Cedhak Watu Adoh Ratu
Jul 17th, 2010 | By Blontank Poer | Category: Celathu Basa JawaSepisanan ngambah lemah tlatah Genengsari, aku sakanca kaya ndara. Prasasat kabèh warga, klebu Pak Lurah sakulawarga, ngurmati kanthi luwih. Adang beras pulen, dimasakaké sop lan dibelèhaké pitik. Pokoké, mangan sarwa énak, sanajan saben dinané kadang-kadang désa kuwi arang mangan sega, luwih akèh muluk sega jagung lan pohung. Wolung wong cacahé, nglakoni kuliyah kerja nyata (KKN) [...]





