan gulu wis pulih. Kaya ora ana tatu, saka kadohan mung katon bélong.
Setengah gumun, separoné anyel banget. Karso Gawon ora kurang athikan, banjur nggunakaké jurus pamungkas. Ya, dhèwèké blanja apotas rada akèh! Apotas diracik nganti bener-bener ngrasuk ing daging sing bakalé kanggo pancingan. Pokoké, pikiré Karso Gawon, sepisan mangan bakal énggal mati ana kono uga. Wayah surup ramuan racun disebar ana kebon, ésuké wis bisa nggawa mulih wadhagé asu keparat mau.
Watara jam pitu ésuk, Karso Gawon mara ing keboné Simbahe kancaku. Dhèwèké kagèt, nyawang pitik pating klékar. Yèn dinalar, pitik-pitik kuwi ora bakal mati jalaran mangan daging sing wis diramu apotas. Surup mlebu kandhang, subuh nembe pada saba manèh.
Sepisan manèh, jebul dina iku dadi pengapesané Karso Gawon. Luwih saja rong puluh pitik sing mati, ora mung ana ing kebon´mbahé kancaku, nanging uga ana latar lan keboné tangga-tanggane.
Jebul, asu mau mutah-mutah sawisé mbadhog daging-apotas lan playon golèk papan dhelikan. Ana sadalan-dalan, utah-utahan asu mau dadi panganané pitik sing nembe waé metu saka kandhang, saba golèk pangan. Mula ora anèh, yèn utah-utahané asu dadi racun sing matèni pitik-pitik ing dhésa kuwi.
Ngracun asu sing njalari puluhan pitik dadi bathang, Karso Gawon banjur panèn unèn-unèn. Tangga-tanggane padha ngamuk, nesu, nyalahaké anggoné nggunakaké cara matèni asu kanthi ramuan apotas. Karso Gawon kapok. Dhèwèké ikhlas lan pasrah, ora ngarep-arep bisa nggawa mulih asu sing wis dituku. Dhuwit ilang ora sepira akèh, apa manèh yèn dibandhingaké marang ruginé tangga-teparo sing wis kélangan pitik. Apa manèh, bathangé pitik klebu karam. Didol ora payu, mangan ya ora ana sing doyan.
Pirang-pirang dina sawisé kedadèyan pitik mati, ana kabar kang nguciwani kanggoné Karso Gawon. Asu sing pirang-pirang dina dadi mangsa iku mati ketrunjang montor gedhé sawektu nyebrang lurung gedhé aspalan ing ngarep omahé Simbahe kancaku mau. Wektu itu, akèh wong sing nyeksèni, yaiku para tangga teparoné Simbahé kancaku sing lagi cepak-cepak arep tahlilan ana omah sangarepé, ing sebrang dalan.
Simbahé kancaku wis kebayar, Karso Gawon sing tombok. Sing ngrasakaé énaké daging lan getihé asu mung ana loro: aspal lan ban montor… Asuné dhéwé mecèdhèl, gèpèng lan tipaké rada lucu. Lulangé kelèt ana aspalan, mbentuk gambar asu lagi turu.
*) Matur nuwun kanggo Lik Jrabang, critamu ing Wisma Seni bengi iku njalari anané tulisan ini.
Related posts:
Luwih Apik Diakoni
Asalé Tembung LONTHÉ
Adhang-adhang
Opèn-opènané Pak David
Para nom-noman, lanang-wadon, pating dlajig. Sirahé gèdhag-gèdhèg. Wong tuwa-tuwa uga ora kurang akèhé, malah ana sing pethakilan ngadeg ana sandhuwuré lespèker, jejogedan kaya wong édan. Mbakyu disc jockey ngomong nganggo cara Inggris kanthi wasis, nyebut jeneng Pak David sing nembé lungguh ana pojokan. Mbokmenawa wong sing disebut jenengé mau wis lengganan lawas. Nyatané, akèh wong sing sapa aruh marang dhèwèké sasuwéné aku mlebu diskotik iku, awit rong jam kepungkur.
Pak David ora ijèn. Kancané pirang-pirang, wadoné uga ora kurang. Malah luwih akèh saka cacahé wong lanang sing ngancani Pak David. Méjané kebak gelas lan gendul. Sajaké, blanjané ora ècèran. Pisan-pindho, Pak David nengah dikancani telu utawa papat wanodya ayu-ayu, njogèd ana mestèr alus banget sing sajak bisa murup, kamangka mung kena cemloroté lampu-lampu spot sing pating grandhul. Padhangé ora mekakat, jaréné iku jinisé lampu laser.
