Cedhak Watu Adoh Ratu

Sepisanan ngambah lemah tlatah Genengsari, aku sakanca kaya ndara. Prasasat kabèh warga, klebu Pak Lurah sakulawarga, ngurmati kanthi luwih. Adang beras pulen, dimasakaké sop lan dibelèhaké pitik. Pokoké, mangan sarwa énak, sanajan saben dinané kadang-kadang désa kuwi arang mangan sega, luwih akèh muluk sega jagung lan pohung.

Wolung wong cacahé, nglakoni kuliyah kerja nyata (KKN) rong sasi suwéné, uripé dimulyakaké. Kabèh mau jalaran aku sakanca pada neneka saka Universitas Sebelas Maret sing mapan ana Kutha Sala. Ora perduli aku wong saka Klatèn lan kanca-kanca ana sing saka Sragèn utawa Kulonprogo, kabeh dianggep padha. Saka Sala, saking nagari.

Sinebut nagari, jalaran Sala iku kutha kang dadi papané ratu, kedhungé ngèlmu luhur tanah Jawi, apa manèh Surakarta iku trahé agung Sultan Agung sing gawé misuwuré Mataram. Mula ora mung ratu sakulawargané, sapa waé wong sing mapan ana Kutha Sala mèlu kena sawabé ratu, dadi wong-wong agung kang pinilih, sarwa luwih. Klebu ing antarané iku, ya aku sakanca mau, para mahasiswa, sing bakalé mimpin nagara.

Alam pikiré wong ndésa pancèn kaya mangkono. Pak Lurah sing mbiyèné kondhang dhugdhèng, seneng gelut lan menangan, kerep tirakat saben malem Jemuwah utawa malem Selasa Kliwon, bisa teluk déning aku. Kamangka, aku mung crita nggedebus, duwé akèh kanca nakal lan gentho cilik-cilikan ana Sala, lan sithik-sithik bisa crita babagan olah kanuragan.

Jaré Pak Lurah, aku titis maca kahanan, nggathukaké ngèlmu Jawa lan ilmuné wong sekolahan. Kamangka aku mung sregep maca majalah lan koran-koran sadurungé dakideraké menyang para lengganan, banjur kanggo bahan caturan sinambi lèk-lèkan ana latar saben bengi.

Jaré Pak Lurah, begja aku urip ana kutha. Cedhak ratu, banjur akèh ilmu. Déné dhèwèké, urip ana ndésa kluthuk malah kepara nggunung sing sakiwa-tengené diubengi alas Kayu Putih. Weruh montor liwat dalan aspal mung sepasar pisan, nalika padha lunga menyang pinggir kuthané Purwodadi, saperlu blanja kanggo kebutuwané saben dina, utawa mipik klambi, sarung utawa srandhal, sing mung bakalé dianggo yèn nekani wong mantu, sing durung mesti telung sasi sepisan.

Ratu sing mapan ing nagari katon suci, bisa ngayomi lan ngayemi rakyaté. Dikirané, kraton isih dadi kiblaté wong satanah Jawa. Alusé tembung lan rembug dikira padha olèh saka kraton. Ora padha ngerti yèn ing kasunyatan, ora akèh wong Sala sing srawung karo punggawa, nayaka, apa manèh para bandara utawa ratuné Kraton Surakarta.

Pak Lurah malah kagèt nalika aku crita yèn para bandara ora sithik sing dhemené sithik-sithik misuh, muni ala marang para abdi dalem sing tulus leladi sedina-dina, rina lawan wengi. Para bandara rumangsa kuwasa, bisa nemtokaké abang-ijoné kawulané tanpa mulat menawa ing jaman saiki wis ora bisa piya-piyé marang kawulané. Bandha paribasan ora mingsra kajaba lemah sajroning bètèng lan pusaka. Pemetuné ya wis ora ana, malah kanggo ngrumat bandha sing dadi pusakaning uripé para bandara disubsidi déning nagara.

Pancèn, tumrapé laku budaya, kraton isih dianggep dadi kiblaté kanggo solah bawa. Nanging kabèh mau mung karana isih ana turahan prabawa tinggalané para raja jaman semana, jaman kuna-makuna. Paling kèri, moncèré kraton jaré para lantip mung ana jamané Pakubuwana X. Sawisé mardika, nalika kraton wis dadi pérangané Indonésia, prasasat kabèh entèk, kajaba ing donya kebatinan kan cedhak laku klenik.

Adegé kraton surut sawisé tininggal déning Pakubuwana Kaping Rolas sing naté duwé aran Pangèran Mardika. Anané raja kembar kaya dadi sranané miyak wadiné jeron bètèng, sing mauné katon luhur misuwur, banjur ajur sumyur mangawur-awur.

Mula, nalika ana bocah wadon sing aran Julia Pèrèz oleh ‘kanugrahan’ drajad Nimas Ayu Tumenggung saka Pakubuwana ‘Bei’ Telulas, donya njaban bètèng gègèr, sajak ora narimakaké. Julia Pèrèz alias Jupé dianggep ora pantes oleh drajad anyar, jalaran digothak-gathukaké marang solah tingkah saben dinané. Sing dhemen urip seneng-seneng kebak gebyar, urip nganggo carané Landa, sawayah-wayah bisané mung pamèr dawa lan ambané payudara.

Para bandara kraton banjur dianggep sawenang-wenang anggoné peparing drajad lan pangkat tanpa mulat labu labeté marang kraton lan kabudayan Jawa.

Pak Lurah Genengsari sing uripé ung cedhak watu, mbokmenawa uga banjur éling nalika nyawang tipi lan pawarta ngenani gonjang-ganjing peparing drajad kaya mangkono iku. Tuladha saka Kutha Sala ora kaya sing ana jeroning rasa lan pangira-irané dhèwèké sakanca lan para warga. Becik urip adoh ratu, nanging saben mlaku ora naté kesandhung watu.