Blontank Poer » Crita Basa Jawa

Janaka Kalap
Diunèni kalah déning cecak, Janaka mencak-mencak. Ora sabar nunggu awan, ésuk-ésuk mlayu metu saka kraton, nyéngklak keréta kencanané banjur budhal menyang kantor pulisi. Njujug pos jaga, Janaka ora sabar banjur lapuran. “Pak Pulisi, tulung IwanJéwé dirangkèt, dilebokaké pakunjaran!”

Pulisiné mung plonga-plongo ngadhepi Janaka. Matané diucek-ucek. Pak Pulisi iku rumangsané mung ngimpi. Sewengi pikèt ijèn jaga nèng ngepos, bisa turu sedhéla sawisé krungu bedhug subuh. Adzané saka langgar kantor malah ora keprungu saking ngantuké.

“Sik, Mas… Sampéyan sinten? Kok wujudé kados priyayi Sriwedari, nanging kok énjing-énjing sampun dugi mBantul mriki??”

“Aku ki ratu. Janaka aranku! Omahku dudu Sriwedari! Énggal ditulis! Aku ora trima dipadhakké cecak. Mosok mau bengi aku maca blog, ana tulisan ngécé aku, jaré Janaka ora olèh dolan wengi, malah mung kongkon nyawang cecak yang-yangan. Aku ora trima!” ujaré Janaka.

“Okéé… Panjenengan ngaku ratu nggih mboten napa-napa. Tapi buktiné napa panjenengan diécé? Kula nggih kudu ngertos buktiné supados jangkep nulis lapuran panjenengan. Yèn sak-saké, kula didukani kumendhan,” jawab pulisiné.

“Buktiné ana ing Internèt. Wis tulisen! Wé..wé..wé… bit dot li slès iwancecak!”

“Panjenengan niku pripun ta? Bukti kok wéwé-wéwé, kados bojoné gendruwo mawoon! Kula mboten mudheng karep panjenengannn….” jawabé pulisi.

“Kowé ki piyé, ta?!? Gebleg! Ora ngerti Internèt ki kepriyé, ta? Saiki wis jaman globalisasi barang, kok ngannti ora mudheng!” Janaka sangsaya panas.

“Lha kula ming krucuk, jé… Yèn babagan Internèt, nggih mang wadul kumendhan kula, mrikaaa….”

“Apaaa?!? Kowé ki tugasé nglayani rakyat. Ora mung klumbrak-klumbruk, ora teges nyambut gawé!” jawabé Janaka.

“Dèn, panjenengan niku sanès manungsa. Sanajan mBantul, niki mlebet tlatah Indonésia, lho. Niki donyané manungsa, sanès donyané wayang.”

“Aku wis ngerti, ora usah kakèhan mulang! Sanajan aku wayang, nanging kedadèyané iku ana donyamu kéné, donyané manungsa. Aku ki wayang sing lagi piknik, dadi korban dièlèk-èlèk manungsa ing Internèt gara-gara Iwan kuwi!” Janaka isih mencak-mencak.

“Riyin, Dèn…. Sabar rumiyin…. Iwan niku asliné pundi?” pitakoné pulisi.

“Makamhaji! Wétan tilas Kraton Pajang…”

“Lho, yèn niku, menawi mboten klèntu mlebet tlatah Sala utawi sok malah Sukoharjo. Mang lapor wonten mrika…. Niki mBantul, bènten wilayah.”

Janaka sing mauné nesu banjur isin bareng wis ngerti klèruné. Ndhungkluk, karepé njaluk ngapura marang pulisiné, nanging gèngsi. Janaka tetep rumangsa raja, ratu kang kondhang.

“Ya wis, yèn ngono aku dak lapor menyang Polsek Sriwedari waé…” Janaka lunga ora pamit, énggal-énggal nyéngklak keréta kencanané. Kaya mabur, ora nganti jam-jaman Janaka wis tekan tlatah Sriwedari. Nanging durung sida markirké kerétané, saka kadohan krungu wong-wong padha alok Janaka wis mulih manèh.

Janaka bingung. Jebul nalika dhèwèké ngamuk-ngamuk ana kantor pulisi mBantul, konangan anaké Kapolrèsé. Anaké Kapolrès mau banjur bengok-bengok ana Twitter kang dirituit wong sajagad, nganti kabaré keprungu Kepala Gedung WO Sriwedari. Ésuk iku uga, Kepala Sriwedari wara-wara, alok menawa ana wong édan nyolong kostum wayang ana kana.

Janaka dirangkèt, banjur digawa lan diserahaké menyang petugas omah lali jiwa….

Related posts:

Ngalah Marang Kahanan

Layang Takwa

Markus

Lomba Nyabrang Dalan
Aku duwé tangga, professor drajadé. Apik-ora priyayiné, aku ora pati mudheng sebab durung naté guneman dhéwé.. Saklébatan, alus priyayiné, grapyak marang tanggané. Émané, garwané nggrisèni tanggané. Ora awan ora bengi, senengané ngonèkaké klakson saben arep mlebu garasi omahé. Sok mung kaping pisan, nanging kerepé luwih. Swarané seru, marakké kagèt.

Mbokmenawa, montor alus durung bisa kanggo nitèni yèn sing nunggangi uga duwé bebudèn kang alus. Nyatané, isih akèh priyayi sing seneng nglakson bola-bali saben lampu bangjo ganti warna saka abang menyang ijo. Kaya-kaya sing ana ngarepé kabèh budheg kupingé, padha ora duwé urusan, mula kudu énggal sumingkir supaya dhèwèké bisa énggal-énggal nggeblas sabanter-banteré.

Tepa slira nèng dalan wis ora ana. Sanajan Sala kondhang dadi panceré unggah-ungguh lan kabudayané wong Jawa, nyatané saiki wis luntur. Wong dolanan klakson sangsaya akèh. Sepédha montor sing swara knalpoté alus malah padha digawé cemprèng, sajak ngemu surasa supaya wong liya padha ngerti yèn ana sing arep liwat.

Saben malem minggu, watara jam 10 nganti jam 01, malah ana irit-iritan RX King mubeng kutha, akèh cacahé padha lomba banter-banteran swara knalpot. Persis rombongan jambrèt lagi umuk bala. Sepédha montor diplayokaké banter-banteran, ora perduli ana dalan gedhé utawa dalan kampung. Pokoké, saliyané sing nunggang RX King, padha budheg kabèh kupingé.

