Blontank Poer » Rapermen Konten

Matur Nuwun, Dik Roy
Lumantar tutuké Dik Roy Suryo, para panyengkuyung Paguyuban Tolak Permèn Kontèn sinebut kanthi aran Pak Ogah. Ora perlu padha isin utawa rumangsa dirèmèhaké déning Dik Roy Suryo. Kosok balèné, kita kabèh kudu bungah, déné Dik Roy Suryo wis naté gelem nggatèkaké piwulang budi pekerti lumantar pilem bonéka Si Unyil.

Kanggoné generasi pamirsa TVRI kaya aku iki, isih apik Dik Roy Suryo nyebut Pak Ogah kanggo wong liya sing (mbokmenawa) dianggep bodho, tinimbang ngarani kita kabèh nganggo jeneng-jeneng mungsuhé Satria Baja Hitam. Tur manèh, wong dhèwèké ya ora nganggep awaké kaya Sangaji, bocah pinter ana pilem Rumah Masa Depan.

Sing genah, anané Pak Ogah sing penggawéyané ngatur dalan-dalan ing Jakarta lan kutha-kutha gedhé kuwi jalaran ana sapérangan wong sing mbutuhaké. Nyatané, ana ing dalan-dalan ruwet lan sarwa macet, arang pulisi sing gelem jaga. Dadi, aja nyalahaké Pak Ogah dhisik yèn pulisi durung bisa nertibaké dalan.

Nanging, yèn ora trima marang dhèwèké, ayo padha nggunakaké idiom-idiom Si Unyil waé kanggo Dik Roy Suryo. Umpamané diparabi Ablèh utawa Cimot, adhiné Cuplis sing gundhul tur lucu kaé, ya ora papa. Yèn aku, malah seneng olèh sebutan Pak Ogah. Ora rekasa nyambut gawé, nanging bisa nglumpukaké cepèkan, dhuwit rècèh sing suwé-suwé bisa dadi akèh tur migunani.

Kaya wingi-wingi kaé, sing jaré keadilan kuwi larang regané, tuku perkara bisa nganti atusan yuta utawa milyatan, nanging ajiné kalah karo guyubé wong-wong sing nyisihaké dhuwit rècèh. Coba, sapa pengadil sing ora wirang marang gerakan dhuwit rècèh yèn tumindaké mung ngréwangi wong sing salah? Nyatané sing salah banjur sèlèh, mati kertuné kalah déning rècèh, ta?

Saliyané kuwi, kita kudu perlu padha luwih pratitis ing pamawas, ajar ngoncèki sasmita Pak Ogah kuwi. Kanggoku, ora mokal yèn kasunyatan iki pancèn wis dadi kersané Gusti Kang Murbèng Dumadi, kanggo nyelèkaké mripat kita sami, kena ngapa mbiyèn padha ngawur anggoné milih wakil rakyaté.

Tur manèh, sapa sing ngerti yèn jebul anané Dik Roy Suryo dadi anggota DPR iku pancèn kanggo nuduhaké menawa Partai Démokrat kuwi durung pinter anggoné milih wadya bala. Sapa ngerti, jan-jané anané Rancangan Peraturan Menteri babagan Kontèn Multimèdia lan UU ITE pancèn kanggo mbrangus utawa nyegati, supaya rakyat sing padha nggunakaké internèt ora kakèhan ngerti kurangé pemerintahan Demokrat sing wis kelakon saiki?

Coba yèn anané mung koran, sapa sing padha kuwat langganan yèn kanggo mangan waé padha kekurangan? Nonton tipi ya ora pati migunani wong isiné akèh-akèhé mung sinetron sing critané mung donyané wong kepénak lan seneng-seneng utawa pilem medèni kaya pocongan lan sapanunggalané. Ya, sapa ngerti, kabèh mau wis dadi garis pinesthiné saka Gusti Allah?

Bisa waé, ana rencana pemerintah saiki sing rapaté dilakoni kanthi dhedhemitan, gawé pranatan sing bisa nylametaké nama becik (nama baik), sing nyatané isih awujud cita-cita, minangka pengarep-arep. Mula, ayo padha mikir sing apik-apik waé. Nyatané, kanthi diwadani Pak Ogah, kita kabèh malah saya sengkut anggoné nuduhaké alané aturan-aturan, embuh kuwi ana UU ITE, RUU Tipiti, Rapermen Konten lan sapanunggalané.

Coba yèn Dik Roy Suryo pinteré kaya Sangaji, mesthi dhèwèké luwih ngati-ati anggoné nyimpen wadi. Yèn nganti kaya Sangaji, mesthi waé ora bakal gampang muni sakepenaké dhéwé. Tundhané, kita kabèh sing rugi, dadi ora ngerti apa rencanané pemerintah saiki anggoné pingin ngalang-alangi kebébasané rakyat kanggo ngluaraké uneg-unegé.

Aku percaya banget marang unèn-unèn kuna saka Latin kana: negara kang kebak korupsi, mesthi akèh gawé aturan kanggo rakyaté. Nah, babagan korupsi, kita kabèh wis padha ngerti. Malah, wong-wong manca nagari luwih mangertèni ana negara sing arané Éndhonésa mung saka rong perkara: siji Pulo Bali, sing nomer loro, ya kuwi mau, korupsi!

Related posts:

Sanggama Tuwuh Cilaka

Cegatan Déning Pulisi

Politisi Los Malethos