Blontank Poer » 1998
Siti Ofayer lan Permanèn Residèn
***Cathetan cekak kanggo ngéling-éling kadadèyan obong-obongan ana Kutha Sala, Kamis lan Jumat, 14-15 Mèi 1998. Muga-muga para korban jarah-jarahan olèh ijol rejeki sing akèh, sing padha séda jalaran kobong utawa kaniaya wis ditentremaké ana suwarga, lan para paraga ngobong lan njarah diwènèhi kesempatan tobat kanthi laku kudu ngrasakaké urip rekasa, sanajan mung sedhéla***
Siti Ofayer ing kéné iki dudu jeneng sing lumrah. Wujudé lanang, nanging patrap lan sandhangané wadon. Duwé brengos, gagah, ngendikané sajak digalak-galakaké, nanging swarané tetep krasa kemayu. Ngajaké tumindak sing ora-ora, nanging ora wani nuduhaké wujud sejatiné. Sanajan nalika kenalan wong iku ngaku jenengé Siti Ofayer (saka tembung manca, City of Fire), nanging aku luwih seneng nyebut jenengé Siti Banci.
Ya, Siti Banci utawa Siti Ofayer duwé gawéyan top-markotop wektu semana. Tunggalé akéh, rainé béda-béda, nanging nganggo jeneng padha. Sing mbédakaké, mbokmenawa nganggo nomer, saka siji nganti embuh angka pira. Patrapé uga padha: ngajak wong-wong sing ditemoni supaya mèlu-mèlu njarah bandha lan ngobong omahe wong sing leluhuré saka Tanah Cina.
Omah, toko, kiyos lan sapanunggalané dirusaki, dicolongi, malah ora kurang kabar sing nyerikaké ati, ana siji-loro pawongan gagah pideksa nanging jenengé Siti Banci iku padha (nyuwun ngapura) nglakèni kanthi meksa lan milara para kenya. Ora duwé rasa welas, malah pantes sinebut biadab.
Iku kedadèyan tanggal 14 lan 15 Mèi taun 1998. Omah lan toko mbulat-mbulat awit awan, benginé rada susut murupé jalaran mung kari sisa-sisa awujud mawa. Nanging kocap kacarita, aspal ing ratan-ratan gedhé padha ndlèdèk jalaran sepéda montor lan mobil dadi gantiné obor, murup mbulat-mbulat kaya lampor.
Kira-kira wiwit tanggal 16 bengi, wong-wong kampung dadi kompak. Ana ngendi-endi ana rondha, sanguné gaman –landhep utawa kethul, bunder, gèpèng utawa kothak pesagi. Umpana pantes nggunakaké tembung ‘ndilalah’, ééé… kok nyatané saben kampung duwé perkara kang padha: jaré bakal ana drop-dropan massa utawa manungsa cacah akèh sing bakal nyerang lan njarah dhésa utawa kampung.
Ora cetha sing nyebar sapa, nanging pawartané padha: ngati-ati, bakal ana drop-dropan massa sing keluwèn. Rasané banjur ana beneré, yèn kanggo ngampungi urusan weteng ‘dilumrahaké’ nganggo apa waé, klebu cara nistha lan golèk perkara. Kahanan tintrim, isu kang medèn-medèni terus ana saben dina, nganti kira-kira setengah sasi suwéné.
Pingin ngerti monumèn tinggalané Siti Ofayer utawa Siti Banci? Nganti saiki isih akèh banget, lan gampang ditemoni ana Kutha Sala. Dudu patung utawa prasasti, tinggalané Pak (utawa Mbak, padha waé) Siti wujudé béda dhéwé: palang wesi, umumé dicèt ireng-putih. Jaréné, wesi kaya ngono kuwi mau luwih pas diarani P.O.R.T.A.L. (aku ora mudheng arané, sebab kanggoku luwih apik ora perlu ana wesi wujud kaya mangkono, lan yèn dipeksa ngarani, aku luwih seneng nganggo sebutan Pager Siti!).
Gatèkna kampung-kampung kaya mBadran, Purwotomo, nJajar, mBaron, Sriwedari, lan liya-liyané. Isih akèh petilasané Siti Ofayer. Apa manèh sing jenengé perumahan, luwih-luwih kang dianggep èlit (pitik?) kaya Solo Baru lan Fajar Indah, dijamin bisa mlebu ora bisa gampang metu (kaya nganggo obat gambar jaran, ya? hik..hik…). Ketoké gang utawa dalané akèh, ning sing bukak mung siji-loro. Liyané kompak seia-sekata, Pager Siti utawa Si P.O.R.T.A.L pilih ngalang-alangi laku. Tamu prasasat kudu ditlesih supaya ora klèru kècu, wargané uga seneng rekasa kaya asu, lunga-mulih kudu ngapalaké dalané kang ditengeri dhéwé-dhéwé.