Wong sing duwé lara jantung, utawa sing duwé bibit stroke, aja pisan-pisan duwé pengarep-arep kawelasan wong-wong mangkono iku. Atiné kaya watu, rasané wis padha dipatèkaké. Jamané pancèn wis jaman menang-menangan. Mung ndilalahé, waniné padha modhèl kecu grombolan. Ora ana sing wani ijèn-ijènan, kajaba gali tenanan.

Tepa slira wis ora ana. Jaman pancèn wis owah. Ora ana aturan kang bisa diugemi, kalebu sing arané Undang-undang tentang Lalu Lintas. Sirine bisa diduwèni sapa waé lan bisa diguunakaké kanggo apa waé. Konvoi sepédha montor nganggo sirine. Apa manèh yèn sing konvoi sepédha montor gedhé kaya Harley Davidson lan sapanunggalané, mesthi malah dikawal pulisi ngarep lan mburi, tur mesthi nganggo sirine. Gandhèng dikawal déning pulisi, mbok lampu bangjo murup abang, tetep waé diterak. Wong ya dikawal pulisi, mesthi waé aman tur kepénak, wong dhèwèké sing nduwèni ukum, kok.

Dadi, ya ora perlu gumun. Pokoké, wong Indonésia saiki lagi seneng-senengé tumindak nerak wewaler. Politisi, pangrèh praja, pulisi, kabèh padha waé. Matané lan atiné padha picek. Ora duwé tepa slira jalaran iku dianggep ngrendhet-ngrenndheti karep lan laku.

Yèn pingin gumum, ayo padha sengkuyungen aku, sing duwé kepinginan gawé lomba nyabrang dalan, utamané Jl. Adi Sucipto, kidul Stadion Manahan mangulon tumekané Tugu Adipura (sing saiki wis dirubuhaké). Lombané rada spèktakulèr utawa aèng-aèng. Yaiku, lomba nyebrang dalan sing pesertané mligi pulisi lalu lintas lan pegawé Dinas Perhubungan.

Saraté lomba, ora kena nganggo klambi dhines utawa sragam nyambut gawé. Kabèh pulisi lalu lintas lan pegawé Dinas Perhubungan kudu mèlu. Sapa sing wektuné paling cepet tur slamet, dihadhiahi sédhan Mèrcy sèri S sing paling anyar. Nyebrangé kudu siji-siji, diwatesi paling suwé limang menit. Yèn ngannti luwih saka limang menit utawa ora gelem mèlu lomba, didhendha dhuwit Rp 10 yuta.

Panitia mesthi kerja sama karo perusahaan asuransi jiwa lan asuransi kerugian. Sebab lomba bakal dianakaké saben dina, saka jam 1 awan nganti jam 5.30 soré. Wektu pancèn dipillih nalika dalan ramé, supaya hasilé cetha: pulisi lan pegawé Dinas Perhubungan ngerti larangé rega nyawa, déné masyarakat uga ngerti yèn tepa slira iku becik lan wajib diduwèni sapa waé, ora nom ora tuwa, ora cilik ora gedhé, ora wong cilik duduk penggedhé. Kabèh padha waé.

Dakkira, lomba iku bakal nyenengaké. Sopir bis, truk, priyayi sing nunggang sédhan lan montor alus, uga wong sing nunggang sepédha montor, mesthi kaya otomatis mèlu banter-banteran klakson. Ayo, kira-kira sapa sing arep nyengkuyung gagasanku?

Related posts:

Lomba Tumindak Becik

Cegatan Déning Pulisi

Sasmita Saka Lurung

Bingung Banyu Kanggo Cawik
Nonton TV malah nggrantes. Jaré, Istana Negara sing dadi papané Presidhèn SBY sakulawarga lan para punggawané manggon lan ngantor larang banyu, jalaran ora ana banyu PAM sing mili mrana. Lha njur Pak Béyé piyé cawiké? Apa ndadak nganggo banyu Aqua duwèké Prancis iku, apa nganggo serbèt putih alias tisu, sing digawé déning para raja kayu iku?

Tumrapé wong cilik kaya aku, babar blas ora bisa mbayangké saumpama Paspampres nganti dikongkon ngangsu. Lha nèng kana apa isih ana sumur? Apa malah nawu banyu kali cedhak istana sing asliné mambu? Mosok Pak Béyé kersa?!? Jelas ora mungkin, ya…

Untungé, kahanan Jakarta nembé sepi jalaran akèh wargané (jaré pitung yuta cacahé) nembé mulih ndhésa, mudhik sungkum marang kulawarga. Ngangsu banyu saka Gunung salak utawa Gunung Putri cedhak mBogor genah bèrès. Montor truk tanki bisa ngebut, sengkut ngangkut banyu kang resik, bening, tur anyep. Yèn kanggo cawik mesthi maknyess rasané nèng silit… Éh, bokong, dhing…

Nanging iku yèn mambu Istana Negara. Lha yèn larang banyu kanggo warga Jakarta, banjur kepriyé? Tisu wis genah larang, wong kanggo golek HPH bèn bisa negori wit-witan alas kanggo bahan bubur dluwang waé gedhé sogokané.  Nganggo banyu Aqua apa manèh….genah luwih larang. Yèn kudu pèpèr ya piyé, wong panggonan wis jejel riyel, mosok isih ana wong sing padha tegel?!?

Babagan banyu resik ing Jakarta pancèn dadi perkara abot. Saking aboté, nganti mbiyèn, kira-kira pertengahan 1990an, Jakarta digaris, didum dadi rong pérangan: sisih kulon kanggo Si A, sisih wétan kanggo Si B. Loro-loroné isih klebu cedhak marang Cendana. Bakul banyu critané. PAM Jaya kaya dilebur, dadi pérangané para baron, yaiku investor, sing pingin dodolan banyu.

Cacah jiwa mèh 10 yuta ora bisa diarani baèn-baèn. Saumpama separoné padha banyu PAM kanthi rega Rp 7.500/m2, kamangka saben wong paling ora butuh patang kibik sewulan,  wis pira dhuwit sing mubeng? Sapa sing seneng jalaran ongkang-ongkang ngétung bathi?

Dakkira ora mung Jakarta waé sing awit wingi-wingi wis padha kangèlan golèk banyu resik. Para tani waé wis kangèlan nelesi sawahé, kajaba banjir bandhang sing kerep njedhul saben mangsa rendheng. Negara wis lirwa, ora ngurus lan gelem njejegaké ukum, saéngga sing diarani ‘krisis air bersih’ dirasakaké wargané saben melèk, mataun-taun suwéné.

