Ngalah Marang Kahanan
Jan 2nd, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka SalaNgepasi malem tahun baru, nalika wong-wong pating dlidir ana dalan gedhé, aku malah kesusu mulih, pingin énggal tekan omah. Mudhun saka montor nunutan sing wis nggawa aku sakanca layat Gus Dur, aku banjur nganyang bécak ana ndhek-ndhekan bis Kertèn. Mathuk bayarané, aku banjur nyéngklak.
Ana ndalan, aku rasanan karo tukang bécak, sing banjur ngenalaké asmané, yaiku [...]




