Blontank Poer » bis

Sasmita Saka Lurung
Kesuwèn nèng njero bis sing lagi ngetèm, banget nganyelaké. Apa manèh kanggoné sopir sing kemaruk rejeki kaya bis Suharno sing daktumpaki, grèsèk penumpang sauwèn-uwèn ora nggagas yèn penumpang padha butuh énggal tekan parané. Kahanan ngono kuwi, mung ngélingaké marang wong-wong ndhuwuran nèng Jakarta kaé, sing dhemen ndhisikaké cukupé butuhé dhéwé tinimbang kuwajibané marang rakyaté.

Ning ya arep kepriyé, karepé papan lungguhan kudu kebak nganti tumekaning terminal Ngayogya, saéngga akèh turahan sing bisa didum kanggo tukon bumbon kulawargané sopir, kondhèktur lan kernèt. Sing mburu wektu iku wong liya, para penumpang. Yèn sopir saandhahané luwih butuh punjulan jatah setoran.

Nèng dalan, pancèn kaya ginaris duwé ukum dhéwé. Akèh jinisé kendharaan, saka pit montor, montor cilik lan montor-montor gedhé kaya truk lan bis. Mung bédané, bis paribasan Singa. Dadi raja, kabèh kudu ngalah yèn bis utawa Singa lagi butuh liwat. Sing ora gelem sumingkir bakal disasak. Bis kadya sasmitané kahanan: dumèh gedhé, banjur sakarepé dhéwé. Plek jèbles kaya adaté penggedhé-penggedhé kae.

Saliyané ukum cara ngalas, ukum kéwan uga digunakaké ing dalan. Asu gedhé menang kerahé. Sepisan manèh, iki ya padha persis karo donya politik saiki. Adu otot, lan adu seru babagan nggereng. Pamrihé, bakal olèh dum-duman lan setoran saka sing wedi utawa miyar-miyur ora teteg atiné (kaya presid***é dhéwé kaé).

Ayo, coba disawang bareng-bareng minggu ngarep sésuk. Sing paling seru mbengoké mesthi bakal padha gawé sanggit crita warna-warna, jalaran perkara Bank Cèntury ora padha dirampungi. Malingé sapa mesthi dadi ora cetha. Apa manèh, wong-wong utawa parté sing wis olèh janji bakal nglungguhaké mantri. Éh, menteri dhing….. (mantri iku tukang suntik, yèn menteri seneng olèh suntikan).

Yèn playuné perkara diserahaké marang pulisi, jeksa utawa KPK, luwih cetha parané. Pungkasané, waton ana tembung tan bisa tinemokaké bukti ruginé negara, kabèh rampung. Cuthel. Sing jenengé ukum kuwi ya ora adoh karo pinter-pinteré ngolak-alik tembung. Waton kétok nalar, rampung kabèh perkara. Sanajan mbésuké rakyat dadi gela lan kuciwa, paling ya mung pirang dina. Nyatané, awit biyèn sing jenengé politisi seneng apus-apus, partén uga sregep nyadhong setoran, nyatané isih padha gelem mèlu coblosan.

Bodhoné rakyat, klebu aku lan sira kabèh, ora gelem ngélingaké sedulur, kanca lan tangga teparoné, supaya nitèni politisi lan parté sing gawé susahé bangsa lan rusaké tatanan negara. Kamangka, yèn padha gelem ngèlingi kerep diapusi, banjur mènèhi piwales kanthi cara ora gelem milih, ya banjur padha wedi.

Pamaréntah ngendi waé mesthi wedi lan gigrig yèn nganti rakyat sing nekani coblosan mung sithik, apa manèh yèn nganti kurang saka separoné. Kanthi cara kaya ngono kuwi, dakkira bakal banjur padha gelem mikir lan tumindak ngati-ati. Paribasan nèng lurung utawa dalan gedhé, waton calon penumpang nitèni bis lan kelakuwané sopir, banjur ora gelem ngendhek utawa numpak, bakalé ya padha banjur ngati-ati, luwih ngajèni penumpang utawa rakyat.

Ayo, sapa sing wani ngono kuwi? Ngacuungg!!!!!