Cilakané, wis pirang-pirang taun suwéné, ora ana undhak-undhakané. Regulasi utawa paugeran babagan banyu malah mung manut karepé potang, yaiku Bank Dunia. Bakuné, ana tembung swastanisasi, yaiku negara ora kena cawé-cawé urusan banyu kanggo rakyaté, mula PDAM-PDAM sing ana nèng Indonésia paribasan padha didol utawa diséwakaké marang baron-baron bakul banyu.

Kamangka, sing jenengé bakul, mesthi ndhisikaké anggoné golèk untung utawa bathi ketimbang nglayani. Mula, rega banyu dadi tambah larang. Kamangka, kabèh manungsa, uga kéwan lan tanduran ya padha butuh banyu supaya tetep urip. Dadi, laranga kaya apa, ya tetep bakal dituku.

Sing padha nindakaké shalat ya butuh wudu, sing padha nguyuh lan ngising uga perlu banyu. Cawik larang, wudhu ya larang. Apa ora cilaka yèn mangkono iku? Tanpa banyu awak padha mambu, apa manèh yèn nganti bar ngising ora dicawiki. Hii…..

Muga-muga, Pak Béyé pas ngising dadi ngéling-éling, yèn rega banyu sangsaya larang tur angèl golèkané, iku ateges nyengsarakaké rakyaté. Pun, sumangga Pak Béyé pripun anggènipun badhé menggalihaké rakyaté. Mangsa borong, nggih…..

Related posts:

Merdeka, Kok Bingung?

Mulih Kanggo Sungkem

Rai Gedhèk, Endhas Tank

Cangkem Bapak TOA
Kemis Pon, 20 Mulud 1944, wanci manjing Ngisak, aku maca setatus Fèsbuk-é Séno Aji. Dhèwèké iku blogger édan, nanging kepénak kanggo kekancan. Wongé seneng ndhagel, cangkemé lunyu. Mula, dhèwèké gawé status mangkéné: “berusaha ngremote TOA, biar madhep munggah!”

Aku ngira, mesthi dhèwèké lagi anyel jalaran kebrebegen swara saka TOA utawa pengeras suara. Embuh iku swarané wong ngaji utawa wong lagi duwé gawé. Nanging aku nggraita yèn sing dianyeli mesthi swarané saka langgar utawa mesjid. Wong siji kuwi, sangertiku rada tolèran. (Maksudé duwé tepa slira, dudu wong sing nganggo tolèr, lho!)

Kupingé  tengèn, kaya atiné sing gampang trenyuh marang  sapadha-padha titah Gusti Allah. Paribasan  krungu tangisé semut sing lagi kuyuhan Suryadèn waé, bisa njalari  nesuné sanajan Suryadèn iku kanca dolané. Élok, ta?

Iki arané skrinsut, kapundhut saka FB-né Seno Aji sing kurang ajar iku

Dudu babagan cemprèngé bocah kang lagi adzan utawa wong ngaji sing grothal-grathul, nanging karepé Séno Aji supaya tangga kiwa-tengené sing ngrasuk agama saliyané Islam ora rumangsa keganggu. Wong dhasaré Séno Aji ya kakèhan mangan buku lan seneng maca koran (sanajan ora langganan, wong jenengé waé pegawé negri), mula ya ngerti ombyaké kahanan lan mudheng tepa slira. Apa manèh, saiki akèh wong sing seneng nggadhèkaké agama utawa ndadèkaké agama kanggo pusaka supaya bisa menang-menangan lan nyilakakaké liyan.

Aji klebu wong sing ora seneng marang modhèl dodolan agama kaya mangkono. Èlèk-èlèk, dhèwèké uga jenggoten sanajan gundhul mblundhus, tur bisa ngaji sithik-sithik. Apal juz ‘amma lan lulus a-ba-ta-tsa sanajan ora tutug anggoné melu TPA. Agama iku ageming ati, mula kabèh diresepi, dilebokaké ati nganti tandhes banjur dicakaké ana urip saben dinané. Élok, ta? (Kancané sapa, sik?!?)

Saumpama swarané TOA iku samadya, ora sepira seru, dakkira Séno Aji ora bakal mikir golèk rémoté controli supaya bisa ngowahi madhepé corong TOA, dadi ndhangak, supaya swarané énggal bablas munggah, banjur dimirengaké Gusti Allah. Kaya tembang Pocung sing diwulangaké nalika jaman SD kaé, lho….

Bapak pocung…. cangkemu marep mandhuwur….

Bakuné, setatusé Séno Aji iku mau dadi kaya déné otokritik-é wong Islam dhéwé, sing luwih becik njaga kerukunan lan katentreman ana satengahé bebrayan. Saumpama saben mesjid utawa langgar sing nggunakaké TOA ora nyetèl volume kanthi seru, apa manèh yèn swarané sing metu saka corong mau kepénak dirungokaké, dakkira ora ngantik bakal semono anggoné nggresula.

Ngaji utawa adzan, yèn laguné bisa dirungokaké kanthi kepénak, mesthiné bakal ngadhemaké ati, njalari rasa tentrem. Ora sithik kancaku sing ngrasuk agama Kristen rumangsa ora keganggu, malah kepara bisa nrasakaké senengé jalaran krungu swarané wong adzan utawa ngaji kanthi pinter nglagokaké wacan ayat-ayaté.

Bakuné, tentrem ana satengahé bebrayan dadi perkara sing dipentingaké wong-wong kaya Séno Aji, aku lan kanca-kanca liyané, sing aku yakin akèh banget cacahé. Apa manèh, saiki lagi sing arané rukun nembé dadi tembung lan kahanan sing paling larang di Bumi Nuswantara. Lha wong padha-padha Islamé wae patèn-patènan, apa manèh marang wong minoritas. Kamangka, sing seneng gawé rusak, iku uga klebu minoritas.

Mung ndilalahé waé, sing Islam nanging minoritas mau seneng pamèr kejem, seneng milara wong liya sing ora cocok marang panemu lan laku uripé dhèwèké. Apa manèh, jaré akèh jéndral sing ndèkèngi dhèwèké, mula banjur padha kemlinthi, adigang-adigung, kendel lan teteg milara utawa merjaya wong liya. Apa manèh kantor pulisi utawa gedhung pengadilan, lha presidhèn waé ditantang, kok…..

Sajaké, kapan-kapan perlu saiyeg saékapraya, padha asung pambiyantu bareng-bareng ngruyuk minoritas Islam nanging seneng dodolan agama iku. Ora perlu dipilara utawa dipatèni. Èlèk-èlèk, wong-wong kuwi migunani kanggo pepak-pepak donya. Cukup dirangkèt, digawé kaya cita-cita-né Séno Aji iku mau. TOA-né…éh, cangkemé wong-wong iku mau digawé kaya Bapak Pocung waé, supayané ciriné wong duraka dadi padha kabèh: cangkemé marep mandhuwur!