Saka panggonanku lungguh, watara limang mèter ana sakiwa mejané Pak David sakanca, mataku tumuju marang bocah wadon, sing awit mau lungguh waé, ora tau menyat apa manèh ngancani njogèd Pak David. Mung lungguh mèsam-mèsem, clegak-cleguk ngombé banyu sing diiling saka gendul, nanging sajak katon paling ketengen déning Pak David. Nyatané, ya mung bocah iku sing awit mau diambungi pipi lan bathuké, paling kerep dielus-elus rambuté. Umuré kira-kira selawé taun, nyandhangé rada béda tinimbang wong-wong wadon sing ana sakiwa-tengené.
Pisan-pindho, aku konangan lagi nggatèkaké dhèwèké. Ora nganggo mèsem, apa manèh ngguyu. Malah, dhèwèké terus ndhungkluk saben bubar ngonangi aku nyawang dhèwèké. Sanajan ngiling ombén-ombèné rada kerep, nanging ora klepas-klepus kaya wong-wong wadon liyané. Sajaké pancèn ora doyan udud. Aku banjur mikir, aja-aja bocah iku anaké Pak David. Yèn nyawang umur-umurané, bocah iku pancèn luwih pantes dadi anak mbarep utawa nomer loroné.
Aku menyat, niyat nguyuh karo pingin raup. Wis limang gendul ngombe banyu putih, sebab aku rumangsa kudu njaga awak. Sing jenengé nèng njero papan nganggo AC sing njekut adhemé, ora becik yèn nganti kurang banyu. Gurung uga gampang garing, nèng telak ora énak, apa manèh ududku wis ngentèkaké luwih saka karotengah pak.
“Mas…”
Aku kagèt, metu saka peturasan wis dicegat wong wadon sing jebul dakgatèkaké awit mau. Durung sida semaur, bocah iku ngulungaké dluwang sasuwèk, sing banjur daktampani. Bocahé lunga klépat, ndhisiki lakuku tumuju ana palungguhané sakawité. Ora pamit, nolèh waé ora.
Watara jam telu ésuk, aku mulih. Kanca-kancaku mung ngeteraké mulih, banjur padha nerusaké laku, jaré pingin madhang sega Padang neng Pasar Senèn. Aku ora mèlu, jalaran wis ngantuk pingin énggal turu. Sésuk ésuk kudu mlebu, netepi wajibé wong mburuh luru rejeki supaya terus lumintu.
Ana kamar indekosan, aku kelap-kelip dhéwé. Dadi angèl turu, kelingan bocah mau. Aku ndudut dluwang saka kanthongan kathok. Dakwaca, dhèwèké mènèhi nomer tèlpun, lan aku dijaluk nèlpun dhèwèké sésuk soré.
“Hai…. Mas, panjenengan sing kula panggihi wau dalu nggih, Mas?” Swarané cemengkling, grapyak. “Kula Dhani, sing wau dalu ngréncangi Pak David.”
“O…nggih. Kula Doni. Wonten napa kok nilari nomer tèlpun dhateng kula?”
“Dalu niki longgar mboten? Menawi jam-jam pitu kepanggih wonten Bènhil kersa?” ujaré Dhani.
“Kula mboten janji saged dugi jam pitu pas. Kula nembé saged wangsul jam setengah pitu saking Cikini,” jawabku.
“Mboten napa-napa. Kula tengga wonten rumah makan Seulawah, ngajengé Rumah Sakit Angkatan Laut,” jawab dhèwèké.
Wis nyedhaki jam wolu aku lagi bisa tekan Bènhil, ndilalah aku rada telat metu saka kantor. Dhani wis lungguh, mesthiné rada suwé. Nèng méja wis cumepak sega lan lawuh manéka warna. Uga ana masakan andhalan, yaiku iwak hiu sing wujud masakané nganggo duduh kuning kaya opor.
Dhèwèké ngulungaké tangané, nyalami aku kanthi mbalèni nyebut jenengé. Semono uga aku, sepisan manèh nyebut jenengku, sanajan wis kenalan liwat tèlpun. Sinambi mangan, ngobrolé ngalor-ngidul sajak kaya wis kenal suwé. Saka pitakonan standar racaké wong sing lagi kenal, banjur takon asal-usul lan jatidhiri. Cekaké, aku banjur akrab lan rembugané wis ora tau nggunakaké basa alus manèh.
Sésuké lan dina-dina saterusé, aku banjur kerep telpun-telpunan karo dhèwèké. Grapyak, lan ngatonaké yèn dhèwèké ora pantes dadi cah nakal kaya sing kerep dakbayangaké. Dasaré asalé saka ndhésa sing kurang pangertèn donyané wong kutha, aku gampang mbiji ala marang wong-wong sing seneng klayaban wengi-wengi, apa manèh menyang papan sing mbiyèné kaceluk kanthi aran nite club. Nganti tumekané sawijining dina, dakwanèkaké takon luwih marang dhèwèké.
