Blontank Poer » andi

Andi Odhol
Percaya kena, ora ya ora dadi ngapa. Ana negara Népal, para dhémonstran nembé ngerti dayané odhol bisa kanggo nulak pedhesé gas air mata watara taun 2003-2004. Sing ngajari ora liya wong Sala, sing jenengé Andi Jatmiko utawa Andi Riccardi, wartawan TV Amerika sing nembé waé kena musibah kejeblugan bom ana Afghanistan.

Sing jenengé Népal, pemerintahé wektu semana, kelakuané rada mirip Éndhonésa rikala jaman Mbah Soeharto. Galak, tur seneng milara wong dhémonstrasi, embuh kuwi mahasiswa, LSM lan sapanunggalané. Pulisiné kereng-kereng, sing jenengé némbak utawa mbedhil wis kaya wong-wong kéné yèn lagi golèk manuk nganggo bedhil angin.

Pancèn rada telat yèn dibandhingaké marang pengalamané wong Éndhonésa. Watara taun 1998, jaman gègèran réformasi, odhol klebu seduluré mahasiswa sing padha démonstrasi. Waton diolèsaké ana rai kanthi rata, dijamin bakal aman ketaman gas air mata. Ora bakal krasa pedhes babar blas. Kamangka, wektu kuwi, gas air mata iku diobral murang déning pulisi Brimob lan Dalmas.

Siji manèh sing dadi seduluré dhémonstran, arané ès batu. Iku uga barang kang paling mujarab kanggo nglawan tamèngé pulisi sing digawé saka fiberglass. Jaré kanca-kanca dhémonstran, fiberglass bakal sumyur yèn ketaman ès batu.

Bali menyang Népal, wektu semana Andi akèh suting gambar dhémo. Tur, saben ana dhémo, pulisi kana mesthi ngasak, ngawur mbedhili sawisé nembakaké gas air mata. Mula, cara gambaré, mesthi bakal apiké.

Sepisan-pindho, Andi crita marang kanca-kanca wartawan lokal, banjur ngambar, kabaré tambah ndadra. Para dhémonstran banjur kulakan odhol saben arep dhémo. Ééé…suwé-suwé, dayané odhol dadi kondhang kawentar ana saindengé Népal. Ora mung wartawan, mahasiswa lan masyarakat umum, banjur padha nggunakaké odhol. Malah, kèri-kèri, pulisi ing kana uga nggunakaké odhol, kanggo jaga-jaga yèn dayané gas air mata dadi senjata makan tuan.

Awit wektu kuwi, Andi banjur dijenengi wong kana kanthi sebutan Andi tooth-paste, sing Jawané dadi Andi Odhol. Mangkono critané Andi bengi iki mau ana ing Stasiun mBalapan, sasuwéné nunggu sepur Bima saka Surabaya sing bakal nggawa dhèwèké mulih menyang Jakarta. Saliyané nglakoni prèi sawisé kena musibah ana Afghanistan, dhèwèké uga mertamba ana Sala. Alhamdulillah, saiki wis bisa mlaku jejeg. Tètèh mlakuné, sawisé setengah wulan mlakuné gojag-gajig jalaran tlapakan tengené tau méngslé, pénthor ngiwa gara-gara bom-é Thaliban.

Related posts:

Anyel Marang Pulisi

Kepacé Korban Bom Afghanistan

Luwih Apik Diakoni