Blontank Poer » asu
Kéwan Begja, Asu Sekti
Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé.
Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan mung siji. Mula, ing sawijining dina, asu mau ditawakaké marang jagal sing ngiras pantes buka warung saté jamu lan sèngsu, tongsèng asu. Cekaké rembug, rega wis putus, kedadèyan kanthi perjanjèn sing nuku nyekel dhéwé. Sebab, sanajan asu ingon-ingon, nanging girasé ora mekakat, ora gampang dicekel.
Saking angèl olèhé nyekel, déning sing nuku (sebut waé asmané Karso Gawon), asu kuwi banjur digebug endhasé. Asu kaing-kaing, banjur mlayu mbrabat. Dijarké waé karo disawang, mbokmenawa bakal mati ing keboné tangga. Luput! Jebul asu kuwi ngilang. Rong dina asu ora ketok, Karso wis rumangsa genah tombok.
Mbahé kancaku banjur ngabari Karso sawektu weruh glibeté asu ing kebon mburi omah. Cèkat-cèket, Karso marani si asu kanthi nyangking lading mingis-mingis. Rasané wis getem-getem pingin énggal matèni asu kuwi. Ndingkik saka gandhoké Mbahé kancaku, Karso weruh yèn asu mau isih énak-énak ndhéprok ana ngisor tritisan.
Balung diuncalaké ana sacedhaké asu. Bareng wis rada keslimur, Karso Gawon nyedhaki asu kanthi tangan tengen nyekeli lading kang didhelikaké ana mburi geger. Durung bisa nyandhak kewané, asu wis nyoba éndha, pingin ngadoh. Ora sranta, lading gedhé sing mingis-mingis mau disabetake. Cress!!! Asu banjur mlayu, kaing-kaing kaya sambat yèn gulune godrès getih. Kaping pindhoné, Karso Gawon ketiwasan.
Ééé… kok ya ndilalah kersaning Allah, asu iku pancèn durung cedhak marang pepesthi. Limang dina sawisé dibabat lading, asu mau mulih kanthi kahanan gulu wis pulih. Kaya ora ana tatu, saka kadohan mung katon bélong.
Setengah gumun, separoné anyel banget. Karso Gawon ora kurang athikan, banjur nggunakaké jurus pamungkas. Ya, dhèwèké blanja apotas rada akèh! Apotas diracik nganti bener-bener ngrasuk ing daging sing bakalé kanggo pancingan. Pokoké, pikiré Karso Gawon, sepisan mangan bakal énggal mati ana kono uga. Wayah surup ramuan racun disebar ana kebon, ésuké wis bisa nggawa mulih wadhagé asu keparat mau.
Watara jam pitu ésuk, Karso Gawon mara ing keboné Simbahe kancaku. Dhèwèké kagèt, nyawang pitik pating klékar. Yèn dinalar, pitik-pitik kuwi ora bakal mati jalaran mangan daging sing wis diramu apotas. Surup mlebu kandhang, subuh nembe pada saba manèh.
Sepisan manèh, jebul dina iku dadi pengapesané Karso Gawon. Luwih saja rong puluh pitik sing mati, ora mung ana ing kebon´mbahé kancaku, nanging uga ana latar lan keboné tangga-tanggane.
Jebul, asu mau mutah-mutah sawisé mbadhog daging-apotas lan playon golèk papan dhelikan. Ana sadalan-dalan, utah-utahan asu mau dadi panganané pitik sing nembe waé metu saka kandhang, saba golèk pangan. Mula ora anèh, yèn utah-utahané asu dadi racun sing matèni pitik-pitik ing dhésa kuwi.
Ngracun asu sing njalari puluhan pitik dadi bathang, Karso Gawon banjur panèn unèn-unèn. Tangga-tanggane padha ngamuk, nesu, nyalahaké anggoné nggunakaké cara matèni asu kanthi ramuan apotas. Karso Gawon kapok. Dhèwèké ikhlas lan pasrah, ora ngarep-arep bisa nggawa mulih asu sing wis dituku. Dhuwit ilang ora sepira akèh, apa manèh yèn dibandhingaké marang ruginé tangga-teparo sing wis kélangan pitik. Apa manèh, bathangé pitik klebu karam. Didol ora payu, mangan ya ora ana sing doyan.
