Nyamikan Nggrawut-grawut
Feb 11th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Gayeng KiyiBengi kang regeng sajroning kantore sedulur kang mapan ing sakiwa-tengene Rumah Sakit Pertamina, Jakarta. Rembugan ngalor-ngidul, gojegan ora ana juntrungane salebare padha meeting, ngendikan wigati babagan kepriye carane bisa nambahi kagunan anyar ana jerohane barang kang kawastanan Nampan Ireng utawa Blackberry (yen mBah Basiyo, mesti bakal ngarani barang siji iki nganggo istilah beri saka blek). [...]