Related posts:

Sasmita Babé Nyiyak Abégé

Sasmita Udan Awu

Waspada Marang Copèt

Waspada Marang Copèt
Malem Jemuwah klebu sangad sing apik kanggo para copèt. Wanci panèn, kocapé. Mula, para kondhèktur sing apikan kerep ngélingaké para penumpangé supaya luwih waspada. Racaké kanthi cara nyedhaki penumpang banjur klesak-klesik ngandhani anané copèt ana ing njero bis. Kondhèktur wis apal polahé para copèt sing racaké munggah bareng-bareng, antarané wong loro tumekané papat-lima, malah ana uga sing luwih saka kuwi.

Kaya déné marang para copèt, kondhèktur uga apal, endi penumpang sing wis lengganan utawa penumpang anyaran sing nembé sepisanan numpak bisé. Bis saka Sala jurusan Semarang, umpamané, bakal ramé penumpang sapunjulé saka jam siji wengi. Sing padha numpak saka Tirtonadi utawa Kartasura, akèh-akèhé para bakul utawa wong sing bakal  nyambut gawé wiwit ésuk.

Malah, para lengganan biyasané wis padha wanuh siji lan liyané jalaran kerep bebarengan. Penumpang jinis iki uga apal saéngga bisa mbedakaké penumpang sing dianggep anyaran. Kaya sing dakrasakaké rikala aku isih seneng numpak sepur Argo Muria sing budhalé jam 5 saka Stasiyun Tawang, jalaran pingin tekan mBetawi ora kesuken nanging uga ora kawanen.

Wektu iku, ana kira-kira wong lima munggah bebarengan saka kulon protelon Pengging. Déné saka protelon kono, wis ana wong pitu sing nembé waé munggah bis.

“Sampéyan pindhah tengah, Mas. Aku dak lungguh ana pinggir waé,” mangkono ngendikane.

Aku durung sida nyauri, nanging ibu-ibu sing yuswané sewidakan taun iku mbacutaké ngendikane. Luwih lirih, nyedhakaké tutuké ana kupingku, “Sing lima iku rombongan copèt.”

“Wah..wah…Sregepé anggoné padha nyambut gawé!” ujaré ibu-ibu sing jebul dagang lanjon ana Pasar Karangayu iku.

Sing disapa mèsem, ngatonaké yèn wis padha wanuh rupa. Sajaké wong lanang bagus umur telung puluhan taun sing nembé dicelathoni iku sing mandhègani para copèt. “Amit mbokdhééé..,” ujaré priya mau. Blas ora nyujanani.

Dakrungokaké saka lakuné –ndilalah pada seneng nyèrèt sandhal, wong lima sing mentas munggah bis iku banjur padha misah, lungguhé plencar-plencar. Mung wong loro sing éthok-éthok jagongan supaya penumpang liyané ngira wong-wong mau pancèn penumpang biyasa, kaya liya-liyané, sing mung pinuju mbarengi munggahe sawisé padha antri nyegat bis sing bakal liwat.

Lungguh misah pancèn dadi cara paling lumrah, jalaran bisé ora kebak penumpang. Sapa sing kasil anggoné gogoh-gogoh banjur mènèhi kodhe marang liyané, supaya barang rampasan bisa dipindhahaké marang sing siji banjur menyang liyané. Yèn wis ngono, sing nggawa barang banjur mudhun dhisik, kanggo ndawakaké lacak, supaya yèn nganti ana sing alok kecopètan ora bisa mbuktèkaké pandakwané marang wong sing ana ing sakiwa-tengené.

Ewadéné kena ngapa para copèt padha milih malem Jemuwah, tur sawisé jam siji wengi, ora liya jalaran ana ing wayah ngono kuwi wanciné wong-wong padha nyukupaké laku tirakat. Warna-warna wujudé tirakat. Ana sing kungkum ana umbul Pengging nganti ngliwati lingsir wengi, ana uga sing melèkan awit soré, nepi ana tilas pesanggrahané raja ing Kraton Surakarta utawa ing makamé Éyang Yasadipura. Ora sithik uga sing nepi ana pesaréyané Kebo Kenanga, sing papané uga ora adoh saka Pengging.