Piyé? Sarujuk apa ora?

Related posts:

Orkès Cangkem utawa Acapéla Padudon

Gelaré S-2, Gawéyané Ider Cangkem

Sanggama Tuwuh Cilaka

Prihatin
Tembung prihatin sajaké bakal rusak, kothong tanpa makna, gara-gara Presidhèn SBY kerep nganggep ènthèng. Ana wong telu jamaah Ahmadiyah Cikeusik, Pandeglang, Banten, tinggal donya jalaran dipilara FPI, dhèwèké mung ngucap prihatin. Tanpa tumindak, kajaba mrintah Kapolri lan Mentri Agama nekani papan pejagalan ing Pandéglang.

Nyawa telu ora payu, sajak durung kodal kanggo nuwuhaké perih ing atiné Pak SBY. Blaka waé, Pak, aku ora seneng nyawang caramu kaya mangkono. Aja dumèh gajimu wis nem taun ora mundhak banjur nyambut gawéné léda-lédé. Kanthi adeg-adeg presidhèn, sampéyan (ora tegel nganggo tembung kowé) duwé kuwasa negesi lan ngganti Kapolri yèn ora bisa ngrampungi perkara.

Apa gunané bengok-bengok kampanye sing ngentèkaké dhuwit trilyunan supaya tetep bisa kuwasa, yèn sawisé jumeneng nata ora bisa nata nagara. Arep njerum salawasé ana istana ora dadi perkara, waton bisa nentremaké bangsa. Nanging bakal dadi béda perkara yèn ora tegesé anggonmu nata nagara pancèn disengaja, supaya rakyat padha nesu, banjur ngamuk, ngosak-asik katentreman lan ngrusak pranatan, ngraman, lan sapanunggalané supaya énggal jumedhul sing arané Ratu Adil.

Dakkira, pikiran sampéyan ora tekan semono. Sampéyan mesthi ngerti menawa ora becik dandan-dandan negara lan bangsa kanthi cara kang ora bisa tinampa nalar lan rasa-pangrasané bangsa kita. Sampéyan mesthi ya ora seneng yèn rakyat nganti padha nesu, banjur njaluk ganti presidhèn, kamangka kursi sing sampéyan lungguhi wis kadhung ditresnani.

Blaka waé Pak SBY, apa bener sing ndèkèngi FPI kuwi pancèn para jéndral sekti mandraguna saéngga sampéyan ora wani tumindak apa-apa? Saumpama para dèkèng utawa backing iku para jendral, aku yakin kabèh klebu jéndral-jéndral bosok atiné jalaran meneng waé nalika bala-balané ngrusak tatanan, ngganggu wong manembah marang Gusti Allah, malah nganti matèni manungsa sing ora duwé salah lan ora duwé perkara sing gegayutan marang FPI.

Mbok Pak SBY éling nalika semana bisa nutup mainan utawa judi, kamangka bangsané mainan iku uga dadi sandhang-pangané para cukong lan jndral-jéndral keblinger sing nampa setoran. Kena ngapa sampéyan wani lan bisa, banjur saiki meneng waé kaya enthung?

Sanajan duwé gelar saka Batak, sampéyan isih wong Jawa, sing mesthiné ngerti yèn tembung prihatin kuwi ora sabaèné tembung. Ing kana ngemu karep becik, yaiku laku kang tulus, temen. Sampéyan mesthi éling, sepira prihatiné wong tuwa nalika nggula wenthah awakmu, banjur nyekolahaké sampéyan nganti dhuwur supaya bisa mulya mbésuké.

Prihatin yèn mung diucapaké, apa manèh kekerepen lan ora gawé owah-owahan apa-apa, kanggoku tetetp lamis, sanajan diunèkaké kanhti nangis-nangis. Mosok ora isin dadi jéndral bagus, gedhé-dhuwur nanging mung bisa ngucap prihatin nalika sedulur sabangsané nandang cilaka, kaniaya, dipilara lan diperjaya marang sapdha-padha?

Mungguh aku dadi sampéyan, Kapolri mesthi dakjèwèr nalika wani ngucap yèn FPI ora kesangkut perkara ngroyok, milara lan matèni telung wong Ahmadiyah Pandéglang, kamangka pulisi durung nangkep lan mriksa kanthi saksama lan adil marang sing dadi underané perkara.

Pak SBY, aku sangsaya ora percaya marang sampéyan!

Related posts:

Mas Prihatin

Séjé Silit Séjé Anggit

Prihatin Daripada PKS

Ayo Madhang Pohung
Durung suwé iki, Gubernur Jawa Barat Achmad Hèryawan duwé panemu rada ndhagel. Rakyat, ujaré Gubernur lucu iku, becik wiwit saiki ngulinakaké mangan pohung utawa téla, kanggo jaga-jaga larang pangan, utamané beras ing tembé. Beras, jaréné njalari ngantuk. Lan wong ngantukan, ya mesthi waé ora bisa golèk sandhang-pangan kanthi trengginas utawa produktif.

Pancèn sajak ana beneré ngendikané Mang Gubernur iku. Apa manèh yèn nalisik luwih teliti, sing arané beras uga bisa nuwuhaké manéka warna lelara jalaran karbohidraté. Pokoké, mlebu nalar, ora kétang nalaré wong édan!

Coba disimak manèh omongané gubernur kang rikala riyaya taun wingi umuk, pamèr rainé dhéwé lumantar kartu lebaran sing digawé dhéwé, kanggo narsis-narsisan, lan ngentèkaké dhuwit rakyat atusan yuta, utawa malah milyatan rupiyah. Kanthi mangan pohung kanggo nggantèni sega saka beras, rakyat bisa ngirit. Beras sekilo regané luwih larang lipet sepuluh tinimbang pohung. Apik, ya?

Sajaké pancèn sepélé lan alesané bisa tinampa kanthi nalar. Étung-étungané ya cetha, wong miskin utawa sèkèng ora bakal busung wetengé jalaran kesuwèn kaliren. Tuku pohung mesthi kuwat, wong regané mung Rp 400 sakilo. Murah, bisa ngganjel weteng, lan ora bakal kebrebegen kupingé jalaran swara nglikik bisa di-antisipasi. Élok, ta?

