Blontank Poer » donga

Nyuwun Ngapura, Ya…..
Ana basané wong ndhésa sing dakkangeni. Lugu, momot pralambang, minangka donga. Saben riyaya utawa bakdan, dhésaku –uga dhésa-dhésa liyané, mesthi ramé. Akèh wong –mudha taruna, sepuh lan bocah, lanang utawa wadon- mubeng-mubeng, mlebu-metu omah siji lan sijiné. Paribasan kaya gabah diinteri.

Sing ora naté kétok padha jumedhul, sowan sedulur, kadang sepuh lan tangga teparo, padha ndonga memuji, kanggo siji lan sijiné. Ing antarané sing luwih anom marang sing sepuh, uga kosok-balèné, padha-padha ngobral donga, pengarep-arep, lan apura-ingapuran.

Sing luwih anom, kanthi salaman marang sing luwih sepuh, lumrahé matur sing kurang-luwihé mangkéné uniné:

Kepareng matur panjenenganipun, sowan kula ing mriki, sepindhah ngaturaken kabar kawilujengan kagem panjenengan….. ing salajeningipun kawula ngaturaken sembah bekti kawula dumateng panjenengan saha nyuwun sakagengipun pangaksami, mbokbilih kawula nggadhahi lepat, ingkang dipun sengaja utawi mboten, mugi Pangèran kersa maringi pangapunten dumateng kita sedaya. Amin.

Sabanjuré, sing sepuh banjur maringi jawaban.

Iya ya, Nggèr/Ndhuk…. Daktrima aturmu, sungkemmu marang wong tuwa. Semono uga, wong tuwa ya akèh luputé, ana klèra-klèruné tembung, aku njaluk ngapura. Muga-muga, Gusti Pangèran kersa nglebur dosaku lan dosamu ing dina riyaya iki, muga-muga padha diparingi kasarasan, kawilujengan, gangsar rejekiné lan apa sing dadi sedyamu, apa karepmu, muga kabèh panyuwunmu dikabulaké déning Pangèran. Mad-sinamadan, muga-muga menangana riyaya tahun ngarep…..

Ana donga marang Pangèran sing padha-padha kinucap, yaiku nyuwun bagas-waras, slamet, lan gangsar rejeki. Uga dadi sarana nglebur dosa, ikrar padha-padha nyuwun lan maringi pangapura.

Nanging, saiki jaman wis owah, nuruti ukum alam, yaiku generasi sing kudu gumanti. Simbah-simbah lan priyayi sepuh sing donga lan ngendikané nentremaké ati, wis suda jalaran yuswa lan kahanan. Ana sing wis netepi pepesthi tinimbalan déning Gusti, ana sing wis gerah-gerahan mula wis ora bisa paring donga, ular-ular lan wejangan. Sebab, saliyané ketemu lan tilik kabar keslametan, racaké dina riyaya dadi ajang réuni, bisa setaun pisan, bisa uga sing wis pirang-pirang taun ora naté ketemu.

Saiki, donyané wis sansaya maju. Akèh nom-noman sing patrap lan subasitané wis nalisir saka angger-angger, nggah-ungguhing tatakramané Wong Jawa. Ora bakal kurang kedadèyan sing marahi ngguyu, mèsem utawa trenyuh, ing sajroning halal bihalal, utawa tradhisiné Wong Jawa anggoné padha apura-ingapuran.

Bocah-bocah sing umuré las-lasan utawa kurang, akèh sing mung salaman banjur matur :

Nyuwun pangapunten nggih, Mbah, Pakdhe, Budhe, Lik, Mas…..

ana uga sing mung ngucap

Lair batin, ya…..

utawa,

Selamat Idul Fitri, Maaf Lahir dan Batin

Plek, jèbles, kaya uniné ukara ing kertu lebaran sing biyasané akèh didhasaraké ing kantor-kantor pos, toko buku utawa pinggir-pinggir dalan.

Wanci riyaya, saliyané dadi wektu kang becik kanggo nyuwun lan paring ngapura marang sapadha-padha titahé Pangèran Sing Maha Kawasa, kanggoku bisa dadi wanci kanggo introspèksi. Ora mung mawas dhiri, nanging uga nyawang remuké basa lan tatakrama Jawa, sing sansaya adoh saka kawula mudha.

Yèn wis mangkéné iki, banjur sapa sing kudu disalahaké?

Ora usah salah-salahan, ayo padha didandani sithik mbaka sithik. Sing tlatèn, aja gampang kapok banjur lèrèn. Nanging, mbokmenawa waé aku wis keladuk nyalahaké kahanan utawa wong liya, mumpung riyaya, aku nyuwun pangapura… Oke?

Related posts:

Mulih Kanggo Sungkem

Sadran

Adhang-adhang