Wong-wong sing mentas padha laku tirakat iku lumrahé banjur gampang keturon ana njeron bis. Sing padha kungkum, umpamané, mesthi luwi krasa sayahé, mula yèn wis olèh lungguhan banjur kaya diléla-léla lédhung, diteturu déning sumliré angin saka cendhélané bis. Yèn wis kaya mangkono iku, sapa waé bakal gampang ngorok sanajan turu karo lungguh.

Béda yèn wis kebacut padhang, nalikané bis kebak wong mangkat sekolah lan arep nyambut gawé kantoran utawa pabrikan. Kahanan penumpang sing padha ngadeg uyel-uyelan bakal diadhepi nganggo pola sing béda. Padha ngadegé, banjur ana sing embuh éthok-éthok tumindak piyé marang sasarané, bakuné keslimur banjur dompèté diulur saka kanthongan utawa tasé. Pokoké, akèh carané, sing pungkasané awujud pindhahé bandhané wong sing kelimpé.

Becik dimangertèni, ora mung bis-bis jurusan Semarang utawa Sala sing dadi sasaran. Bis-bis Sala-Purwodadi uga dadi papan inceran kanggoné para wong licik lan pinter sandiwara. Ana jalur iki, bakal akèh penumpang sing nyegat bis ana pinggir dalan, ing laladan Sumberlawang sawisé pada laku tirakat ana pesaréyané Pangèran Samodra.

Saben malem Jemuwah mesthi ramé, apa manèh Jemuwah Pon. Ora mung wong sing pingin nglakoni tirakat, nanging uga ora kurang sing saka sekawit wis diniyati arep nyambut gawé utawa malah mung arep seneng-seneng waé. Sing niyat nyambut gawé, ora liya kang daksebut kanthi aran kenya sekeca.

Kenya mangkéné padha grudukan teka kana padha manut marang téoriné ahli ékonomi, yaiku ukum ‘permintaan lan penawaran’. Sebab, ana keyakinan sing isih digugu tumekané saiki, yaiku wong sing bakal kasil tirakaté ana Gunung Kemukus, tlatahé Pangeran Samudra iku ora liya ya mung sing gelem padha laku sanggama marang wong liya, sing ora ana sambung-rapeté marang bebojoan.

Déné sing niyat mung arep seneng-seneng ana kana, racaké para priya sing njagakaké wanita-wanita sing niyat tirakat, lunga ijèn banjur golèk gathukan ana kana. Klop!

Sanajan kabèh mau dudu mujudaké laku sing bener lan becik, nyatané ‘kabudayan’ kaya mangkono wis njalari ngrembakané jinis penggawéyan asor, yaiku nyopèt. Dakkira, cacahé copèt bisa susut menawa wong-wong wis padha kapok tirakat. Bab kapané, ora ana sing ngerti. Apa manèh yèn nyimak crita-crita, jebul wong sing sekolahé dhuwur, para pinunjul, malah tumekané penggedhé-penggedhé republik, saka sing mapan ing mBetawi nganti ing ndhésa-ndhésa waé, nganti saiki jebul isih akèh sing seneng kungkum, merdhukun, nayuh keris lan jimat-jimat.

Harataya…….. Piyé, coba?!?

Related posts:

Ngalah Marang Kahanan

Sasmita Saka Lurung

Anyel Marang Pulisi

Nyegat Bis Jurusan Papua
Mbokmenawa, panjenengan kabèh durung ganep dadi Wong Sala utawa bisa diarani ngerti Sala, yèn durung tau ngerti wong jèntrèk- jèntrèk ngadhang bis jurusan Papua. Ora akèh-akèh banget, nanging penggemar bis kuwi popog waé cacahé. Diréwangi melèk nganti ésuk, wong-wong mau padha terus ngadhang, wedi yèn nganti ketinggalan. Yèn durung liwat, banjur padha mulih dhéwé-dhéwé lan dibalèni manèh ing dina-dina saterusé.

Dalan Abdulrachman Salèh pancèn ora sepira kondhang. Wong-wong Sala luwih seneng nyebut jeneng asliné, yaiku kampung Setabelan. Setabelan mangétan tumuju proliman mBanjarsari uga kawentar tumeka njaban kutha, ora liya uga jalaran akèhé wong-wong sing padha nyegat utawa ngadhang bis jurusan Papua. Mèh kabèh sing ngadhang iku para wanita. Racaké diwasa, sithik nemoni bocah sing isih cilik-cilik.