Aja mikir warna-warna, généya Mang Gubernur bisa nyatur rada ngelantur. Kanggoné wong sugih kaya dhèwèké, pohung dudu barang sabaèné. Ana hotèl-hotèl méwah, pohung uga dhuwur drajadé. Bulé-bulé uga seneng ngrasakaké, jalaran pohung pancèn éksotis. Apa manèh yèn wis diolah dadi gemblong utawa gethuk, diwènèhi tèrès utawa somba abang-ijo-kuning. Yèn chèf-é pinter, malah bisa nata gemblong warna-warna mau ana sandhuwuré piring kaca, banjur dibumboni crita yèn wong Éndhonésa uwi seneng warna, mulané saben parté duwé ciri warna dhéwé-dhéwé.

Pohung bisa uga dipépé nganti garing mekingking, banjur diolah dadi gaplèk. Gaplèk bisa diolah manèh dadi pathi, banjur digawé jenang sing uga éksotis lan maregi! Turis mancanagari, wong sugih mblegedhu, bakal manggut-manggut disuguhi panganan saka pohung ngono kuwi. Kaya déné wong piknik utawa plesiran, mangan pohung bakal bisa dadi pengalaman takkan terlupakan! Ya mangkono kuwi pok-pokané utawa intiné donya pariwisata: kudu bisa gawé kangen, klangenan, utawa kenangan!

Pikirané Mang Gubernur sing kaya mangkono iku, kanggoné para misuwur utawa wong-wong pinter sing keblinger, bisa sinebut visioner, bisa nyawang jaman sing bakal kelakon lan ngajak cepak-cepak wiwit saiki, supaya ing tembé ora kagèt, yèn tiba titi wanciné beras langka lan larang.

Bisa kapétung saka saiki, ing tanah Jawa, ambané lemah wis sangsaya susut jalaran manungsané saya ngrembaka dadi akèh lan butuh papan kanggo ngéyup lan sapanunggalané. Mula sawah-sawah padha didadèkaké tegalan, banjur ditanduri omah utawa pabrik. Apa manèh kanggo ndhedher winih pari, lha wong kanggo papan ngéyup waé, wong Jawa padha diuncalké nèng mBornéo, Sumantrah, Papua utawa Sulawesi, mèlu transmigrasi.

Mang Gubernur siji iki pancèn pinunjul. Étungané rada pinter. Jaré, saben nyawa butuh 130 kilo setauné, utawa kira-kira aji dhuwit Rp 1.780 sedina kanggo nglolohi cangkem siji. Yèn saomah ana wong lima ateges wis nyedhaki sepuluh èwu, durung klebu lawuh, jangan, lan uba rampé kanggo gawé kayata uyah, gula lan lombok sing kudu tuku. Kamangka bayaran mburuh mung Rp 35 èwu sedinané. Lha ongkos sekolahé anak-anaké?

Pancèn bener étungané Mang Gubernur Achmad Hèryawan. Yèn padha gelem madhang pohung, sedina entèk telung kilo paribasané, isih bisa ngirit dhuwit akèh, wong pohung mung Rp 400 sekilo, déné beras apeg waé regané wis tikel sepuluhé!

Mang Gubernur katoné seneng mikir negara lan bangsané. Yèn padha gelem nrima kanthi mangan pohung, beras weton sawah sanuswantara sing akèhé 70 yuta ton (utawa 70 milyat kilo) setahun, yèn diaji Rp 5000 sekilo, padha karo dhuwit Rp 350 trilyun! Akeh, ya?

Ya wis genah akèh. Ora susah dibayangké sepira ambané yèn kabèh dhuwit mau dijèrèng. Ora ana latar sing cukup ing tanah Jawa. Mendhing réka-réka waé, yèn para gubernur, mentri tumekané presidhèn sakulawargané mènèhi conto marang rakyaté, ora perlu suwé-suwé, cukup setengah taun waé mangan pohung saben dinané, banjur kaya ngapa sambat sebut sing bakal bisa kita sami rugokaké…

Ora perlu didongakaké kesereden lan sapanunggalané. Paling suwé sepasar, mesthi wis padha gumoh, bantalé klomoh, lan kasuré teles kebes jalaran ngiler sabèn weruh para kadang tani nandur pari, apa manèh padha ngguya-ngguyu methiki pari panènan….

Piyé Mang Achmad, wis siyap durung kaliren ngimpi mangan sega beras?

Related posts:

Adhang-adhang

Durjana Macak Ndara

Sala Butuh Underpass

Lomba Tumindak Becik
“Lik, kowé wis nyumbang sedulur-sedulur sing ngungsi jalaran watuké Gunung Merapi?”

“Wis. Daktitipaké kanca-kanca sing padha nyerahaké bantuan saka kantorku,” ujaré Lik Sarmun, mangsuli pitakonané Mbakyu Lisa. “Lha awakmu wis nyumbang apa?”

Mbakyu Lisa gèdhèg. Meneng waé, ora ngucap apa sing wis diwènèhaké kanggo para pengungsi.

“Lha kenapa ujug-ujug awakmu takon mangkono?” Lik Sarmun ganti takon.

Mbakyu Lisa isih meneng. Ora bisa wangsulan, nanging kaya wong bingung, kaya akèh sing lagi dipikir.

“Kowé ki kenapa ta, Lis? Wong ngajak rembugan, gawé pitakonan, saiki kok malah dadi kowé sing bingung karepé dhéwé!” ujaré Lik Sarmun.

“Ora ngono, Lik. Pak RT kuwi, lho… Kok kaya wong kurang gawéyan, saben warga ditakoni nyumbang pira, tumindak apa lan sapanunggalané, mliginé babagan tulung-tinulung marang liyan. Apa wong tetulung, paring pambiyantu ki ndadak lapuran Pak RT, ndadak dibiyawarakaké??”

“Lha iya, kuwi. Aku ki sakjané ya rada gumun. Kaya nèng tipi-tipi kaé, wong-wong padha pamèr sumbangan, klambiné mlithit, jas-jasan, klambiné sing dianggo kétok yèn regané larang-larang, nanging nyumbangé mak plekenthis, atusan èwu. Rumangsaku, padha ora duwé isin, malah kepara pamèr. Kaya wong ora ngerti agama waé, ya?” ujaré Lik Sarmun.

Mbakyu Lisa banjur ngudarasa, utamané babagan kepinginané Pak RT, sing jaré arep mènèhi bebungan utawa hadiah tumrap wargané sing padha gelem wèwèh panyengkuyung lan pambiyantu kang awujud apa waé.

“Coba dipikir, Lik… Yèn Pak RT tetep pingin nganakaké lomba kabecikan, apa kuwi ora malah kaya nerak wewaler, nabrak angger-anggeré agama. Apa patut kabecikan digawé lomba? Apa Pak Kaji  Kipli sing sugih mblegedhu, sing paring pambiyantu atusan yuta sing bakal menang.

