Waton Ngablak



Nyegat Bis Jurusan Papua

May 22nd, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Mbokmenawa, panjenengan kabèh durung ganep dadi Wong Sala utawa bisa diarani ngerti Sala, yèn durung tau ngerti wong jèntrèk- jèntrèk ngadhang bis jurusan Papua. Ora akèh-akèh banget, nanging penggemar bis kuwi popog waé cacahé. Diréwangi melèk nganti ésuk, wong-wong mau padha terus ngadhang, wedi yèn nganti ketinggalan. Yèn durung liwat, banjur padha mulih dhéwé-dhéwé lan [...]



Kuncung lan Ba***

May 9th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Biyèn, jamané siaran tipi mung siji, yaiku Ti-Pi-èR-I, ana acara sing judhulé dakanggep rada saru. Lakoné bocah lanang arané Kuncung lan bocah wadon sing arané Ba***. Siaran dina Rebo (yèn ora klèru), déné sing nganggit acara iku asmané Paman Bèbo (uga yèn ora klèru). Critané sih biasa-biasa waé, sanajan ing jaman semono klebu wis mothok, [...]



Orkès Cangkem utawa Acapéla Padudon

May 5th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Irah-irahan utawa judhul ing ndhuwur iki gawéanku dhéwé. Aku mung ngira-ira, banjur gawé kesimpulan dhéwé saka pirang-pirang kadadéyan sing dakngertèni. Sabab, ngrungokaké swarané wong padu, yèn digatèkaké, jebul lumayan melodius. Biyèn, tangga sing omahé adhep-adhepan karo kontrakanku sing lawas, duwé kekareman padu. Congkrah karo bojo ora ngerti wayah, tur ya ora éling yèn isih duwé [...]



Upil

Apr 29th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Senin soré, 27 April wingi, aku nyéwa ojèk –tunggangan kekaremanku saben menyang mBetawi, saka sTasiun ngGambir menyang Pasar Minggu. Jalaran udan, aku mampir warungé Alèx ana sajroné komplèks TIM Cikini, nyruput tèh*) lan tahu pong kesenenganku. Udané lèrèn, aku nerusaké laku. Dalan macet, ndilalah aspalé uga nembé rampung ditelesi dening Gusti Allah, saéngga ora pati [...]



Kaose Brutus

Feb 17th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Brutus pancen wong lantip. Pintere ora mekakat, paribasan sing bisa ngalahke mung kepinterane Romo Franz-Magnis Suseno, SJ. Ndilalah, senenge uga nyrempet-nyrempet, yaiku pilsapat. Apa wae bakal di-pilsapat-ke dening Brutus. Babagan seni, dheweke uga kepetung linuwih. Kang bisa ngungkuli keluwihane babagan seni, ya mung almarhum mBah Umar Kayam. Nanging, ana kono uga dadi katon yen Brutus [...]