Pirang-pirang dina sawisé kedadèyan pitik mati, ana kabar kang nguciwani kanggoné Karso Gawon. Asu sing pirang-pirang dina dadi mangsa iku mati ketrunjang montor gedhé sawektu nyebrang lurung gedhé aspalan ing ngarep omahé Simbahe kancaku mau. Wektu itu, akèh wong sing nyeksèni, yaiku para tangga teparoné Simbahé kancaku sing lagi cepak-cepak arep tahlilan ana omah sangarepé, ing sebrang dalan.
Simbahé kancaku wis kebayar, Karso Gawon sing tombok. Sing ngrasakaé énaké daging lan getihé asu mung ana loro: aspal lan ban montor… Asuné dhéwé mecèdhèl, gèpèng lan tipaké rada lucu. Lulangé kelèt ana aspalan, mbentuk gambar asu lagi turu.
*) Matur nuwun kanggo Lik Jrabang, critamu ing Wisma Seni bengi iku njalari anané tulisan ini.
Related posts:
Luwih Apik Diakoni
Asalé Tembung LONTHÉ
Adhang-adhang
Oly Mati Sawisé Digilir
Mesakaké Oly, umur durung sepira tuwa wis kudu mati. Cilakané, matiné jalaran digilir déning lanangan, nenem cacahé. Ora kurang nelangsané, matiné Oly malah ana téras omahé dhéwé, wengi-wengi wanciné wong-wong sakomplèks perumahan pada turu angler.
Awaké dhèdhèl dhuwèl, geger lan guluné abang-abang. Ana tilas grawutan utawa cokotan tur racaké katutan getih. Sarosa-rosané tenagané Oly, dhèwèké ora kuwasa sélak, apa manèh ngungkuri. Pancèn, yèn dipikir-pikir lan ditlesih mula bukané, kabèh iku jalaran karepé Oly dhéwé.
Sejatiné, Oly ya ora klebu jinisé wédokan sing lènjèh utawa duwé nepsu sing keliwat-liwat utawa hypersex. Pancèn dhèwèké seneng banget sanggama, nanging iku mau mung sadrema nuruti titimangsané brahi. Yèn ora lagi brahi, paribasan ketemu lanangan resik, gagah lan pinter ngglembuk, dhèwèké ora tau kéngguh. Yèn wis ora, ya bakal muni ora!
Wengi kuwi, ndilalah komplèks perumahané rada sepi. Hawané rada bedhidhing, Oly ya ngancik mangsa brahi. Karepé mono, dhèwèké siat-siut marang tangga sing paling cedhak omahé. Sebut waé jenengé Dino. Ndilalah, loro-loroné wis srawung apik, kerep dolan bareng, ora kétang mung nangga utawa thenguk-thenguk ana lapangan ing satengahé komplèks.
Dino dhéwé klebu nom-noman blatèr ing perumahan iku. Dhèwèké duwé gank, kanca saumuran, nenem cacahé. Embuh lagi kelebon iblis ngendi, wektu kuwi Dino lagi ngumpul karo kanca-kancané ana kidul omahé. Sadurungé metu nangga, Dino wis dikencani déning Oly, yèn mengko rada wengi arep diajak indehoi, ana téras omahé Oly.
Sajaké wedi keturon lan éman-éman kélangan kesempatan, Dino sengaja pamit Oly arep dolan-dolan sik. Karepe, yèn wis rada sepi lan kahanané kepénak lan aman, Oly dikongkon nyeluk nganggo kodhe. Sakloroné setuju, kodhe kanggo kencan wengi kuwi, Oly metu omah banjur nyanyi rada lirih.
Kira-kira jam sewelasan wengi, satengahé lagi padha gegojègan, Dino krungu swarané Oly. Pancèn rada lirih, mula kanca-kancané ora ana sing ngerti. Dino pamit sanalika.
Ndilalahé, pamité Dino sing dumadakan iku gawé kagolé kanca-kancané. Paribasan jagongan lagi gayeng-gayengé, kok banjur pamit lunga. “Caramu aja ngono, Din! Ora asik yèn énak-énak crita kok lunga. Jenengé, kowé ngrusak swasana,” ujaré sing apan ana pojok kulon.
Sing njèjèri Dino uga mèlu nambahi, nguwati rembug yèn ora pantes Dino ngrusak acara. Apa manèh, sing ngencani kumpul-kumpul wengi kuwi, ora liya ya Dino dhéwé. Dino bingung. Arep blaka yèn duwé kencanan kok sajaké urik. Nanging yèn ora blaka, banjur sésuké konangan yèn dhèwèké jebul ninggal pasamuan kanggo indehoi karo Oly, dhèwèké wedi dijothak.
