Posts Tagged ‘ Kutha Sala ’



Peteng Kuthané, Padhang Atiné

Dec 23rd, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Nembé wengi iki, Jemuwah 23 Dhésèmber 2011 utawa Setu Legi, 28 Sura 1945, lurung gedhé Jl. Slamet Riyadi lan Jl Adi Sutjipto peteng dhedhet. Pabrik Setrum Negara (PLN) mutung, matèni lampu-lampu ing lurung utamané kutha Sala. Ujaré tetunggulé PLN, Pamaréntah Kutha Surakarta nunggak bayaran pajek listrik pepadhang dalan umum, watara wolung milyat rupiah gunggunge. Incimané [...]



Sapa Salah Bakal Sèlèh

Jul 1st, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita saka Sala

Sapa sing salah bakal sèlèh. Mangkono ujaré para pinisepuh, sing racaké penggalihé wis wening. Ngrungokaké ujaré Gubernur Bibit Waluyo sing ngabangaké kuping, kaya nalika nyebut Pak Jokowi iku walikota bodho, para sepuh mung mèsam-mèsem. Ngendikané nylekéthé: mbok sing waras kuwi ngalah waé. Waton dinengké waé, ora diglapé bakalé mingkem dhéwé. Jaré para sepuh, yèn diladèni [...]



Bibit Bebedan Babut

Jun 28th, 2011 | By | Category: Celathu Basa Jawa

Yèn uniné ora kepénak dirungokaké, anggepen waé nyandhing radio bubrah. Arep dibanting apa dikepruk watu, ya sakarepmu. Jenengé barang ora kanggo, becik diguwak kalèn yèn barang iku pancèn duwèkmu. Nanging yèn wujudé manungsa kaya Bibit Waluyo, sanajan ora pantes ngucap sapénak udelé dhéwé, ya aja diguwak kalèn. Ora prelu gumun, atasé gubernur nganti ngonèkaké bodho [...]



Kutha Sala lan Jokowi

Feb 17th, 2010 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Keliling Surakarta

Dina iki, jangkep 265 taun umuré Kutha Sala. Wong sakutha padha ngadani pèngetan tanggap warsa. Pemerintahé mèngeti kanthi upacara nganggo adat Jawa. Sing kakung beskapan, sing putri ngagem busana Jawi sapengadeg: jarikan, kebayak lan rikmané disanggul sasak. Dina iki uga, bakal dianakaké kirab Boyong Kedhaton, rékané napak tilas, éthok-éthok mènèhi gambaran pindhah-boyongané kulawarga kraton, saka [...]