Crita Basa Jawa



Prihatin

Feb 7th, 2011 | By | Category: Crita Basa Jawa

Tembung prihatin sajaké bakal rusak, kothong tanpa makna, gara-gara Presidhèn SBY kerep nganggep ènthèng. Ana wong telu jamaah Ahmadiyah Cikeusik, Pandeglang, Banten, tinggal donya jalaran dipilara FPI, dhèwèké mung ngucap prihatin. Tanpa tumindak, kajaba mrintah Kapolri lan Mentri Agama nekani papan pejagalan ing Pandéglang. Nyawa telu ora payu, sajak durung kodal kanggo nuwuhaké perih ing [...]



Ayo Madhang Pohung

Jan 12th, 2011 | By | Category: Crita Basa Jawa

Durung suwé iki, Gubernur Jawa Barat Achmad Hèryawan duwé panemu rada ndhagel. Rakyat, ujaré Gubernur lucu iku, becik wiwit saiki ngulinakaké mangan pohung utawa téla, kanggo jaga-jaga larang pangan, utamané beras ing tembé. Beras, jaréné njalari ngantuk. Lan wong ngantukan, ya mesthi waé ora bisa golèk sandhang-pangan kanthi trengginas utawa produktif. Pancèn sajak ana beneré [...]



Lomba Tumindak Becik

Dec 14th, 2010 | By | Category: Crita Basa Jawa

“Lik, kowé wis nyumbang sedulur-sedulur sing ngungsi jalaran watuké Gunung Merapi?” “Wis. Daktitipaké kanca-kanca sing padha nyerahaké bantuan saka kantorku,” ujaré Lik Sarmun, mangsuli pitakonané Mbakyu Lisa. “Lha awakmu wis nyumbang apa?” Mbakyu Lisa gèdhèg. Meneng waé, ora ngucap apa sing wis diwènèhaké kanggo para pengungsi. “Lha kenapa ujug-ujug awakmu takon mangkono?” Lik Sarmun ganti [...]



Serat Kagem Pak Sus

Oct 21st, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa

Mugi Katur Bapak Susilo Bambang Yudhoyono ing palenggahan Assalamu’alaikum Wr. Wb. Mugi Pangèran ta’ala tansah nglubèraken ampunan dumateng panjenengan sakulawargi. Pak Sus, nyuwun sagunging samudra pangaksami bilih kula kumawantun matur dumateng panjenengan. Sampun ngantos klèntu ing panampi, bilih mboten wonten niyat sanès anggèn kula matur, kejawi pingin ngluwari uneg-uneg kula, babagan tangis lan trenyuh panjenengan. [...]



Layang Pamit

Oct 21st, 2010 | By | Category: Crita Basa Jawa

Wis pirang-pirang dina, cahyané Mas Yuda wis ora sumunar, ora sumringah kaya biyèn rikala isih dadi wong lumrah. Mangan bisa ing sadhéngah papan, bisa ijèn kanthi klosotan anèng klasa mendhong, utawa slonjoran karo ngeluk geger. Udud uga bisa klepas-klepus, nyandhang uga bisa sakarepé. Babagan nyandhang mlithit, wis awit nom-nomané. Dhasaré lair kalung usus, nyandhang lan [...]