Blontank Poer » komandan

Anyel Marang Pulisi
Kemis Kliwon, 24 September watara tabuh 2 awan, kanca-kanca wartawan ribut. Padha misuh-misuh dhéwé, gemremeng, anyel marang tumindaké pulisi Dalmas sing rata-rata isin nom-nom, kaya durung suwé anggoné rampung pendhidhikan. Ujaré kanca-kanca kang anyel mau, para pulisi nom kuwi nggetak-nggetak wartawan sing lagi padha motrèt lan nyoting.

Embuh apa wegah kétok rupané utawa embuh apa karepé, pulisi-pulisi mau nyentak-nyentak, wartawan ora olèh nyedhak.

“Yen butuh waé ngajak-ngajak, yèn ora rumangsa ana butuh nggetak-nggetak! Ngono kok ngaku mitra…..,” ujar sawijining kanca.

Sing liyané mèlu nyaut, banjur ngandhakaké yèn galaké para pulisi mau kaya wektu njaga Dhésa Kepuhsari, wektu nggrebek teroris. Ndilalah wektu gègèran téroris kuwi, aku dhéwé mèlu ngadhepi pulisi nom-nom sing jebulé ora bisa diajak rembugan. Ngertiné mung tembung kuwasa: ini perintah komandan!

Critané, wektu kuwi ambulans sing ngusung mayit téroris arep liwat. Kanca-kanca tukang motrèt lan tukang nyoting arep ngrekam gambar. Karepé golèk panggonan ana pinggir dalan sisih kidul, nanging diusir kanthi alesan ngganggu liwaté iring-iringan anbulans.

Aku nyoba njelasaké yèn ana pinggir kono ora bakal ngganggu, apa manèh ana watu gedhé-gedhé sing bisa dadi wates. Ambulans ora bakal nerak watu, mula kanca-kanca wartawan ora bakal ngganggu. Kabèh padha bisa ngatur awaké dhéwé-dhéwé, amrih pada adilé. Jenengé waé pulisi nom durung pengalaman, bisané ya mung nggetak, mencereng lan nesu-nesu.

Wektu aku mbengok apa ora ana perwira ana kana ben bisa diajak rembugan, ééé… ana siji pulisi sing mliriki aku, mandeng rada suwé. Mbokmenawa niyat nitèni. Nanging aku ora urusan, yèn ana apa-apa, ya dakperkarakaké. Wong aku nyambut gawé uga linambaran ukum, tur ora ana niyat ganggu gawé.

Nanging kanggoku, kelakuan kaya ngono kuwi ya mung dakmaklumi. Paribasan sansaya akèh sing lucu-lucu trékahé, malah aku duwé sangu kanggo ngeblog, kaya sing daktulis iki. Sapérangan, bisa waé dadi gampang nesu jalaran kepanasen lan rumangsa wis nyambut gawé rada abot, sanajan isih ana siji loro sing pancèn duwé modhal kanggo kemaki, banjur pamèr siung. Wong ya isih nom-noman, lumrah yèn gampang nesu, sanajan tumindak kaya ngono kuwi klebu wagu.

Sing aku ora mudheng nganti saiki iku malah kedadèyan seminggu kepungkur. Wengi kuwi, aku sakanca mèlu kemruyuk wawancara marang Pak Kapolda Alex Bambang Riyatmojo, nakokaké kepriyé mbésuké, apa sing bakal dilakoni pulisi sawisé Noordin M Top tiwas, mati kebedhil ana Sala. Apa lan sapa sing kudu diwaspadakaké, sebab Noordin M Top kondhang pinter anggoné golèk bala lan gawé anthèk kan padha setya.

Aku nyebutaké, isih ana pirang-pirang nama sing awit jaman Bom Bali I taun 2002 wis katut klebu ana ing gerombolané téroris, nanging durung ketangkep tumekané saiki. Embuh dianggep apa lan kepriyé, ééé, Pak Kapolda kok malah ngelokaké mangkéné: jangan-jangan kamu mata-matanya mereka…

Dakbolan-baleni nerusaké takon, jawabané Pak Kapolda ora adoh saka kaya ngono kuwi. Sanajan nganggo mèsam-mèsem sajak sumèh, nanging iku isih marakaké ngganjel ana ing atiku. Nganti sepréné…..

Coba, kudu piyé yèn mangkéné iki: sing dhapukané anak buah padha galak ing tumindak, sing nyepuhi ngguya-ngguyu nanging ngendikané nylekit ngono kuwi, lha aku kudu piyé anggonku kudu ngajèni?

Gandhèng aku wong Islam, tur didhawuhi sabar marang ajaran agamaku, ya wis, dakdongakaké waé, nanging khusus Pak Kapolda énggal munggah pangkat lan pindhah ana Mabes kana. Muga-muga Pak Kapolda pirsa, ngendika kaya ngono kuwi ora becik, lan bisa marakaké ati dhekik. Yèn ora kersa njawab, cukup mèlu-mèlu wong-wong penting kaé, ngapalké basa Inggris mung rong tembung waé: no lan comment.

(Ngapurané, dongaku rada larang. Dadi yèn mung kanggo pulisi nom-noman mau, aku isih éman-éman….. Pak Alèx, mugi-mugi panjenengan énggal dados Kapolri, nggih. Sing sabar ngadhepi wartawan wagu kados kula….. Amin)

Cathetan/Pepéling: Saumpama anyel, tulung aja pisan-pisan nggebyah uyah marang lembagané. Sebab, kita butuh lembaga Kepolisian sing kuwat, apik, lan pulisi-pulisi jujur. Ya mung pulisi sing bakal bisa njaga lan njejegaké démokrasi lan jejegé undhang-undhang. Indonésia iku negara dhémokrasi, lan negara dhémokrasi iku ora liya kanggo mulyakaké adil lan makmuré bangsa.

Mula, ayo kita dhukung anané lembaga kepolisian sing apik lan kuwat, nanging aja wedi ngritik yèn pancèn meruh klèruné siji-loro apa sapérangan oknum sing bakal ngèlèk-èlèki lembaga kepolisian.  Ya iku sing diarani ‘partisipasi aktip’ (basané Or-Ba banget, ya?)

Related posts:

Cegatan Déning Pulisi

Pulisi Turu

Ngalah Marang Kahanan