Embuh apa sing ndadèkaké kepincut lunga menyang Papua, nganti padha telatèn adhang-adhang. Kamangka, wong-wong Papua asli sing pancèn akèh sekolah ana ngaYogyakarta lan Salatiga, malah luwih seneng numpak kapal saka Tanjung Emas utawa Tanjung Perak. Sapérangan liyané malah wis padha milih numpak montor mabur.

Pancèn ana beneré, yèn ing Papua kana ana gunung emas sing ora mung nyugihaké keluargané PT Freeport nganti pitung turunan. Tentara lan pulisi Éndonésa sing melu njaga gunung uga kumanan sugihé, apa manèh jendral-jendralé. Aja manèh para penggedhé, tukang kosèk kali sing kanggo ngguwak lendhut gunungé Freeport waé isih bisa éntuk grèsèkan mas-masan sing aji limangatus ewu saben dina.

Nanging, wong-wong sing padha nyegat bis jurusan Papua mau ora pingin nyambut gawé ana Freeport. Saliyané akèh sing ora ngerti Freeport kuwi jinisé apa, wong-wong iku umumé ora duwé ijasah sekolah sing dhuwur. Umur uga wis padha ketuwan, tangèh bisa ditampa nyambut gawé ana kana.

Saben ditakoni arep ngapa menyang Papua, wong-wong mau ora ana sing gelem semaur. Racaké padha gèdhèg, banjur ngajak caturan liyané utawa gegojègan. Njaluk rokok wis dadi pakulinan sing lumrah. Kanggo nggampangaké srawung, jaréné.

Siji-loro sing gelem ngaku, jaré pinginé lunga menyang Papua iku mung saperlu luru bandha. Golèk dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga: tuku beras lan bumbon, uga nyekolahaké anak-anaké sing ragadé sansaya suwé sansaya larang. Ana sapérangan kepeksa nyambut gawé jalaran bojoné wis mati, ana sing alesan lanangé mlebu pakunjaran, nanging ya ora cèwèt sing blak-kotang pancèn seneng nyambut gawé sing jaréné pénak, nyenengaké lan ngasilaké.

Sing genah, ketlatènané wong-wong sing padha nunggu bis iku sing gawé gumuné wong akèh. Dina ganti dina, sasèn malah mataun-taun, tetep waé cacahé wong sing padha njgagakaké tekané bis mau.  Tur manèh, kabèh padha durung ngerti, nganggo AC lan orané bis iku. Banjur bakal pirang dina tekané Papua, uga ora digagas. Kamangka, numpak montor mabur waé bisa sedina sewengi suwéné, jalaran kudu lèrèn ngisi bahan bakar lan ngunggah-ngudhunaké penumpang ing pirang-pirang kutha sing diliwati. Lha yèn ngebis?!?

Dioyak rasa pingin ngerti, aku nyoba takon marang salah sawijiné wong wedok sing lagi lungguhan ana warung wedangan. Kudu diwanèk-wanèkaké tinimbang ora ngerti, mulané aku kudu krungu dhéwé saka critané wong-wong sing ana kana.

“Napa wonten bis jurusan Papua to, Bu?” pitakonku marang wong wadon sing umuré dakkira wis nyedhaki sèket.

“Bu! Wong kulit isih kenceng, rupané kaya ngéné kok diundang Bu. Mbok ngundangé mbak…. Mbak Éndang,” wangsulané kanthi kenès. Bullll……….! Peluk metu saka irung lan tutuké.

“Nyuwung pangapunten, Mbak… Pancèn wonten to, bis ingkang badhé mlampah dumugi Papua? Gèk kutah pundi Papuanipun?” ujarku.

“Mbiyak, Mas,” jawabé. Sansaya kemayu.

“Kok Mbiyak, to… Aja-aja Jayapura utawi Timika. Kutha Mbiyak niku mboten wonten,” aku ngèyèl. “Punapa ingkang dimaksud punika Biak, Bé.. I… A.. Ka..”

“Mbiyak, sanès Biak!” jawabé Bu, éh, Mbak Éndang.