Pungkasané, Dino blaka. Nanging dhèwèké mung mbisiki karo sing mau lungguh cedhak karo dhèwèké. “Aku duwé janjian karo Oly, ki… Mbok aku diréwangi ngomong karo kanca-kanca, bèn aku bisa pamit ndhisiki mulih. Omongké waé yèn awakku lagi ora kepénak, tur wedi yèn ora éntuk lawang.”
Sing diajak kethik-kethikan Dino banjur manggut-manggut. Jebul, dhèwèké dijanjéni éntuk melu ngeloni Oly, waton Oly-né gelem, tur sawisé Dino tutug angoné indehoi. Dino janji bakal mènèhi kodhe yèn Oly sarujuk.
Cekaké, sing dijanjèni Dino mau banjur mèlu ngréwangi, mamitaké Dino supaya bisa mulih luwih dhisik. Kocap kacarita, Dino nggeblas, nyusul Oly sing wis mèsam-mèsem nunggu ana téras.
Satengahé asik-asiké Dino gelutan karo Oly, ngerti-ngerti kanca-kancané padha nggruduk bebarengan. Dino kagèt. Dhèwèké durung kelakon ngomong karo Oly, yèn mengkoné bakal disusul kancané. Nanging, Oly-né sajak ora nggagas bingungé Dino. Malah, Oly ngajak kanca-kancané Dino seneng-seneng bebarengan bengi kuwi. “Pokoké aja ramé, aja padha rebutan lan gègèran!” mangkono uniné Oly.
Gandhèng isih nom-noman kabèh, padha seneng olèh wektu pesta ramé-ramé kaya wengi kuwi. Siji mbaka siji dilayani Oly. Dhèwèké wis kadhung mabuk kepenaken, ora nggagas yèn saking nepsuné, kabèh padha nggrawuti lan nyakoti guluné. Ora wurunga, Oly kentèkan daya. Geger lan guluné godrès getih, krasa lara nanging ngampet ora wani bengok-bengok, timbang keprungu wong-wong ing sakiwa tengené.
Para lanangan mau mung bisa nunggoni karo ngayem-ayemaké atiné Oly. Padha nglelipur Oly, supaya bisa keslimur larané. Nanging, Oly sajak wis ora kuwat ngglawat. Dikira semaput, jebulé Oly wis angler salawasé. Siji maka siji, lanangan-lanangan mau padha minggat, ninggal jasadé Oly, nyekéngkang ana taman, cedhak bangku.
Ésuk-ésuk, Kang Joko mbukak lawang garasi arep ngeteraké anaké budhal sekolah. Sajak ana sing béda, nanging ora dirasa. Dhèwèké ngira, Oly lagi dolan ana omahé tangga.
“Pak…Paaakkk!” ujaré putrané.
“Ana apa, Lé?”
“Oly…. Oly…., Pak!” ujaré karo ngranggèh tangané bapaké, banjur nggèrèt menyang taman cedhak téras.
Oly, asu kampung, wédok sing wis rong taun dirumat Kang Joko supaya ngrèwangi njaga omahé, mati kanthi godrès getih. Dhèwèké ora nggraita, yèn swarané Oly sing rada nggalur bengi iku jebul tandha lagi brahi. Mbaung iku, jebul minangka tandhané asu wédok lagi brahi kanggo ngundang tekané asu lanang. Cilakané, ya mung Oly siji-sijiné asu wédok ing kompleks panggonané Kang Joko.
Related posts:
Noordin M. Top Wis Mati!
Nakil Nganggo Perasaan…
Tina Mati Jalaran Setrès
Asu
Aku duwé tangga rada wagu. Ingon-ingonané asu cacahé telu. Sing siji embuh apa arané, sing loro genah cetha wéla-wéla, jinisé Dalmatian. Lorèng-lorèngé cetha kaya sapi poang utawa sapi perah, gedhéné sagedéné pedhèt umur selapan. Nanging, bedané karo sapi perah, asu lorèng iku luwih kopèn. Wuluné resik, ora kaya sapi-sapi sing akèh diingu wong mBoyolali iku.
