Baya Mungsuhi Cecak
Sep 25th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Cerita Lucu, Crita Basa Jawa, Gayeng Kiyi, Kasunyatan, TerasDhagelan paling kekel taun iki mung ana siji: baya sumbar, bengok-bengok ngécé, nantang cecak. Rumangsané, para cecak bakal wedi, gigrig ngadhepi kéwan sing awaké cringih-cringih kuwi. Sing luwih nggaplèki manèh, baya-baya kuwi duwé penganggep yèn cecak iku mujudaké sawijining jinis kéwan sing paling pantes dimungsuhi. Bola-bali baya bodho, ora éling ngendikané Bung Karno: Jas Mérah! [...]





