Posts Tagged ‘ ceret ’



Nyencem Tèh

Apr 11th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Sinambi mlathoki pohung, simbok dadèn geni kanggo ngggodhog banyu. Keprungu saka kadohan swara krengkat-krengkèt adhiku ngangsu banyu, nimba ngganggo sénggot tuwa. Cèrèt blèk almoniyum dikebaki, banjur gagé-gagé diengkrengké ana sandhuwuré keren. Awit mbiyèn, Simbok rumangsa ora marem nggawé cenceman tèh yèn banyuné ora saka keren. Bathok-bathok sing disugokake simbok wis padha kobong, geniné ora mbulat-mbulat [...]



Wong Ndhésa Ngrembug Néolib

Jun 16th, 2009 | By | Category: Kasunyatan

Senthun lungguh dheleg-dheleg ana sejroning gubug. Omah-omahan saka pring kang diedegaké ana pojok sawah limalas taun kepungkur iku isih katon pengkuh, malah isih kuwat nyangga wong papat yèn para tani pinuju nunggu pariné. Mbiyèné dipayoni rapak, nanging wis limang taun diganti gendhèng jalaran wis kangèlan golèk godhong tebu dianam dadi payon. Sawahé bera, macul seprapat [...]