Blontank Poer » Ariel Peterpan

Sanggama Tuwuh Cilaka
Wis sawetara suwéné gègèran pilem saru dadi kabar seru. Awit tangi turu tumekané wanci turu manèh, kabèh stasiyun tivi mawartakaké kejlomprongé Ariel Peterpan, Luna Maya lan Cut Tari. Kok ya ndilalah kersané Allah, wadiné wog-wong mau kawiyak lumantar internèt.

Mesthiné, sapa waé kudu nliti kanthi permana lan pikiran wening. Klèruné Ariel mung ana ing babagan ngrekam tumindaké. Déné sumebaré sing njalari kabèh wong pingin nduwèni, wis dudu perkarané dhèwèké, kajaba mbesuké tinemu bukti, yèn Ariel utawa Luna lan Cut sing nyebaraké. Sanajan katon mustahil, nanging ya sapa sing bisa mengertèni?

Miturut aku, tivi, layang kabar lan sapanunggalané mèlu dosa, kudu tanggung jawab marang kesalahané, utamané para buruh greneng-greneng kang kawentar kanthi sebutan pekerja infotainmen. Manungsa-manungsa infotainmen wis keliwat-liwat anggoné mawartakaké anané pilem saru iku.

Pancèn padha ora muter pilemé, nanging akèh pérangan gambar sing dituduhaké marang para pamirsa. Ana tali cawet, ana cuwilan gambar lakang, lan sapanunggalané. Wis dadi kodraté manungsa, saben weruh samubarang sing mung sethithik nanging manas-manasi ati, bakal ditlesih lan padha digolèki gambar utawa crita wutuhé.

Begja, Komisi Penyiaran Indonesia (KPI) wis mènèhi teguran utawa pepéling marang para penggedhé stasiyun tivi sing wis padha nyiyaraké cuplikan gambar saru iku.

Saliyané kuwi, ana manèh sing gawé anyelé ati. Pak Menteri Tifatul Sembiring nggawa-gawa agama, malah ditambahi wong sing jenengé Roy Suryo, sing ngomong perlu ngundang ‘ahli moral’. Coba padha dipenggalih, sapa sing pantes olèh sebutan ahli moral iku? Lan apa ukurané manungsa kudu olèh gelar ahli moral???

Wong padha seneng ngucap tanpa dipikir kanthi ati kang adhem. Kabèh dadi ora béda kaya wong-wong sing aran pekerja infotainmen. Senengé mung greneng-greneng, mbukak wadi lan ngèlèk-èlèk liyan.

Pak Tifatul, umpamané, ngendikakaké perluné ngganjar Ariel nganggo pasal perzinahan kaya kang sinebut ing Kitab Undang-undang Hukum Pidana (KUHP). Saumpamané kabèh sanggaman mau dilakoni kanthi padha gelemé, banjur kepriyé? Apa manèh kedadèyan (sanggama) kuwi wis kliwat, tanpa ana sing meruhi, lan ora ana sing kepeksa. Piyé?

Mesthiné, kabèh mau béda karo perkara sanggama ana satengahé mal utawa papan umum liyané, utawa sanggaman kanthi ngincim nyawa salah sawijiné sing nglakoni. Utawa, wong duwé bojo banjur tumindak lelakèn sing dikonangi liyan.

Yèn pancèn arep padha nggawa-gawa agama, mesthine wis cetha lan terang trawaca. Ana agama Islam, Gusti Allah wis janji bakal maringi ukuman utawa bebendu kanggo tumindak mangkono. Dadi, embuh Pak Mentri utawa Mas Roy, ora perlu srèi, ora kena mèri marang kuwasané Gusti Kang Murbèng Dumadi.

Wis bener pulisi nyeluk Ariel kanggo papriksan. Lumrah nggolèk ngerti, sapa sing nyebaraké gambar wadi kuwi ana donya internèt. Bisa uga, kabèh mau jalaran pokalé liyan, saéngga Ariel, Luna lan Cut Tari mung dadi korbané wong sing jail-methakil, nyebar gambar ana internet tanpa olèh idin saka sing duwé.

Wis béda perkara uga babagan niyaté Ariel ngrekam adegan-adegan sanggaman kaya mangkono. Saumpama bener dhèwèké ngrekam tumindaké karonsih kanthi cara sanggama marang wong wadon sing akèh cacahé, ya dianggep waé sing jenengé Ariel nembé nandang lara jiwa.

Tanpa mikir liya-liya, apa manèh ukuman agama (kaya sing dikarepaké wong-wong sing semuci-suci), sing arané Ariel, Luna lan Cuta Tari wis padha nandang sungkawa. Bebendu wis padha ditampa. Sanksi sosial wis mlaku kanthi manut ukum alam. Wong-wong kuwi kuwi, saiki wis ora gampang dolan utawa lelungan. Rasa salah bakal terus nggandhuli lakuné.

Sing kudu dipikir saiki, piyé carané supaya bocah-bocah sing durung udur ora kena wabah saru. Wong tuwa kudu waspada, ora kena lirwa nggatèkaké anak-anaké, lan ora ngrasa dumèh mampu banjur nguja bocah kanthi nyangoni piranti-piranti sing durung perlu. Bocah SD utawa SMP, umpamané, ora perlu dicekeli BlackBerry, iPhone lan telpun gegem sing digdaya gunané.

Nanging, saumpama rumangsa perlu, ya kudu waskita. Sebab sing arané bocah, rasa pingin ngerti kuwi lumrah. Yèn ora olèh tuladha lan wejangan becik, sanajan barang bisa kanggo perlu sing apik malah bisa kuwalik-walik. Yèn mangkono kedadèyané, wong tuwa mesthi bakal kecélik. Wadi bisa waé didhelikaké, nanging sawayah-wayah bisa kawiyak tanpa sineja.

Related posts:

Cilaka Karana Sayak

Matur Nuwun, Dik Roy

Politisi Los Malethos