Aku bingung. Sangertiku, ora ana kutha sing arané Mbiyak, nanging yèn Biak genah ana. Aku tambah ngerti yèn kutha iku ana sebabé nembé waé krungu, yèn salah sawijiné korban jigloké montor mabur Hèrculès ing Magetan wingi Panglimané Pangkalan Udara Sèktor Biak, almarhum Pak Harsono, priyayi Karangnongko, Klatèn.

“Mbiyak, Mas….Mbiyaaaakkkkkkkkkkkkk… Pripun, pingin mbiyak pripun. Mangga, mang mbiyak sayak kula! Mboten larang, kok,” ujaré Mbak Éndang.

Wooo…. Jebul tenan kandhané Pak Antok Yosoroto. Dhèwèké tau crita sing dakanggep guyon, wong-wong wédok sing nyegat bis jurusan Papua mau jebul duwé tujuan kutha sing padha: Mbiyak!

Mbiyak sayak jangkepé, kutha Mbiyak sasmitané. Bis ora teka ora dadi ngapa, sing penting ana siji-loro lanangan sing teka, ngancani kepet-kepet sinambi ngadhang tekané bis, bèn ora cengklungen, ora marakaké bosen. Sukur-sukur, ana sing ngajak mbukak kamar, bisa turon ora kétang mung sakjam-rong jam. Bisa éntuk sangu, kanggo tambahan jajan suk yèn wis sida munggah bis banjur mlaku menyang Papua.

Mulané, wong-wong wédok sing padha antri nyegat bis mau nyandhangé rata-rata mèh padha. Klambiné anti-sumuk, siji-loro malah mung nganggo kaos gondhil. Ana sing nganggo sayak, ana uga sing nganggo kathok dawa. Ambuné wangi-wangi sanajan lenga wanginé pasaran, ududé klepas-klepus ora nganggo lèrèn.

Versi terjemahan Bahasa Indonesia:

Menanti Bus ke Papua

Mungkin Anda belum pantas mengaku Wong Sala atau orang yang paham Kota Sala, jika belum menyaksikan orang-orang berjajar menanti bus jurusan Papua. Mereka tak terlalu banyak, tapi jumlahnya cenderung ajeg, itu-itu saja. Dibela melek hingga pagi, terus menanti, kuatir ketinggalan. Jika bus tak lewat, malam itu, paginya meeka pulang untuk kembali menanti di malam-malam selanjutnya.

Jalan Abdulrachman Saleh memang tak terlalu dikenal. Orang setempat lebih suka menyebut dengan nama kampungnya, Setabelan. Sepanjang jalan di kampung Setabelan ke timur hingga persimpangan lima Banjarsari itu sangat terkenal hingga luar kota. Tak lain lantaran banyaknya orang yang menanti kedatangan bus jurusan Papua. Kebanyakan perempuan dewasa. Jarang ada perempuan remaja.

Entah apa sejatinya yang membuat mereka tertarik pergi ke Papua, hingga setia dan sabar menanti. Padahal, banyak orang asli Papua yang bersekolah di Yogyakarta dan Salatiga, justru lebih suka naik kapal laut dari Pelabuhan Tanjung Emas atau Tanjung Perak. Sebagian lagi memilih naik kapal terbang.

Memang benar jika di Papua terdapat gunung emas yang tidak hanya memperkaya keluarga pemilik PT Freeport hingga tujuh turunan. Tentara dan polisi Indonesia yang berjaga di gunung itu pun kebagian kekayaan, apalagi para jenderalnya. Jangan kata orang-orang berpangkat, tukang kais penambang lumpur buangan dari gunung Freeport saja bisa mendapat sisa-sisa emas senilai lima ratus ribu setiap harinya.

Tapi, orang-orang yang setia menanti bus jurusan Papua itu ternyata tak ingin bekerja di Freeport. Selain pada tak tahu Freeport itu apa, kebanyakan mereka tak memiliki ijazah sekolah memadai. Usia juga telanjur tua, mustahil bisa diterima bekerja di sana.

