Posts Tagged ‘ Jawa ’



Sasi Sura

Dec 17th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala

Tumrapé wong abangan, sasi Sura dianggep dadi wulan kang wingit. Mula padha ngati-ati, banjur ngakèhi lelaku. Racake, kanthi pasa mutih pirang-pirang dina, utawa pasa ngebleng, ora mangan sedina-sewengi, yèn perlu kanthi apati geni, semèdi ana njero senthong utawa kamar pribadi.
Tumrap wong-wong sing duwé barang piyandel, embuh kuwi awujud keris, cundrik, tumbak lan sapanunggalané, sasi Sura [...]



Nyuwun Ngapura, Ya…..

Sep 18th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras

Ana basané wong ndhésa sing dakkangeni. Lugu, momot pralambang, minangka donga. Saben riyaya utawa bakdan, dhésaku –uga dhésa-dhésa liyané, mesthi ramé. Akèh wong –mudha taruna, sepuh lan bocah, lanang utawa wadon- mubeng-mubeng, mlebu-metu omah siji lan sijiné. Paribasan kaya gabah diinteri.
Sing ora naté kétok padha jumedhul, sowan sedulur, kadang sepuh lan tangga teparo, padha ndonga [...]



Asalé Tembung LONTHÉ (2)

Sep 14th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras

* Bacutan saka tulisan Asalé Tembung LONTHÉ
Tembung lonthé, asliné netral. Ora béda karo tembung-tembung liyané, kayata pitik, bèbèk, sopir, guru, lan sapanunggalané. Dadiné ala, èlèk, ora pantes, kabèh iku jalaran wong-wong saiki wis padha dadi korbané éufemisme, ngalus-alusaké tembung. Sepisanan, karepé bèn sopan. Nanging suwé-suwé dadi nggladrah ora karuwan.
Kanggoku, iku cacat tinggalané Soeharto nalika dadi [...]



Mengapa Berbahasa Jawa

Sep 13th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Catatan Blontank Poer, Sastra, Sorot

Ada satu-dua teman bertanya, alasan saya suka menulis dengan Bahasa Jawa di Facebook atau blog (baik alamat lama maupun baru). Saya berseloroh begini: karena banyak orang Jawa kini tak bisa mengunakan bahasa ibu, walau lahir, tumbuh, dan besar di lingkungan Jawa, bahkan di Surakarta, yang diagung-agungkan sebagai centrum-nya kebudayaan Jawa.
Jangankan yang muda-remaja, saya pun masih [...]



Asalé Tembung LONTHÉ

Sep 13th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita saka Sala, Teras

Aja klèru ing pandakwa, irah-irahan tulisanku iki ora ana gegayutané karo pisuhan. Nanging, aku mung pingin crita, yèn udakara nem wulan kepungkur, aku ngobrol karo kanca, sarjana Sastra Jawa. Dhèwèké kandha, yèn wektu semana durung nemokaké saka ngendi mula bukané tembung ‘lonthé’ iku.
Kanca-kancané kanca sarjana mau, saben ditakoni malah padha éndha. “Wis ora usah caturan [...]