Crita Basa Jawa



Janaka Kalap

Feb 4th, 2012 | By | Category: Crita Basa Jawa, Crita saka Sala

Diunèni kalah déning cecak, Janaka mencak-mencak. Ora sabar nunggu awan, ésuk-ésuk mlayu metu saka kraton, nyéngklak keréta kencanané banjur budhal menyang kantor pulisi. Njujug pos jaga, Janaka ora sabar banjur lapuran. “Pak Pulisi, tulung IwanJéwé dirangkèt, dilebokaké pakunjaran!” Pulisiné mung plonga-plongo ngadhepi Janaka. Matané diucek-ucek. Pak Pulisi iku rumangsané mung ngimpi. Sewengi pikèt ijèn jaga [...]



Lomba Nyabrang Dalan

Sep 24th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa

Aku duwé tangga, professor drajadé. Apik-ora priyayiné, aku ora pati mudheng sebab durung naté guneman dhéwé.. Saklébatan, alus priyayiné, grapyak marang tanggané. Émané, garwané nggrisèni tanggané. Ora awan ora bengi, senengané ngonèkaké klakson saben arep mlebu garasi omahé. Sok mung kaping pisan, nanging kerepé luwih. Swarané seru, marakké kagèt. Mbokmenawa, montor alus durung bisa kanggo [...]



Bingung Banyu Kanggo Cawik

Sep 3rd, 2011 | By | Category: Crita Basa Jawa

Nonton TV malah nggrantes. Jaré, Istana Negara sing dadi papané Presidhèn SBY sakulawarga lan para punggawané manggon lan ngantor larang banyu, jalaran ora ana banyu PAM sing mili mrana. Lha njur Pak Béyé piyé cawiké? Apa ndadak nganggo banyu Aqua duwèké Prancis iku, apa nganggo serbèt putih alias tisu, sing digawé déning para raja kayu [...]



Cangkem Bapak TOA

Feb 23rd, 2011 | By | Category: Crita Basa Jawa

Kemis Pon, 20 Mulud 1944, wanci manjing Ngisak, aku maca setatus Fèsbuk-é Séno Aji. Dhèwèké iku blogger édan, nanging kepénak kanggo kekancan. Wongé seneng ndhagel, cangkemé lunyu. Mula, dhèwèké gawé status mangkéné: “berusaha ngremote TOA, biar madhep munggah!” Aku ngira, mesthi dhèwèké lagi anyel jalaran kebrebegen swara saka TOA utawa pengeras suara. Embuh iku swarané [...]



Prihatin

Feb 7th, 2011 | By | Category: Crita Basa Jawa

Tembung prihatin sajaké bakal rusak, kothong tanpa makna, gara-gara Presidhèn SBY kerep nganggep ènthèng. Ana wong telu jamaah Ahmadiyah Cikeusik, Pandeglang, Banten, tinggal donya jalaran dipilara FPI, dhèwèké mung ngucap prihatin. Tanpa tumindak, kajaba mrintah Kapolri lan Mentri Agama nekani papan pejagalan ing Pandéglang. Nyawa telu ora payu, sajak durung kodal kanggo nuwuhaké perih ing [...]