Kampung sing mbiyèné guyub banjur dadi rusak tatanané. Wong-wong sing mbiyèné liwat jalaran golèk dalan sidhatan, dipenthelengi kaya nyawang nayap lagi golèk mangsan. Rukun lan guyubé ilang, sing tuwuh ngrembaka malah bangsané sujanan. Siti Ofayer pancèn sétan tenan!
Siji manèh sing nganyelaké jalaran polahé Siti Ofayer, aku dadi kenal tembung Permanèn Rèsidèn. Saben krungu tembung kuwi, pikiranku (dhasare bocah bodho) mlayu menyang apa sing jenengé Residèn, yaiku pembantu gubernur kanggo wilayah Kresidènan Surakarta. Nanging kok permanèn? Wah, édan tenan yèn jabatan residén iku permanèn utawa salawasé.
Yèn kèlingan iku, aku dadi ngguyu dhéwé. Coba bayangna, atasé kuliyah nèng Fakultas Sospol ing universitas negri, kok nganti ora ngerti istilah Permanèn Residèn?!? Sanajan ora ana jurusan HI, wolung tahun kuliyah iku ora sedhéla… (Gandhèng bodho, dadi ya mèmper yèn aku ora duwé ijasah sarjana, wong durung tau lulus)
Tambah ngguyu lan kétok pekokku, yè ngèlingi jaman semono iku aku wis bisa dolanan internèt, yèn perlu 24 jam nonstop. Solonèt utawa Indo.Net Solo iku kaya indekosanku sing nomer loro. Aku kenal sing duwé, uga sing ngedegaké lan ngurus saben dinané, kayata sing jenengé Sunu Prasetya utawa Happy Hanantoputra, bekas pelukis cilik sing saiki mèlu ngrembakake DagDigDug.
Sawayah-wayah, aku bisa bukak internèt, tur wis kenal éyang buyuté Si Gugel kayata AltaVista, Metacrawler, lan sapanunggalané. Aku malah rumangsa ampuh kaya wong Amerika jalaran duwé e-mail nganggo usa.net. Aku uga duwe ana mailcity.com, bèn dikira wong kutha.
Ning ya kuwi, Permanent Residence kang tegesé pénclokan tetep waé kok ora ngerti, apa ora kebangeten yèn ngono kuwi?
Émané, ngertiku tembung Permanent Residence lan Permanent Resident malah saka tumindak nakalku. Aku kerep mbukaki folder layang metu (sent items) saka program kang arané EUDORA. (Wektu iku, Solonèt wis duwé layanan email gratisan sanajan ‘terbatas’ sing ‘berbasis’ POP3). Pendhak ana komputer nganggur, banjur dak tiliki isiné. Jenengé waé warnèt, tur isih anyaran ana Kutha Sala, akèh wong sing ora ngerti yèn saben layang mlebu utawa metu, yèn ora dibrusak ya isih bisa dibukaki. Yèn ana sing mudheng banjur mbrusak sent items, aku niliki ana TRASH folder sing biasané uga disepèlèkaké.
Sepisan aku nemu tembung Permanent Residence utawa Permanent Resident iku saka email kang ora kebrusak ing komputer. Sing kirim bocah wédok, kira-kira isih sekolah ana SMP. Isiné pitakonan kanggo kancané sing manggon ana Australia, intiné piyè carané lan piya biayané supaya bisa éntuk surat resmi saka Pemerintah Australia, saéngga bisa dadi pendatang legal lan bisa nerusaké sekolah ana kana.
Aku penasaran. Pirang-pirang komputer dak buka, pingin weruh isiné, utamané bocah-bocah keturunan Tionghoa iku. Kèri-kèri aku rada ngerti, jebul Permanent Residence utawa Permanent Resident iku dudu tembung baèn-baèn. Ana rasa nelangsa, wedi, pengarep-arep lan saterusé para bocah cilik-cilik mau. Jebul, wong-wong iku ngobrolaké nasibé sawisé Kutha Sala dadi karang abang, jalaran diobong déning Siti Banci utawa Siti Ofayer sakancané.
Telung sasi tumeka setaun suwéné, bocah-bocah mau padha ngomongaké carané olèh layang ijin tinggal menetap. Sasuwéné iku, jebul rasa wedi tambah ndadi lan gawé miris, lara lan seseg ana pulung ati saben maca layang-layangé wong-wong kuwi. Sasi-sasi wing, aku isih ketemu pelanggan warnèté Happy iku, sing mbiyèné nulis babagan Permanent Residence utawa Permanent Resident. Singapura utawa Amerika klebu negara kang dianggep favorit wektu iku.