Setiap ditanya mau apa ke Papua, orang-orang itu tak ada yang mau menjawab. Kebanyakan hanya menggeleng, lantas mengajak bercanda atau ngobrol yang lain. Meminta rokok pada lawan bicara sudah menjadi kelaziman. Untuk memancing keakraban, katanya.

Hanya satu-dua saja yang mau berterus terang, pergia ke Papua hanya sekadar mencari harta. Mengumpulkan uang untuk menghidupi keluarga: beli beras dan bumbu dapur, juga menyekolahkan anak-anak mereka yang kian mahal. Ada sebagian mengaku terpaksa bekerja lantaran ditinggal mati suami, ada yang bilang lelakinya masuk penjara, namun ada juga yang berterus terang ingin bekerja dengan enak, dan member hasil banyak.

Yang jelas, ketelatenan orang-orang yang menanti bus itu bikin orang geleng-geleng kepala. Hari berganti bulan hingga bertahun-tahun, orang-orang itu tidak tahu, apakah bus yang dinanti-nantikan itu ber-AC atau non-AC. Akan berapa lama sampai Papua, pun tak ada yang peduli. Padahal, jika naik pesawat pun nyaris sehari-semalam karena banyak transit di berbagai kota untuk menaik-turunkan penumpang.

Didorong rasa ingin tahu, saya mencoba bertanya kepada salah seorang di antara mereka sambil menyeruput minuman di angkringan. Harus memberanikan diri daripada tidak tahu, maka saya ingin mendengar langsung dari mereka.

“Apa ada bus jurusan Papua ta, Bu?” tanyaku kepada seorang perempuan, yang menurut taksiran mendekati 50 tahun.

“Bu?!? Orang kulit masih kencang, wajah seperti ini kok dipanggil Bu. Mbok memanggil dengan mbak…, Mbak Endang,” ujarnya, genit. Asap rokok pun mengepul dari mulut dan hidungnya.

“Maaf, Mbak…. Memangnya ada, ya, bus yang melayani trayek hingga Papua? Terus ke kota mana di Papuanya?” tanyaku.

“Mbiyak, Mas,“ jawabnya. Tambah genit saja.

““Kok Mbiyak, to… Jangan-jangan Jayapura atau Timika. Kota Mbiyak itu tak ada,” aku nekad. “Apa yang dimaksud Biak? Be…I…A…Ka..?”

“Mbiyak, bukan Biak!” jawab Bu, eh, Mbak Éndang.

Saya bingung. Setahu saya, tak ada kota Mbiyak, tapi Biak jelas ada. Saya merasa paham ada kota Biak, sebab jatuhnya pesawat terbang Hercule di Magetan, tempo hari, menewaskan Pak Harsono, orang Karangnongko, Klaten yang menjabat jadi Panglima Pangkalan Udara Biak.

“Mbiyak, Mas….Mbiyaaaakkkkkkkkkkkkk… Gimana, mau mbiyak gimana? Mangga, silakan mbiyak rok saya! Tak mahal, kok,” ujar Mbak Éndang.

Oo… Ternyata benar kata Pak Antok Yosoroto. Dia pernah cerita yang saya kira Cuma bercanda, bahwa para perempuan yang menanti bus ke Papua itu ternyata punya tujuan ‘kota’ yang sama: Mbiyak!

Mbiyak rok, tepatnya, nama kota hanya isyarat, sandi. Bus tak dating pun bukan soal. Yang penting ada satu-dua lelaki datang, menemani  kipas-kipas sambil menanti kedatangan bus, biar tidak ngelangut, tidak membosankan. Syukur-syukur ada yang mengajak buka kamar,rebahan barang sejam dua jam, bisa dapat  uang saku untuk tambahan uang jajan, jika kelak jadi naik bus, lantas membawa mereka ke Papua

Makanya, para perempuan yang rela antri menanti kedatangan bus rata-rata sama. Memakai baju antigerah, satu-dua malah pakai baju you can see. Ada yang mengenakan rok, juga ada yang bercelana panjang. Baunya wangi-wangi, meski dengan parfum pasaran, merokoknya pun tak pernah berhenti, terus mengepul.

Catatan: mbiyak (Jawa) berpadanan dengan menyingkap

Related posts:

Ajur Nyingkur Gus Dur

Internet untuk Papua

Sasmita Babé Nyiyak Abégé