Posts Tagged ‘ pulisi ’



Cegatan Déning Pulisi

Mar 18th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa

Sejatiné, aku ora mathuk yèn papriksan kendharaan déning pulisi diarani cegatan. Ora sreg, ora kepénak nèng rasa. Wis kuwajibané kita kabèh kudu nurut marang angger-angger lan njaga keslametan saben lelungan. Layang yang kudu komplit, kaca spion jangkep, lan hèlm kudu trep. Pulisi uga sadrema netepi wajib, perlu nganakaké papriksan saperlu ngélingaké sapa waé, aja nganti [...]



Dhuwit Cring

Dec 24th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Kasunyatan, Teras

Dhuwit cring wis rada ora kajèn wis awit biyèn. Bocah-bocah cilik ing ndhésa waé padha kléwa-kléwa yèn saben budhal sekolah disangoni nganggo dhuwit cring. Karepé dhuwit dluwang, sing kamangka wis ora ana dhuwit dluwang ijo gambar munyuk. Atusan abang, saliyané wis ora ana, pancèn ya wis ora aji.
Saumpama isih ana sing ngajèni, paling ya mung [...]



Cecak, Baya, Aligator…

Nov 9th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Rerasan, Teras

Gègèran utawa ontran-ontran baya angop ngécé cecak sajaké bakal rada suwé. Kanggoku, apa sing diramèkaké déning koran, tipi, radio lan internèt saiki nembé pemanasan. Korupsi proyèk radhio ana Départemèn Kehutanan durung ana amput-amputé yèn dibandhingaké marang potènsi korupsi Bank Century.
Malah, miturut pamawasku, saya ramé perkara rekaman tilpuné Anggodo (iki dudu seduluré Anila, lho. jaman wayang [...]



Kabar Ès Krim

Nov 5th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Teras

Wis pirang-pirang dina, Ki Demang mumet sirahé, rasané kaya-kaya arep njeblug poloné. Anak-putu, tangga teparo, sedulur lan kanca-kanca berjuangé padha kekejer ngiler njaluk ès krim. Kamangka, ès krim sing dijaluk mung ana siji, mèreké SukoDhuwitAji. Embuh kena apa gawé mèrek waé mokal-mokal. Suko saka tembung suka sing tegesé seneng utawa dhemen. Déné dhuwit aji iku, [...]



Anyel Marang Pulisi

Sep 24th, 2009 | By Blontank Poer | Category: Asal Usil, Celathu Basa Jawa, Crita Basa Jawa, Crita saka Sala, Jurnalisme, Kasus, Teras

Kemis Kliwon, 24 September watara tabuh 2 awan, kanca-kanca wartawan ribut. Padha misuh-misuh dhéwé, gemremeng, anyel marang tumindaké pulisi Dalmas sing rata-rata isin nom-nom, kaya durung suwé anggoné rampung pendhidhikan. Ujaré kanca-kanca kang anyel mau, para pulisi nom kuwi nggetak-nggetak wartawan sing lagi padha motrèt lan nyoting.
Embuh apa wegah kétok rupané utawa embuh apa karepé, [...]