Posts Tagged ‘ udud ’



Layang Pamit

Oct 21st, 2010 | By | Category: Crita Basa Jawa

Wis pirang-pirang dina, cahyané Mas Yuda wis ora sumunar, ora sumringah kaya biyèn rikala isih dadi wong lumrah. Mangan bisa ing sadhéngah papan, bisa ijèn kanthi klosotan anèng klasa mendhong, utawa slonjoran karo ngeluk geger. Udud uga bisa klepas-klepus, nyandhang uga bisa sakarepé. Babagan nyandhang mlithit, wis awit nom-nomané. Dhasaré lair kalung usus, nyandhang lan [...]



Opèn-opènané Pak David

Jun 12th, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Swara gedebag-gedebug kaya ora keprungu, kuping rasané buntet. Semono uga swara gendhing techno mung krasa pecicat-pecicit. Mataku mung tumuju marang polahé disc jockey sing kenès, njogèd mégal-mégol. Udelé katon mlekèk, kaosé gondhil tur cendhak, marakaké isisé kèlèk. Mata rasané nganti mecothot kaya pingin mlumpat. Para nom-noman, lanang-wadon, pating dlajig. Sirahé gèdhag-gèdhèg. Wong tuwa-tuwa uga ora [...]



Nyegat Bis Jurusan Papua

May 22nd, 2009 | By | Category: Waton Ngablak

Mbokmenawa, panjenengan kabèh durung ganep dadi Wong Sala utawa bisa diarani ngerti Sala, yèn durung tau ngerti wong jèntrèk- jèntrèk ngadhang bis jurusan Papua. Ora akèh-akèh banget, nanging penggemar bis kuwi popog waé cacahé. Diréwangi melèk nganti ésuk, wong-wong mau padha terus ngadhang, wedi yèn nganti ketinggalan. Yèn durung liwat, banjur padha mulih dhéwé-dhéwé lan [...]