Ora kétang mung siji-loro sing isih dak kenali, nanging wis nuwuhaké rasa ayem, jalaran wis padha gelem bali mulih ana Kutha Sala. Embuh sing liya-liyané…………
Related posts:
Jaman Édan
Kaose Brutus
Tukang Tulup
Jaman Édan
Sabegja-begjané wong lali, isih luwih begja wong kang éling lawan waspada…..
Pengetan Agustusan 1998
Ing jaman kiyi, ngendikané pujangga Jawa kang misuwur, Radèn Ngabèhi Ranggawarsita kang kawentar kanthi sebutan Jaman Édan, iku pancèn nemu cocogé. Jumbuh marang kahanan, nalika akèh manungsa padha ngédan banjur rayahan, jalaran rumangsa yèn ora mèlu ngédan ora bakal kaduman.
Ora mung para ningrat, pejabat, politisi, ora ketinggalan ngulama lan wong cilik uga padha kecipratan penyakit ora becik iku. Coba dititèni wulan-wulan iki, bakalé tambah akèh wong kang ngédan, golèk dum-duman bandha sétan kanthi janji ngijoli biting utawa cacah jiwa kanggo klumpukan swara.
Bakalé akèh wong teteg, rumangsa prigel, rumangsa duwé akèh kanca lan bala, banjur tawa bisa golèk klumpukan swara. Sing disrawungi, ora liya ya wong-wong kang duwé dhuwit, utamané sing wis dimangertèni duwé ‘posisi’ dadi tim suksès. Kamangka, sing jenengé tim suksès, racaké padha karo jenengé, yaiku pancèn tim kang kudu suksès, embuh caloné bakal suksès utawa ngecès!
Reca RÉFORMASI ing Jaman Édan
Mula aku ora gumun, yèn ana sapérangan warga Sala, sing sejatiné duwé nalar waras banjur nekad gawé reca, yaiku patung kanggo tetenger yèn jaman mbiyèn, sewelas taun kepungkur, sapérangan rakyat kaya wong ‘kaulan’. Kaulan padha rebutan bandha sing dudu darbèké utawa njarah bandhané liyan, utamané sedulur-sedulur keturunan Tionghoa. Malah, pèngetan Proklamasi kaping 43 waé ditengeri nganggo sebutan Jaman Édan.
14-15 Mèi 1998, Sala kaya ngAlengka. Akèh kethèk nglambrang sangu mawa banjur ngobong kutha. Sapérangan kethèk liyané ngojok-ojoki supaya warga padha ‘njupuk jatahé’ kanthi cara ngrebut bandhané ‘wong Cina’. Alesané, seprana-sepréné ‘wong-wong kulit kuning’ iku uga wis luwih dhisik numpuk bandha kanthi ngrayah liwat cara korupsi-kolusi-nepotisme utawa KKN.
Gandhèng urip pancèn rekasa lan angèl golèk kaya, akèh wong banjur lali. Suburé sogok-sogokan, ngrembakané dum-duman proyèk iku, ora liya jalaran kabudayan kang binangun déning Soeharto pancèn ‘meksa’ sapérangan pengusaha keturunan Cina kanthi cara sing kétoké alus, kamangka kebak apus. Sithik wong Cina sing katon mulya jalaran ‘diopèni’ Soeharto banjur nglairaké sujanan, rasa mangkelé wong sanuswantara, lan undur-undurané banjur padha nggebyah uyah: kabèh Cina patrapé padha, dhemen sogok-sogokan lan sapanunggalané.
Saumpana ora ana wong-wong sugih mblegedhu kaya Sjamsul Nursalim, Edy Tansil, Hendra Raharja lan sapanunggalané kang mbiyèné diuja déning Soeharto, mbokmenawa ora bakal kedadéyan obong-obongan lan jarah-jarahan ngrayah bandhané liyan. Wong-wong ora perlu ngédan yèn tundhané mung mburu dum-duman rejeki utawa bandha donya. Seriké marang wong-wong kang diopèni Soeharto, nanging amuké diparakaké ing sakiwa-tengené, tanpa ngetung salah lan dosané ana lingkungané. Pokoké Cina, mesthi sirna. Édaannnn……
Bangsaku jebul tau dadi bangsa paling wengis sadonya. Njupuk bandhané banjur ngobong omahé, sawisé iku turu angler jalaran wis kuwaregen wadhuké. Ing sapérangan papan ing Jakarta lan Sala, malah ana siji-loro sing ‘nyucukaké’ péstané: meksa wanodya keturunan Tionghoa nglayani nepsuné, ngumbar manuk ora perduli larané wong-wong mau ing tembé mburiné. Uédaaaannnnnnnnnn…………. Bangsaku pancèn asu!
