Posts Tagged ‘ neolib ’



Nggathok Tèh

Oct 8th, 2009 | By | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras

Pancèn bener ngendikané para leluhur menawa urip iku luwih becik samadya waé. Saumpama ora èling pitutur becik kaya mangkono, mbokmenawa aku isih sangu tèh celup saben lelungan, kaya limang taun kepungkur. Wektu semana, aku mesthi nyimpen tèh melati weton Slawi sing edhisi celupan. Akèh-sithiké gumantung suwé-orané anggonku lelungan. Tèh celup kuwi mesthi dakwungkus plastik supaya [...]



Wong Ndhésa Ngrembug Néolib

Jun 16th, 2009 | By | Category: Kasunyatan

Senthun lungguh dheleg-dheleg ana sejroning gubug. Omah-omahan saka pring kang diedegaké ana pojok sawah limalas taun kepungkur iku isih katon pengkuh, malah isih kuwat nyangga wong papat yèn para tani pinuju nunggu pariné. Mbiyèné dipayoni rapak, nanging wis limang taun diganti gendhèng jalaran wis kangèlan golèk godhong tebu dianam dadi payon. Sawahé bera, macul seprapat [...]