Apa malah Pakdhé Wito sing pirang-pirang minggu ora dhasar warung soto, nanging pilih prèi, ambyur ana satengahé dhapur umumé pengungsi mangsak soto tanpa njaluk bayaran ing pangajab bisa  nyenengaké sedulur-sedulur sing padha kangèlan turu ana téndha-téndha pengungsian, banjur dimenangaké, diparingi bebungah lan diwara-warakaké lumantar radhio lan koran?”

“Hmm… Ya embuh, Lis. Jaman saiki,  tumindak becik waé kok ndadak digawé lomba. Kaya pabrik-pabrik gedhé waé, seneng pamèr pitulungan kamangka butuhé bisa metu nèng tipi, lan olèh korting pajek. Kamangka, wis salumrahé, pabrik-pabrik sing wis nyugihaké sing duwé kuwi padha mbalèkaké bathiné kanggo wong liya, kaya déné wong zakat bandha utawa sedhekah marang wong-wong ing sakiwa-tengené pabrik supaya bisa lumrah uripé, kaya liya-liyané.”

“Yèn miturut panemumu, beciké kudu kepriyé, Lik? Apa bareng-bareng ngadhep Pak RT waé, supaya ora nerusaké lombané?” pitakonané Mbakyu Lisa.

“Wis bèn waé, Lis. Disawang waé apa karepé Pak RT. Yèn warga kéné padha wegah didaftar mèlu lomba, mengko Pak RT rak ya kisinan dhéwé…,” ujaré Lik Sarmun.

“Ya wis, yèn ngono apiké awaké dhéwé meneng waé. Bèn, disawang waé, bakal tekan ngendi gawéyané Pak RT. Sing seneng pamèr ya bèn pamèr. Ngono waé ta, Lik?” ujaré Lisa.

Lik Sarmun manthuk-manthuk, sarujuk. Sanajan mangkono, sirahé mubeng seser, bingung mikir, nganggo apa wong bisa ngukur kabecikané wong liya. Babagan ikhlas, mesthi sing ngerti mung Gusti Allah.

Sajaké, lomba kabecikan mung cocok kanggo wong sing seneng umuk, lan tumindak kanthi pamrih.

Related posts:

Lomba Nyabrang Dalan

Malik Donga

Lomba Bedhekan Yuswane Pamantyo

Serat Kagem Pak Sus
Mugi Katur

Bapak Susilo Bambang Yudhoyono

ing palenggahan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Mugi Pangèran ta’ala tansah nglubèraken ampunan dumateng panjenengan sakulawargi.

Pak Sus, nyuwun sagunging samudra pangaksami bilih kula kumawantun matur dumateng panjenengan. Sampun ngantos klèntu ing panampi, bilih mboten wonten niyat sanès anggèn kula matur, kejawi pingin ngluwari uneg-uneg kula, babagan tangis lan trenyuh panjenengan.

Pak Sus, kula pitados, panjenengan mboten maos Twitter, Facebook lan sapanunggilipun. Kamangka, kathah sadhèrèk ingkang ngraosi panjenengan, malah wonten ugi ingkang ketingalipun mandar mèncep, mboten pitados dumateng panjenengan. Bilih muwun saha raos seseg panjenengan rikala wonten Bogor punika namung kados déné laré gembèng ingkang mèwèk wadul dumateng biyungipun, ing pangajab namun pados sih kawelasan.

Saestu, kula kalebet ingkang ndhèrèk dumateng golonganipun sedhèrèk-sedhèrèk ingkang sami sujana dumateng muwun utawi tangis panjenengan. Muwun tanpa luh punika sanès tangis baèn-baèn. Inggih tumrapipun priyantun kakung punapa malih tiyang sepuh kados panjenengan.

Babagan tiyang kesrakat utawi miskin, sampun mataun-taun, awit Bung Karno ngantos bapa guru panjenengan, Pak Harto, tansah kathah cacahipun. Panjenengan mboten sisah muwun babagan punika.

Saumpami muwun panjenengan jalaran pikantuk kabar saking Sidoarjo, bilih taksih wonten maèwu-èwu sedhèrèk, bayi utawi sepuh, ingkang taksih dèrèng pikantuk gantos ingkang murwat saking Grup Bakrie amargi lendhut Lapindo sampun ngèremaken sabin, tegil lan mendhem rajakaya lan balé griya, kula saged ndhèrèk sumedhot ningali tangis panjenengan ingkang sinorot tivi.

Utawi panjenengan muwun jalaran getun mboten saged tumindak kados ingkang dipun lampahi Presidhèn Chile, ingkang kersa nenggani buruh tambang ingkang kependhem kalih wulan langkung dangunipun. Saumpami makaten, mbok bilih kula lan sedhèrèk-sedhèrèk sanuswantara ugi bakal béla tangis, malah kepara seru sareng-sareng supados sami mangertosi kados punapa sakit manahipun pemimpin amargi rakyatipun nembé nandang kacilakan.

Kamangka, kagem tuwi korban banjir bandhang Wasior kémawon, panjenengan ketingal gumantung nagadina, saéngga telatipun madinten-dinten. Kamangka, paribasan sabda pandhita ratu, panjenengann dhawuh, sanalika saged dipunsembadani. Garuda cumawis, pesawat Hèrculès kagem ngangkut bantuwan ugi sampun sumadya.

Cobi panjenengan penggalih, kados punapa raos gelanipun sedhèrèk-sedhèrèk ing Wasior saumpami sami ningali tivi, warta ngengingi alusipun bebudèn lan agengipun tanggel jawab presidhènipun.

Samangké panjenengan muwun. Nangis. Rumiyin, panjenengan sampun wongsal-wangsul wadul dumateng rakyat panjenengan, kamangka panjenengan pirsa bilih laré kados kula mboten saged tumindak punapa-punapa kagem pring sabiyantu dumateng panjenengan ingkang jumeneng nata aran Presidhèn. Menawi sekedhik-sekedhik wadul, mèwèk, punapa mboten éman-éman bilih panjenengan sinebat gedhé gombong, ageng wadag kewala, tanpa isi paribasanipun.

Priyayi, jalu utawi pawèstri, bakal pikantuk sebatan gembèng bilih mirah ing tangis, kerep ing sesambat.

Saèstu, kula mboten trimah bilih mireng panjenengan dipun geguyu, punapa malih déning tukang bécak utawi para bakul. Pingin kula, sedaya kala wau namung pangimpèn kémawon. Punapa malih panjenengan naté pun gemblèng kaprawiran lan katosan, jalaran panjenengan dipun gadhang dados pageripun bangsa lan nagari.