“Pak David iku bapakmu, ya?”
“Dudu! Apa pancèn perlu mangertèni sapa dhèwèké?” mangkono wangsulané.
“Ya wis, dhing, ora dadi ngapa. Aku ora arep mèlu ngerti urusanmu,” aku ganti mangsuli.
“Gak papa, kok. Timbang malah klèru tampa, mendhing dakkandhani waé. Pak David iku sing ngopèni aku,” ujaré Dhani.
“Lho, apa kowé wis ora duwé wong tuwa, banjur awakmu diopèni déning Pak David?”
“Piyé to, Mas?” ujaré dhèwèké.
“Piyé apané? Yèn Pak David gelem ngopèni awakmu, kamangka dudu wong tuwamu, apa kowé ora klebu wong begja?”
“Ndhésa tenan panjenengan, Mas! Jan-jané ora ngerti apa éthok-éthok ora ngerti?” swarané Dhani krasa rada anyel.
“Ora ngerti apa ta? Aku sansaya bingung….”
“Diopèni iku ya diopèni. Diingu! Kaya digundhik, diselir kaya para ndara nèng njero kraton kaé, lho….!” ujaré Dhani, njlènthrèhaké kahanané.
Aku bingung. Arep ngomong apa dadi kangèlan, lambé rasané kaya didondomi.
“Kok meneng?!? Gela, ya? Ora papa, Mas, aku bisa maklum lan mangertèni, kok. Yèn arep nesu banjur wegah kenal karo aku ya ora papa. Tapi aku percaya, panjenengan wong lanang sing ora kaya mangkono. Aku wis kenal wong lanang akèh banget lan duwé kelakuan kang manékawarna. Aku yakin, panjenengan ora kaya wong-wong sing wis dakkenal. Mula aku wani blaka jalaran rumangsa bisa percaya.”
“Hmmm……Kok….,” jawabku.
“Aja mikir werna-werna. Sanajan dadi wong sing diopèni, Pak David apik banget karo aku. Ora tau nglarani, apa manèh daksiya. Dhèwèké mènèhi jatah sasèn kanggo indekos, lan aku isih bisa kerja sanajan mung ana rental komputer sing uga nyéwakaké kanggo internètan.”
“Mosok ngopèni ora duwé pamrih? Paling ora, dhèwèké mesthi butuh kowé, butuh awakmu, ta?” pitakonku sajak nlesih.
“Percaya kena, ora ya wis lumrah. Aja manèh ngeloni, grayang-grayang waé ora tau. Yèn nèng diskotik waé sajak umuk ngambungi, kamangka niyaté mung nylametaké aku supaya ora dioyak-oyak wong lanang sing duwé karep lan nuruti nepsu.
Dak critani ya, Mas… Mbiyèn aku tau kerja dadi waitress ana diskotik kuwi sawisé telung sasi ora éntuk gawéyan ana Jakarta. Bos-é diskotik iku tau ngoyak-oyak aku, malah tau arep ngruda peksa sawisé bubaran. Pak David iku sing ngonangi. Aku diajak lunga, banjur ditakoni akèh-akèh,” ujaré.
“Lha kok apikan temen to, sing jenengé Pak David iku?” pitakonku. Isih gumun campur sujana.
“Aku tau niyat nyaur utang budiku awit rumangsa slamet amarga pitulungané. Aku nyéwa kamar hotèl, Pak David dakundang supaya mara. Dhèwèké teka, aku wis wuda, banjur pasrah marang dhèwèké. Sakjané, Pak David ya wis arep gelem, nanging wurung sawisé aku matur dhèwèke, yèn prawanku sengaja dakaturaké jalaran wis nylametaké aku saka pokalé bos diksotik iku.
Pak David malah nesu-nesu. Ngaku nakal, nanging ora arep melu-melu bejat ngrusak uripku……”
Gumun. Tetep durung bisa percaya. Siji, durung kenal suwé Dhani, lan kaping pindhoné, durung bisa nampa crita yèn ana Jakarta isih ana wong apik. Sing padha dandan necis waé jebul thokmis, sing kalungan serban nyatané uga akèh sing seneng golèk mangsan, apa manèh sing padha duwé panguwasa. Ngakuné waé apik-apik, sing dituduhaké sing sarwo becik, kamangka kelakuané licik, ambuné uga luwih pesing tinimbang uyuhé genjik.
Related posts:
Nyegat Bis Jurusan Papua
Sasmita Babé Nyiyak Abégé
Malik Donga