Nyawang patung utawa reca ing kampung Tegal Kuniran iku, pancèn nggawé trenyuh. Aku weruh dhéwé, Kemis soré iku, watara jam 5, akèh ibu-ibu playon nggawa bondhotan kang isiné manékawarna ing Jl. Kolonèl Sutarto, sakiwa tengené kantor PMI utawa Rumah Sakit dr. Muwardi. Isine bondhotan ana sing awujud beras, lenga klentik, bumbon gawéyan pabrik lan sapanunggalané. Waton dimangertèni, Tegal Kuniran sing sisih kidul iku watesé ya Jl. Kol. Sutarto, déné patungé dipacak ana sisih lor dhésa.
Sapérangan liyané, ana sing kanthi gotong royong njunjung kulkas, utawa sekarung beras. Benginé, sadawané dalan Ir. Sutami-Kol. Sutarto-Monginsidi, utawa saka Sekarpacé tumekané Stasiun mBalapan, dalan katon tambah padhang jalaran. Lampu mèrkuri isih murup, ketambahan sepédha montor lan mobil mbulat-mbulat jalaran diobong kanthi kebak nepsu.
Saélingku, saka Sekarpacé tumeka Cèmbèngan waé ana limang papan kanggo ngobong montor. Banjur saka Tugu Cèmbengan tumeka mBalapan, ora kurang 15 titik kanggo ngobong mobil lan montor ana tengah lurung. Aspalé mlenyèk jalaran barang sing diobong pancèn dudu barang èlèk.
Swasana pating jlerit sadurungé sepur jurusan mBandung sing daktumpaki dibudhalaké. Ewon wong tumplek bleg ana kana. Ana sing mung butuh mlayu saka omah saperlu golèk keslametan, nanging ora kurang uga sing pingin lunga adoh, ninggalaké kutha sing wis dadi karang abang. Ing mBalapan, aku uga ketemu kanca sing pingin nggawa nyinggir éyang putriné menyang Ngayogyakarto, nanging éyang putri mau wegah, ora kersa ninggalaké kutha, malah pingin bisa nunggu dalemé, ora perduli risikoné.
Swara pating jlerit nambahi miris, bareng ujug-ujug lampu PLN mati. Kutha peteng ndhedhet, kaya petengé atiku wektu iku, luwih-luwih atiné para sedulur kang ndilalah lair ceprot duwe kulit luwih kuning saka aku lan umumé wong-wong Sala. Lair putih dadi salah, dianggep lairé mung kanggo ngrayah, lan sapunggalané.
Reca RÉFORMASI ing pojok dhésa
Kaya tinulis ing iketé si reca, tembung Réformasi mung kaya ngimpi. Amien Rais sing jaré tokoh réformasi, nyatané nyontoni congkrah karo Mas Trisno Bachir gara-gara rebutan papan bandhulan koalisi. Sing mbiyèn padha pingin tatanan anyar, kaya partainé Mégawati, nyatané wis lali maknané tembung réformasi (apa manèh révolusi kaya aturé bapakné suwargi). Kabukti, Mas Prabowo sing mbiyèn melu nyulik lan gawé ontran-ontrak rekiblik malah disrawungi lan dirangkul, kamangka kuduné digiri-giri.
Pilihan presidèn bakalé mung dadi dalané wong-wong sing wujudé ya mung kuwi-kuwi waé, kanggo nglali lan ngédan. Pangajabé, ya mung supaya bisa kaduman. Kaduman bandha lan panguwasa, ora perduli rakyaté tambah mulya apa sengsara.
Yèn wis ngéné iki, aku dadi bingung. Arep ajak-ajak golput, wedi akibaté. Yèn mung diculik ora papa, sok malah dadi nge-top mbesuké. Lha yèn ‘lobby-lobby’ PKS marang Gusti Allah berhasil, yaiku golput iku haram>, rak ya banjur répot, to? Tiwas sithik-sithik nandur kabecikan, jebul tetep mlebu neraka gara-gara golput.
(Aku rada kuatir tenan marang PKS, sebab sasuwéné iki paling nyolok anggoné umuk cedhaké marang Gusti Allah. Jaréné ora korupsi-lah, jaréné dhèwèké sing njalari petani tambah makmur-lah… Akèh tenan ngamal jariyahé, mula bisa ngapling suwargané…….. Babagan Rama Pratama kesandhung korupsi, iku perkara liya sing sajaké dianggep manusiawi)
Tulisan iki kanggo mèngeti rusaké Éndonésa lan rekasané sedulur-sedulur Tionghoa sing wis dadi korban kejemé para anthèk-anthèk panguwasa, sing wektu semana nembé nguji kasektèné kanggo ngobrak-abrik negara, kaya sing diarani Perang Kota utawa ngetrepaké taktik bumi hangus ing Kutha Sala.
Related posts:
Sushi lan Hotèl Tiga Jaman
Pesugihan Jaman Buta
Pasar Cilik