Pak Sus, raosipun kula mboten trimah menawi panjenengan nangis kados makaten. Kula lingsem menawi para duta besar lan turis lajeng criyos dumateng bangsanipun, bilih priyayi kakung Indonésia punika mirah ing tangis, gampang trenyuh marang kawontenan, kamangka dèrèng naté nyobi ngowahi kawontenan supados langkung saé lan prayogi.

Pak Sus, kula suwun panjenengan énggal cancut taliwanda, ndandosi kawontenan, sampun ngantos keplantrang mboten kanten-kantenan. Cobi panjenengan tedahaken dumateng kula lan bangsa Indonesia, menawi panjenengan langkung saé, lantip lan langkung titis mranata tinimbang Gus Dur utawi Bu Megawati, ingkang panjenengan tinggalaken amargi mboten saged ndandosi nagari.

Sumangga, Pak Sus, kula biyantu tapa mbisu. Mboten ngrèwès sinten-sinten, mboten nolèh mangiwa utawi manengen, Madhep mantep ngginakaken tirahanipun wekdal, kagem dandan-dandan, idhep-idhep nyaur utang. Sampun sisah menggalih Bank Century tinimbang ndadosaken rasa risi wonteng salabeting manah. Semanten ugi, mboten perlu ngémut-émut kumawantunipun Kapolri Bambang Hendarso Danuri ingkang pilih nilaraken sidhang kabinèt tinimbang ndadosaken sirah benthèt.

Saèstu, sumangga éling. Nyebat lan sambat kémawon dumateng Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, mugi taksih dipun paringi kekiyatan lan wekdal kagem nyekapaken lampah dumugi taun 2014 bénjang. Saèstu, saru menawi sambat lan muwun dados pakulinan. Ndadosaken lingsemipun para kakung, saèstu mboten prayogi.

Sumangga, kula aturi paring duka dumateng kawula, naming sampun ngantos kados wekdal samanten, rikala Pak Harto jumeneng nata, ngrangkèt lan milara sinten kémawon ingkang mboten sarujuk utawi mboten remen lajeng bengok-bengok kados kula samangké.

Sugeng dalu, Pak Sus. Mugi saré panjenengan nglèsus dalu punika, supados bénjang pikantuk pepadhang, sami-sami amangun nagari. Dèrèng telat panjenengan nandur kesaénan.

Saumpami pingin muwun utawi tetangisan, cekap sepindah malih kémawon. Miturut pemanggih kula, tangis ingkang pungkasan, cobi panjenengan lampahi wonten ing Tanggulangin, Sidoarjo mrika. Panjenengan cekap nyebat nyuwun pangapunten dumateng Pangèran, amargi mboten saged nuntasaken perkawis. Supados ènthèng sangganipun, cobi dipun sebat kémawon, sinten ingkang kedah tanggel jawab.

Insya Allah cespleng. Rakyat bakal remen. Salajengipun, kula pitados menawi sanalika bakal wonten tangis sesarengan sadhèrèk sanuswantara. Bèntenipun, tangis sesarengan ingkang badhé kedadosan mujudaken tangis kasukan…..

Nyuwun pangapunten, Pak Sus, mbokbilih atur kula nggedhabyah, kados laré nglindur utawi mboten waras. Sumangga, dipun anggep kados makaten kula lila, uger Indonésia tambah majeng lan makmur, tentrem raos lan batosipun rakyat sadaya. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sala, 21 Oktober 2010

Salam taklim,

Blontank Poer

Rumah Blogger Indonesia

Jl. Apel III No. 27, Jajar, Sala

Related posts:

Lomba Bedhekan Yuswane Pamantyo

LEREN nge-BLOG RUMIYIN

Nyamikan Nggrawut-grawut

Layang Pamit
Wis pirang-pirang dina, cahyané Mas Yuda wis ora sumunar, ora sumringah kaya biyèn rikala isih dadi wong lumrah. Mangan bisa ing sadhéngah papan, bisa ijèn kanthi klosotan anèng klasa mendhong, utawa slonjoran karo ngeluk geger. Udud uga bisa klepas-klepus, nyandhang uga bisa sakarepé.

Babagan nyandhang mlithit, wis awit nom-nomané. Dhasaré lair kalung usus, nyandhang lan macak sing kepriyé waé ya bakal katon dhèmes. Apa manèh dedegé sing pideksa, ora mokal yèn akèh wong wadon sing padha kelara-lara ora bisa urip nyandhing Mas Yuda. Saben dina, rambuté kileng-kileng jalaran diwènèhi lenga paslin sing kondhang kanthi aran Pomade. Arang banget nganggo lenga orang-aring, kajaba kepèpèt kentèkan paslin.

Lumrah yèn gara-gara bagus lan ketambahan pinteré, Mas Yuda dipèk mantu wong sugih mblegedhu sing kasinungan drajat lan pangkat. Saka drajat lan pangkaté muaratuwa mau, nuwuhaké kabegjan kanggo uripé Mas Yuda sakrandhahé. Nyalon lurah ya mesthi gampangé, wong tangga-tanggané padha seneng nyawang dhèwèké.

Apa manèh, ana alam pikiré wong ndhésa, dedeg, gandar lan cak-cakan isih perlu digatèkaké. Wong èlèk ora pantes dipoto, apa manèh dipajang ana njero omah. Paribasan bodho ora papa, sing penting pantes disawang lan pantes yèn ngadeg sesorah ana satengahé pasamuwan agung, resèpsi utawa mènèhi mbudhalaké layon wargané.

Nanging praènané Mas Yuda wis ora sumunah, ora bungah kaya biyèn manèh. Sepasar luwih, Mas Yuda sajak sedhih, katon ngampet rasa sing mendhalem (iki tembungé Mbah Basiyo). Malah, babagan sedhihé Mas Yuda wis dadi rasanan, dadi grenengané wong sadhésa. Kabèh padha takon-pinakon, nanging ora ana sing ngerti apa perkara sejatiné.

Nanging, kabèh padha nggraita, menawa sedhihé Mas Yuda jalaran bojoné lagi seneng nyandhang pating krompyang, mas-masan pating crènthèl. Kamangka, sanajan dhèmes nyandhangé, Mas Yuda kondhang prasaja. Ora naté nganggo barang larang, nanging tansah katon apik amarga lairé kalung usus.

Nanging, dhésa dumadakan dadi ramé, jalaran krungu kabar yèn Mas Yuda mati kendhat. Kulawargané pating jlerit, esuk-esuk meruhi Mas Yuda nggantung ana njero kolah. Guluné dijiret nganggo lawé sing sadriji gedhéné, pusuké dicènthèlaké ana usuk.