Yèn sapi perah ora sepira resik, jan-jané ora lumrah. Wong wis mènèhi dalan rejeki kanggo sing nduwèni, kok ora dirumat kanthi becik. Nanging, yèn sing jenengé asu (Dalmation lan liya-liyané) umumé malah dirumat ngluwihi manungsa. Pakanané iwak-iwakan –dudu iwak plastik, yèn lara énggal-énggal digawa menyang dokter ahli kéwan. Pokoké, diragadi tenanan.
Malah aku tau krungu yèn asu mangkono iku uga dilatih ngambu utawa ngambus sembarang kalir, utamané ngambu jinisé panganan sing mbilahèni utawa bakal nggawé cilaka uripé si kéwan. Bakuné, aja nganti asu-asu sing dirumat kaya ngopèni anak iku gelem nguntal panganan saka wong liya.
Tegesé, wong sing duwé asu iku uga ajak-ajak marang asuné supaya duwé rasa sujanan utawa curiga marang sapa waé sing ora dikenal. Pamrihé, si asu tetep bisa njaga badha lan keslametané wong saomah. Satpam ora dipercaya, sebabé nganti saiki sing jenengé satpam isih klebu jinisé manungsa. Babagan keslametan bandha donya, asu luwih kinurmatan tinimbang manungsa.
Nanging, sing dakkarepaké tangga wagu iku mau ora liya jalaran anggoné opèn-opèn asu ora dibarengi kanthi sesrawungan sing becik. Omahé tutupan terus, rina kalawan wengi. Sapa aruh karo tangga, sangertiku ya ora tau. Embuh apa nyambut gawéné. Sanajan njaban omahé katon ora kerumat, nanging mesthiné duwé simpenan bandha ora sethithik, mula nganti diréwangi tuku asu sing regané mesthi mayuta-yuta.
Saumpama dibiji mèri, ya daktrima kanthi legawa. Ora dadi ngapa. Nyatané, sing sipaté kadonyan iku perlu, sanajan aja nganti ngawur anggoné luru.
Bali menyang perkara asu mau, anyelku marang tangga sing dakarani wagu iku, ya kuwi ora gelem ndhidhik asuné supaya duwé trapsila. Paling ora, njegog iku aja nganti dadi hobiné asuné, banjur sawanci-wanci muni mbrebegi tangga sakiwa-tengené. Wis ora pisan-pindho, asu-asu iku mau padha koor ing tengah wengi. Kamangka, ora ana glibeté maling utawa wong ana sacedhaké kono. Dadi, njegogé tanpa alesan.
Yèn mangkono iku, sing dirugèkaké ora liya kajaba tanggané. Arep turu kebribènan asu nembang, nanging sing duwé kok ya ora énggal-énggal ngélikaké asuné supaya ora gawé ramé, malah kepara ngorok waé.
Sawijining dina, aku tau nggodha asu-asu kuwi. Njegog suwé tanpa alesan, najalari aku anyel. Apa manèh aku ngerti yèn sing duwé asu lagi waé mlebu omah. Aku gedruk-gedruk ana cedhak omah iku, banjur asuné muni-muni saya ndadi. Pinginku, sing duwé metu omah banjur ngélikaké aku, sebab aku wis cepak-cepak ukara kanggo nyatru. Ditunggu karo mbebéda asu, jebul wongé ora metu. Malah aku sing banjur dadi wagu.
Sanajan ora saben dina asu-asu iku mau njegog utawa nyanyi, nanging kanggoku tetep ngganggu. Sayangé, nèng Éndonésa durung ana kedadèyan wong kaya aku bisa ngaku dadi korban, banjur mulisèkaké sing duwé utawa ngingu asu kaya iku. Wediku, tiwas nyoba adu-adu nèng kantor pulisi, malah diwalik rembugé, apa manèh sing jenengé ukum nèng Éndonésa bisa dituku.
Wis, ah…. Dak trima-trimakaké sik waé. Yèn asuné isih seneng koor, apa manèh ing tengah wengi, aku arep lapuran Pak RT supaya nglurug sing duwé. Yèn tetep mbrengkélé, aku arep golèk silihan bedhil cèlèng. Sekali-sekali, njaluk tulung mimis karo ajar titis. Endhas asuné, arep dak toltis!!!
Related posts:
Tangga Tanpa Tepa Slira
Orkès Cangkem utawa Acapéla Padudon
Cegatan Déning Pulisi