Waton Ngablak



Matematika Pilkada

Jan 7th, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras, Waton Ngablak

Taun iki bakal akèh pilihan bupati lan walikota. Ora mung sa-Jawa Tengah, nanging mèh rata saÉndhonésa. Bakal akèh dhuwit disebar, bakal akèh wong kapusan. Kaya netepi kodraté urip ing jaman édan, akèh wong pinter bakal ngédan, ngapusi wong akèh sing cilakané ya pancèn dhemen diapusi. Sampéyan kabèh mesthi ora percaya yèn dakcritani, menawa wong nyalon [...]



Ajur Nyingkur Gus Dur

Jan 5th, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Waton Ngablak

Durung garing lemah kuburan pepundhèné, anak lan ponakan wis padha regejegan dhéwé. Kabèh padha ndhaku olèh wasiyaté, dumèh ora ana seksiné. Jan, ora ilok disawang, apa manèh yèn digatèkaké wong sa-Éndhonésa akèhé. Kaya dudu wong Islam, kaya padha ora nJawa, adoh saka rasa-pangrasa. Cak Imin dakklèrokaké jalaran ndadak alok olèh wasiyaté Gus Dur kanggo nggedhèkaké [...]



Pilih Fésbuk, Aja FPI

Sep 14th, 2009 | By | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras, Waton Ngablak

Adhik kelas kuliah ninggali celathu (komentar) awujud pitakonan. Surasané: kang, me-remove teman dari FB ada menunya ga? trus etis ga ya..? gmn kl diposisi yang di-remove..? Celathu iku mau mujudaké tanggepan marang rerasan kang sadurungé dakaturaké ana Fesbuk-ku. Sepisan, aku rasanan ngiras-ngirus pingin umuk yen (wektu semana) aku wis duwé kanca 1.010 cacahé. Setengah gojègan, [...]



Kéwan Begja, Asu Sekti

Sep 5th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Gayeng Kiyi, Kasunyatan, Teras, Waton Ngablak

Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé. Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan [...]



Opèn-opènané Pak David

Jun 12th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Swara gedebag-gedebug kaya ora keprungu, kuping rasané buntet. Semono uga swara gendhing techno mung krasa pecicat-pecicit. Mataku mung tumuju marang polahé disc jockey sing kenès, njogèd mégal-mégol. Udelé katon mlekèk, kaosé gondhil tur cendhak, marakaké isisé kèlèk. Mata rasané nganti mecothot kaya pingin mlumpat. Para nom-noman, lanang-wadon, pating dlajig. Sirahé gèdhag-gèdhèg. Wong tuwa-tuwa uga ora [...]