Swasana dhésa dadi umyek, nganti suwé dadi rasanan. Sanajan wis entèk patangpuluhé, swara-swara ngenani patiné Mas Yuda isih dadi rasanan utama. Kabèh rumangsa mbeneraké panggraitané menawa laraah-larahé kendhaté Mas Yuda ora adoh saka urusan kulawarga. Apa manèh bareng krungu, jebul Mas Yuda ninggal layang pamit.

Jeng, aku njaluk ngapura, kepeksa ndhisiki. Wis ora kuwat aku nyangga isin marang awakku dhéwé. Karepku isih pingin urip prasaja kaya mbiyèn mula, nalika aku isih jaka. Aku tresna marang saliramu, uga anak-anakku kabèh. Nanging siji sing aku ora bisa nyangga lan kuwat nglakoni, menawa aku kudu nyugihaké kulawargamu, apa manèh kudu nyepakaké dalam kanggo lakuné adhimu nggantèni aku ngesuhi warga dhésa kéné.

Coba sawangen lan gatèkna, wong-wong dhésa kéné wis padha duwé calon pemimpiné sawisé aku lèngsèr mbesuk. Pinginé padha golèk wong kan teges, duwé adeg-adeg lan pantes kanggo tuladha.

Aku rumangsa wis gagal netepi pengarep-arepé warga kéné, jalaran keganggu urusan kulawargané dhéwé. Sing padha rukun sawisé lungaku. Cukup aku waé sing ndhelikaké balung tinimbang aku kangèlan srawung.

Titip anak-anak…

Layang pamit sing jebul ana cap jempol nganggo getih, kuwi tininggal ana njero kanthongan kathok sing biyasané kanggo dhines. Lempitane mlithit, tulisané nganggo aksara gedrik, dluwangé suwèkan buku tulis cap Kethèk. Ora lecek, sanajan dluwangé putih semu soklat.

Related posts:

Layang Takwa

Layang Blak Kotang

Pasar Cilik

Képlé Jarikan
Iki critané wong lagi puyeng, golèk idhé nganti diréwangi grèsèk-grèsèk tetep ora nemu. Ya, wis piye manèh, dhasaré polo ngeres, apa manèh wanci udan. Crita boroké liyan waé, ya… Bengi iki, aku crita képlé utawa lonthé jarikan. (Wong-wong FPI tulung aja crèwèt, jalaran crita iki bisa dadi kaca brenggala, kanggo pangilon kanggo kowé kabèh)

Crita sing kaping sepisan, babagan kenya sekéca utawa lonthé jarikan. Aja gumun, Kutha Sala pancèn komplit, jangkep babagan donya peteng-peteng kaya mangkéné. Ora mbiyèn, ora saiki, padha waé. Sing ‘réndan’ utawa kéré dandan waé payu, apa manèh sing isih nom-noman lan bocah-bocah jembagar.

Sanajan tuwa, waton ora ompong péyot, tetep waé ana sing karem. Ana waé pelanggan sing kerep mampir, paribasan kaya duwé girik abonemèn. Kancaku, umpamané, gelem rekasa, nganti diréwangi klayaban tekan Kebakkramat ing sisih wétan Kutha Sala kanggo golèh kenya sekéca sing jarikan. Éksotis tetembungané.

“Yèn sing nganggo rok mini utawa kaos yukènsi (you can see), wis ora ngangeni, ora njalari endhas mumet. Nèng mal mesthi akèh wong pamèr awak kaya ngono kuwi, mula wis ora greng babar pisan,” ujaré.

Dhasar sableng!

Kosok balèné, ora tuwa ora anom, wanita sing isih gelem nyandhang nganggo jarik lan kemben, jaréné luwih nyenengaké. “Racaké pancèn wong-wong sing wis setengah tuwa sing gelem nyandhang lawasan ngono kuwi. Nanging nyenengaké, jalaran gemati lan telatèn. Apa manèh yèn rambuté dawa digelung tanpa cemara. Hmmm… Sala pancèn top!” mangkono sesorahé kancaku sing dakanggep édan mau.

Crita kaping loro, ana kanca wartawan sing duwé crita rada béda. Jaré ana jéndral, sing nalika isih nduwé lungguhan kepénak mbiyèn, sabané ya mung nèng cedhak Pasar Dépok, yaiku pasar manuk ing sawétané Manahan. Ana ing cedhak pasar manuk mau, Pak Jéndral duwé lengganan mbok-mbok STW utawa umur setengah tuwa.

Saben arep tindak Sala, utusané Pak Jéndral mesthi wis ndhisiki, banjur meseni supaya mbak-mbak (eh, mbok-mbok) mau ora lunga, lan ora nampa dhayoh liya. Pokoké, sasuwéné Pak Jéndral ana Sala, dhèwèké dipanjer, nglayani Pak Jéndral.

“Kamangka, bojoné Pak Jéndral kuwi ayu kinyis-kinyis, tur wangi, lho,” ujaré kancaku sing wartawan mau.

“Lha piyé manèh, pancèn wong urip iku warna-warni, nganti kasukan waé ya anèh-anèh. Ora mokal yèn tuwèkan waé ya tetep payu. Aja-aja, pancèn iku adilé Gusti andum rejeki,” aku nyaut sakecandhaké.

Kancaku manggut-manggut. Gumun setaun, nanging bisa nglengganani. Sing jenengé fantasi pancèn ora bisa diwatesi. Apa manèh priyayi kutha, kaya wong gedhéan kaya Pak Jéndral sing wis kulina saba mrana-mrana, paribasan wis mblenger weruh sing modhèl apa waé.

Aku uga banjur kèlingan critané wong tuwa-tuwa mbiyèn, menawa ana alun-alun kidul cedhak Pasar Gading kana, mbiyèn uga ana ‘kursus’ rusuh-rusuhan kanggo cah cilik-cilik. Nganti tumekané taun 80-an, akèh lonthé réndan dodolan ngècèr marang bocah cilik-cilik, nuduhaké anuné kanthi bayaran satus rupiyah kanggo rèk jres siji. Sakjrèsan satus, kanggo madhangi anune. Yèn korèk wis matèk, ya wis rampung. Yèn isih kepingin weruh, tuku manèh sakler mbaka sakler. Édan, ya?

Ya kayaa ngono kuwi sing diarani pepak-pepaké donya. Ana apik ana ala, ana becik ana rusak-rusakan. Hahaha… Wis, ah, cukup seméné dhisik waé.

Related posts:

Prihatin

Virus In Dhèh Dhong

Pak Murti Pingin Tuku Beteng